Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 3 >> 

1Nalika Yosafat enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak wolulas taun, Yoram, putrané Akhab, wiwit jumeneng raja ing Israèl, dedalem ing Samaria. Lawasé jumeneng raja rolas taun.

2Yoram ora mbangun-turut marang Allah, senajan ora nganti kaya dosané wong tuwané, yakuwi Akhab lan Izébèl. Reca-reca sing digawé déning ramané kanggo nyembah Baal dirusak.

3Nanging ora béda karo Raja Yérobéam bin Nébat, Yoram uga tansah njalari Israèl gawé dosa.

4Mésa raja Moab, sugih raja-kaya. Saben taun Mésa mbayar pajeg marang raja Israèl rupa wedhus gèmbèl lanang 100.000 lan wuluné wedhus gèmbèl lanang 100.000.

5Nanging sasédané Raja Akhab, Mésa mbrontak marang raja Israèl.

6Mulané Raja Yoram miyos saka Samaria lan mriksa angkatan perangé.

7Yoram utusan marang Raja Yosafat ing Yéhuda, didhawuhi matur mengkéné, "Raja Moab mbrontak dhateng kula. Panjenengan kersaa mbiyantu kula merangi raja Moab." Wangsulané Raja Yosafat, "Inggih, kula purun. Kula badhé dhateng mbekta bala kula sarta prejurit jaranan.

8Kita badhé nyerang saking pundi?" Wangsulané Raja Yoram, "Medal ara-ara samun Édom."

9Raja Yoram banjur budhal, bebarengan karo raja Yéhuda lan raja Édom. Sawisé ana ing dalan pitung dina padha kentèkan banyu, mula bala jaranan lan kéwan-kéwan sing nggawa momotan padha kasatan.

10Pangandikané Raja Yoram, "Wah, cilaka kita. Allah badhé ngulungaken kita tetiga ing tanganipun raja Moab!"

11Raja Yosafat ndangu, "Menapa ing ngriki wonten nabinipun Allah, ingkang saged nglantaraken kita nyuwun pitedahipun Pangéran?" Ana perwirané Raja Yoram munjuk, "Élisa bin Safat wonten ing ngriki. Piyambakipun rumiyin dados pembantunipun Nabi Élia."

12Pangandikané Raja Yosafat, "Leres, Gusti Allah ngandika lantaran piyambakipun." Raja telu mau banjur padha nemoni Nabi Élisa.

13Nanging Nabi Élisa matur, "Kula mboten badhé mitulungi panjenengan." Wangsulané Raja Yoram, "Mboten, mergi ingkang badhé ngulungaken kula tetiga ing tanganipun raja Moab menika Gusti Allah."

14Aturé Nabi Élisa, "Demi asmaning Allah ingkang gesang, ingkang kula bektèni, menawi mboten krana Raja Yosafat, ingkang kula hurmati, kula mesthi mboten preduli dhateng panjenengan.

15Samenika kula aturi ndhatengaken tukang clempung mriki." Bareng tukang clempung ngunèkaké clempungé, Nabi Élisa katedhakan déning Rohé Allah,

16banjur ngandika mengkéné, "Gusti Allah dhawuh: ‘Gawéa kalèn sing akèh ana ing ledhokan kéné.

17Senajan ora ana udan ora ana angin, nanging ledhokan kéné bakal kebak banyu, nuli kowé, balamu lan kéwan-kéwan bakal bisa ngombé nganti wareg.’"

18Nabi Élisa matur menèh, "Menika sedaya prekawis sepélé kagem Gusti Allah. Gusti Allah malah badhé ngulungaken ugi tiyang-tiyang Moab dhateng panjenengan.

19Sedaya kithanipun ingkang éndah sarta kaubengan ing bètèng bandhé panjenengan gempur. Sakathahing wit-witanipun badhé panjenengan tegor, sedaya etuk badhé panjenengan pepeti lan sedaya pasitènipun ingkang loh badhé panjenengan risak srana kasebaran séla."

20Ésuké, ing wektuné saos kurban ésuk, ana banyu mili saka peneré tanah Édom ngebaki kalèn-kalèn mau.

21Bareng wong-wong Moab krungu yèn raja telu mau padha nglurugi perang, wong kabèh gedhé cilik, tuwa enom sing bisa migunakaké gegaman, dikerigaké lan dipapanaké ing tapel wates.

22Ésuké, bareng wong Moab tangi turu, srengéngéné nyoroti banyu ing kalèn-kalèn nganti katoné abang kaya getih.

23Kandhané wong-wong mau, "Kaé mesthi getih! Tentarané raja telu, mungsuh kita, kuwi mesthi padha bentrok dhéwé lan patèn-patènan! Ayo padha ngrampog kémah-kémahé!"

24Nanging bareng wong Moab teka ing papan kono banjur diserang bala Israèl. Bala Moab mundur, nanging terus dioyak lan sing kecekel dipatèni;

25kutha-kuthané digempur. Saben sawah lan pategalan sing diliwati wong Israèl diuncali watu, nganti sawah lan pategalan mau kebak watu kabèh. Wong Israèl iya mepeti sakèhé etuk lan negori sakèhé wit sing metokaké woh-wohan. Mulané mung kari kutha Kir-Harèsèt, kutha krajané Moab, sing isih ngadeg. Kutha mau banjur dikepung lan dikrutugi watu déning bala sing nggawa bandhil.

26Bareng ngrumangsani yèn ora keconggah nglawan perang, raja Moab banjur maju karo prejurit pilihan pitung atus, sing ahli perang nganggo pedhang, arep mbobol nerjang barisané tentara Édom, nanging ora bisa.

27Mulané raja Moab mau banjur njupuk putrané mbarep, putra mahkota, digawé kurban ing dhuwur bètènging kutha, kanggo déwané wong Moab. Bala Israèl gila banget weruh kaanan mau, mula padha mundur saka kono, mulih menyang tanahé dhéwé.



 <<  2 Raja-raja 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel