Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Petrus 2 >> 

1Kaya déné dhèk biyèn nabi-nabi palsu padha jumedhul ana ing antarané umaté Gusti Allah, mengkono uga mbésuk bakal ana guru-guru palsu padha jumedhul ing antaramu. Wong-wong mau bakal padha nylundupaké piwulang-piwulang penasaran sing gawé rusak. Wong-wong kuwi bakal nyélaki Gusti sing wis nebus dhèwèké, lan srana mengkono nekakaké karusakan sing ora kenyana-nyana marang awaké dhéwé.

2Éwasemono akèh wong sing bakal kèlu marang pamursalé guru-guru mau. Malah merga saka penggawéné wong-wong kuwi Dalaning Kayektèn bakal dicecamah.

3Merga saka srakahé guru-guru palsu mau bakal padha ngudi golèk kauntungan saka kowé srana crita-crita sing diothak-athik dhéwé. Wong-wong mau pancèn wis suwé enggoné arep diadili. Panjenengané kang bakal nyirnakaké wong-wong mau wis samekta.

4Gusti Allah ora ngéman karo malaékat-malaékat sing padha gawé dosa, lan padha kacemplungaké ing nraka. Ing kono malaékat-malaékat mau padha diranté ing panggonan sing peteng, nunggu nganti tekané Dinaning Pengadilan.

5Gusti Allah ora nguwalaké jagad ing jaman kuna saka paukuman, nanging nekakaké banjir gedhé kanggo numpes wong-wong duraka. Sing dislametaké mung Nabi Nuh, sing martakaké pangandikané Gusti Allah, lan wong pitu liyané.

6Mengkono uga Gusti Allah nyirnakaké kutha Sodom lan Gomora srana geni, minangka pepéling marang wong sing arep nindakaké pamblasar.

7Nanging Gusti Allah nylametaké Lot, wong mursid, sing pegel atiné ngrasakaké kelakuané wong-wong sing padha ora preduli marang dhawuhé Gusti Allah.

8Wong mursid mau urip ing satengahé lan sedina-dina ndeleng lan krungu pretingkahé wong-wong sing padha mblasar, satemah atiné sing mursid presasat kasiksa.

9Kaya mengkono Pangéran pirsa carané ngentasaké wong mursid saka ing panyoba sarta carané nyadhangaké wong duraka marang paukuman ing Dina Pengadilan,

10luwih menèh wong sing padha nuruti hawa-nepsuning dagingé sing jember, lan ngrèmèhaké marang pangrèhing Gusti Allah. Guru-guru palsu kuwi padha sembrana lan angkuh. Padha ngrèmèhaké, malah nyenyamah marang titah-titah mulya sing ana ing swarga.

11Mangka para malaékat dhéwé senajan kasektèn lan pangwasané luwih gedhé ketimbang karo para guru-guru palsu mau, ora nggugat titah-titah mau nganggo tembung panyenyamah ana ing ngarsané Pangéran.

12Nanging wong-wong iki padha tumindak klawan hawa-nepsuning daging kaya kéwan galak sing uripé mung supaya dijiret lan dipatèni. Wong-wong kuwi padha nyenyamah marang kang ora padha disumurupi, mulané bakal padha disirnakaké kaya kéwan-kéwan galak mau.

13Yakuwi bakal kasiksa merga enggoné wis nyiksa marang liyan. Wong-wong mau senengané yèn awan padha nglakoni apa waé kanggo ngumbar hawa-nepsuné. Rak ngisin-isinaké banget saupama wong-wong mau padha bebarengan mangan karo kowé, mangka padha ora kendhat nuruti hawa-nepsuné kang sarwa jember.

14Padha ora bosen-bosen gawé dosa lan senengané mandeng wong wadon merga rasa kepéncut. Lan wong sing ringkih imané padha dibujuk. Wataké wis kulina srakah. Pancèn dhasar wong sing kena ing ipat-ipat!

15Sarèhné wis padha ninggal dalaning kabeneran, mulané padha kesasar. Padha nganut dalané Biléam anaké Béor, sing seneng nampa opah tumrap penggawé-penggawéné sing ala.

16Nanging Biléam banget enggoné kawelèhaké merga tumindaké sing ala mau, yakuwi nalika kuldi sing ora bisa guneman banjur celathu kaya manungsa lan nyegah penggawéné nabi sing ora waras mau.

17Guru-guru palsu mau kaya sumber-sumber sing asat, lan kaya méga sing kabur katut ing prahara. Gusti Allah wis nyedhiakaké panggonan sing peteng dhedhet lelimengan, sing nggegirisi banget kanggo wong-wong mau.

18Awit wong-wong mau padha ngucapaké tetembungan sing kumenthus tanpa isi, sarta mbebujuk wong sing lagi waé luwar saka ing kalangané wong-wong sing uripé kesasar, nganggo tembung sing nenangi hawa-nepsuning daging.

19Guru-guru palsu mau padha janji ngluwari wong-wong, mangka dhèwèké dhéwé padha dadi baturé pakulinan sing ngrusak manungsa, awit wong sing ditelukaké déning apa waé, kuwi dadi baturé sing nelukaké mau.

20Yèn wong wis wanuh karo Gusti lan Juru Slamet kita Yésus Kristus lan srana mengkono luwar saka jejembering donya, mangka banjur tiba menèh ana ing jejember mau, kuwi wekasané alané ngluwihi sadurungé.

21Luwih becik saupama wong mau ora ngerti pisan marang dalaning kayektèn, ketimbang karo ngerti nanging ora ngèstokaké dhawuh-dhawuh sing kaparingaké déning Gusti Allah.

22Kaanané wong-wong kuwi nocogi uniné paribasan sing mengkéné: "Asu mbalèni utah-utahané, sarta babi kang wis diedusi bali menèh menyang combéran."



 <<  2 Petrus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel