Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 25 >> 

1Sawisé mengkono Zedekia mbrontak marang Nebukadnésar, raja Babil. Mulané nalika tanggal sepuluh, sasi ping sepuluh, taun ping sangané Zedekia jumeneng raja, Nebukadnésar karo tentarané kabèh budhal nyerang Yérusalèm. Banjur padha pasang kémah ana ing sanjabané kutha Yérusalèm, lan ngedegaké témbok ngubengi kutha mau.

2Enggoné ngepung nganti taun ping sewelasé pepréntahané Zedekia.

3Ing taun kuwi tanggal sanga, sasi ping pat, rakyat wis ora duwé pangan babar-pisan.

4Dhèk semana mungsuh mbedhah témboké kutha. Benginé, senajan kuthané wis dikepung déning mungsuh, Sang Prabu lan tentara Yéhuda lolos, mlayu menyang Lebak Yardèn. Enggoné metu liwat gapura ing selané témbok loro cedhak ing petamanané Sang Raja.

5Nanging Raja Zedekia dioyak lan dicekel tentara Babil ana ing ledhokan Yérikho. Raja Zedekia ditinggal déning tentarané kabèh,

6banjur digawa déning tentara Babil ing ngarsané Raja Nebukadnésar ing kutha Riblah, lan diukum.

7Putra-putrané padha disédani ana ing kono. Sawisé mengkono, Raja Zedekia tingalé dicukil, banjur diblenggu digawa menyang Babil.

8Nalika tanggal pitu, sasi lima, taun sangalasé pepréntahané Nebukadnésar ing Babil, Nebuzaradan penaséhat lan panglimané Raja Nebukadnésar teka ing Yérusalèm.

9Pedalemané Allah nuli diobong déning Nebuzaradan, mengkono uga kedhatoné, lan omah-omahé para pengarepé masarakat ing Yérusalèm.

10(25:10-11) Tentarané Nebuzaradan nggempur témbok-témboké kutha. Sawisé mengkono wong kabèh sing isih kari ing Yérusalèm banjur diboyong menyang Babil, yakuwi para tukang ahli sing isih kari, malah uga wong sing wis padha mèlu dadi balané wong Babil.

11(25:10)

12Nanging isih ana wong sawetara sing miskin banget; wong-wong kuwi olèh tetep manggon ing kono, dikon nggarap kebon anggur lan pategalan.

13Tugu-tugu prunggu lan kréta-kréta sing ana ing Pedalemané Allah, semono uga bak prunggu, kabèh diremuk déning wong Babil, nuli prungguné digawa menyang negarané.

14(25:14-15) Barang-barang liyané sing digawa kayata piranti sorok, wadhah awu mesbèh, bekakas-bekakasé lampu, panci-panci wadhah getihé kéwan sing disembelèh kanggo kurban, piranti-piranti sing kanggo ngobong menyan lan barang-barang prunggu liyané sing kanggo ngibadah, barang mas-masan lan slaka, klebu uga panci-panci liyané lan anglo, sing diboyong déning Nebuzaradan.

15(25:14)

16Barang-barang prunggu, yasané Sang Prabu Suléman kanggo Pedalemané Allah, yakuwi tugu prunggu loro, kréta-kréta lan bak gedhé, sing saka aboté nganti ora kena ditimbang.

17Tugu prunggu mau gedhéné padha; siji-sijiné dhuwuré wolung mèter. Ing ndhuwuré tugu ana jembangan, sing dhuwuré 1,3 mèter. Jembangan mau diubengi nam-naman sing dihias nganggo rerékan woh dlima saka prunggu.

18Kejaba saka kuwi Imam Agung Seraya iya ditawan déning Nebuzaradan, semono uga Séfanya, imam pembantu, wong telu sing njaga lawangé Pedalemané Allah,

19wong lima sing dadi penaséhat pribadiné Sang Prabu, sing isih padha ana ing kutha; panglima, wakil panglima sing ngurus administrasiné tentara lan penggedhé liyané sewidak.

20Wong-wong mau kabèh sawusé ditangkep déning Nebuzaradan banjur digawa menyang ngarsané Raja Nebukadnésar, ing kutha Riblah,

21daérah Hamat. Ana ing kana wong-wong mau dipecuti, banjur dipatèni. Mengkono carané wong-wong Yéhuda olèhé diboyong saka negarané menyang tanah pembuwangan.

22Sawisé mengkono Raja Nebukadnésar ngangkat Gedalya bin Ahikam, bin Safan, dadi gubernur ing Yéhuda, mréntah wong-wong sing isih padha ana ing kana.

23Nalika para perwira lan prejurit Yéhuda sing durung padha nyerah marang Babil, krungu bab pengangkatan mau, banjur padha nemoni Gedalya ing Mizpa. Perwira-perwira mau yakuwi: Ismaèl bin Nétanya, Yohanan bin Karéah, Seraya bin Tanhunèt saka kutha Netofa, lan Yézanya saka kutha Maaka.

24Gedalya ngandhani wong-wong mau mengkéné, "Kowé ora susah wedi karo para punggawané raja Babil. Manggona ing negara kita kéné lan dadia kawulané raja Babil. Keslametanmu aku sing nanggung."

25Nanging bareng sasi kapitu taun kuwi Ismaèl bin Nétanya lan putuné Élisama, sing isih turuné raja, budhal menyang Mizpa, nggawa kanca sepuluh, wong-wong mau padha nyerang lan matèni Gedalya, sarta wong Yéhuda lan wong Babil sing mèlu Gedalya.

26Rakyat Yéhuda kabèh, gedhé cilik, karo para perwira kabèh banjur padha mlayu menyang tanah Mesir, merga wedi karo wong Babil.

27Nalika tanggal pitulikur, sasi rolas, taun ping telung puluh pitu sapungkuré Yoyakhin kaboyong ing pembuwangan, Éwil-Merodakh jumeneng raja ing Babil. Ing taun kuwi uga Sang Prabu tuwuh welasé marang Yoyakhin. Yoyakhin banjur diluwari saka pakunjaran,

28sarta direngkuh klawan becik. Yoyakhin diparingi pangkat luwih dhuwur ketimbang karo raja-raja liyané sing dibuwang ana ing Babil.

29(25:29-30) Yoyakhin wis ora nganggo sandhangan tawanan menèh. Dhaharé ana ing kedhaton lan diparingi dhuwit kanggo nyukupi kebutuhané.

30(25:29)



 <<  2 Raja-raja 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel