Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 4 >> 

1Ing sawijining dina ana randhané nabi sowan marang Nabi Élisa, aturé: "Bapak, sémah kula sampun pejah! Bapak pirsa, bilih piyambakipun menika tiyang mursid, nanging gadhah sambutan dhateng tiyang. Samenika tiyangipun dhateng, badhé mendhet anak kula kalih-kalihipun kadadosaken réncang tumbasan, kanggé nglunasi sambutanipun sémah kula."

2Pangandikané Nabi Élisa, "Enggonku nulungi kowé carané kepriyé? Ana ing omahmu kowé duwé apa?" Aturé wong wadon mau, "Mboten gadhah menapa-menapa, kejawi lisah zaitun sebotol alit."

3Pangandikané Nabi Élisa, "Nyiliha saka tangga-tanggamu botol kothong sing akèh banget.

4Kowé lan anak-anakmu banjur mlebua ing omah, lawangé kancingen. Lenga ing botolmu mau banjur esoken ing botol-botol kothong; sing wis kebak dhèwèkna."

5Wong wadon mau banjur mulih. Satekané ngomah anak-anaké dikon mlebu lan lawangé dikancing. Botol cilik sing isi lenga zaitun mau banjur dijupuk, lengané diiling ing botol-botol kothong sing dicepakaké déning anak-anaké.

6Sawisé botol-botol mau kebak kabèh, wong wadon mau njaluk botol menèh. Nanging anaké mangsuli, "Sampun telas." Lengané ing botol cilik mau iya banjur mampet.

7Randha mau nemoni Nabi Élisa menèh. Pangandikané Nabi Élisa, "Lenga kuwi dolen kanggo nyaur utang-utangmu kabèh; déné turahané cukup kokenggo urip karo anak-anakmu."

8Ing kutha Sunèm ana wong wadon sugih. Ing sawijining dina nalika Nabi Élisa tindak mrana, diaturi dhahar ing omahé wong wadon sugih mau. Sebanjuré, saben tindak menyang Sunèm, Nabi Élisa mesthi pinarak lan dhahar ing omahé wong wadon mau.

9Wong wadon kuwi kandha karo sing lanang, "Kula yakin, yèn tiyang sing damelé mampir mriki nika abdiné Allah.

10Saéné gawé kamar cilik ing payon, di sukani dipan, méja, kursi lan lampu; kajengé piyambaké samasa mampir mriki saged sipeng."

11Ing sawijining dina Nabi Élisa rawuh ing Sunèm. Sawisé minggah ing kamaré arep ngaso,

12banjur utusan Géhazi, abdiné, didhawuhi nimbali wong wadon, sing duwé omah. Sawisé wong wadon mau teka,

13Nabi Élisa ndhawuhi Géhazi nakoni wong mau, "Takonana kepriyé carané enggonku males marang kabecikan lan kangèlané wong mau. Apa ana prekara-prekara sing prelu diaturaké ing ngarsané Sang Prabu utawa panglima angkatan perang." Atur wangsulané wong wadon mau, "Kula manggèn ing satengahing sedhèrèk-sedhèrèk kula piyambak lan mboten kekirangan menapa-menapa."

14Nabi Élisa banjur takon marang Géhazi, "Yèn mengkono kepriyé bisaku males kabecikané?" Atur wangsulané Géhazi, "Tiyang èstri menika mboten gadhah anak Pak, mangka sémahipun sampun sepuh."

15Pangandikané Nabi Élisa, "Wong wadon kuwi konen mréné." Sawisé wongé teka lan ngadeg ing ngarep lawang,

16Nabi Élisa ngandika mengkéné, "Taun ngarep, mangsa kaya iki, kowé wis bakal nggéndhong bayi lanang." Aturé wong wadon mau, "Pak, sampun gegujengan. Bapak rak abdinipun Allah!"

17Nanging apa sing dingandikakaké Nabi Élisa mau nyata. Taun candhaké, kira-kira padha karo wektuné nalika Nabi Élisa rawuh mrono, wong wadon mau duwé anak lanang.

18Bareng wis rada gedhé, nalika pinuju mangsa panèn, bocah mau ing sawijining dina nusul bapakné, sing lagi nunggoni wong-wong sing ngenèni gandumé.

19Dumadakan bocah mau celuk-celuk sambat marang bapakné, "Pak, sirah kula sakit!" Pangucapé bapakné marang réwangé, "Bocah kuwi gawanen mulih menyang enggoné ibuné."

20Bocah mau nuli digawa mulih, nanging soréné banjur mati.

21Bocahé nuli dibopong ibuné menyang kamaré Nabi Élisa, ing lotèng lan diturokaké ing dipan. Lawangé kamar ditutup menèh,

22banjur kongkonan wong ngabari sing lanang, "Mbok kula sampéyan kintuni réncang jaler setunggal kaliyan kuldi setunggal. Kula badhé énggal-énggal sowan dhateng Nabi Élisa, lajeng badhé énggal wangsul."

23Sing lanang takon, "Yagéné kesusu lunga. Iki rak dudu dina Sabbat lan dudu dina Riaya Sasi Anyar." Wangsulané sing wadon, "Mboten dados menapa."

24Sawisé lapaké kuldi dipasang, wong wadon mau kandha karo réwangé: "Kuldiné pecuten supaya mlayu sakatogé. Aja mandheg-mandheg yèn durung dakkon."

25Wong wadon mau banjur nyéngklak kuldiné lunga menyang Gunung Karmèl, dalemé Nabi Élisa. Saka kadohan Nabi Élisa wis pirsa wong wadon mau teka. Pangandikané marang Géhazi, "Delengen, kaé wong wadon Sunèm mréné!

26Énggal pethuken, takonana kepriyé kabaré bojo lan anaké." "Wong wadon mau kandha karo Géhazi yèn kabèh padha slamet."

27Nanging bareng tekan ngarsané Nabi Élisa banjur jèngkèng ngrangkul sampéyané. Géhazi arep nyingkiraké wong wadon mau, nanging dipenging karo Élisa, "Nengna waé! Wong kuwi lagi susah banget. Nanging Pangéran kokora ngandika apa-apa karo aku!"

28Aturé wong wadon mau, "Pak, kula rak mboten nyuwun anak dhateng panjenengan. Lan kula sampun matur supados Bapak mboten paring janji ingkang mboten-mboten dhateng kula."

29Nabi Élisa banjur ngandika marang Géhazi, "Énggal, jupukna tekenku lan lungaa menyang omahé wong wadon iki. Aja mandheg nyalami wong ana ing dalan. Yèn ana wong awèh salam aja kokwangsuli. Satekamu ing omah kana, teken kuwi tèmpèlna ing rainé bocahé."

30Aturé wong wadon mau, "Atas asmanipun Allah ingkang gesang lan demi gesang panjenengan, kula mboten badhé nilar Bapak!" Sawisé mengkono Nabi Élisa banjur budhal karo wong wadon mau menyang Sunèm.

31Géhazi wis mangkat dhisik, lan nyèlèhaké tekené Élisa ing awaké bocah mau, nanging ora ana tandha-tandha yèn bocahé urip menèh. Mulané Géhazi banjur matur marang Nabi Élisa, "Larénipun dèrèng tangi."

32Satekané omah kono Nabi Élisa mlebu dhèwèkan ing kamaré lan weruh jisimé bocah mau sumèlèh ing peturon.

33Sawisé lawangé ditutup Élisa banjur ndedonga marang Pangéran.

34Bocahé dirungkebi; tutuk, peningal lan astané ditèmpèlaké ing cangkem, mripat lan tangané bocahé. Sajroné Élisa isih mengkureb mau, badané bocahé dadi anget.

35Élisa banjur jumeneng lan tindak-tindak ing kamar kono, nuli ngrungkebi bocahé menèh. Bocah mau banjur wahing ping pitu lan melèk.

36Nabi Élisa banjur nimbali ibuné bocah. Bareng wong wadon mau mlebu, Nabi Élisa masrahaké bocahé marang ibuné, pangandikané, "Iki anakmu."

37Ibu mau banjur jèngkèng ing ngarsané Nabi Élisa, anaké dibopong, digawa metu.

38Nalika Nabi Élisa kondur menèh ing Gilgal, satanah Israèl kabèh lagi ketrejang paceklik gedhé. Satengahé memulang para nabi, Élisa utusan abdiné njupuk kwali gedhé lan masak kanggo wong kabèh sing ana ing kono.

39Ana nabi sawetara sing metu golèk janganan. Wong mau weruh bangsané labu alas, banjur methik wohé akèh banget, digawa mulih. Tanpa ngerti kuwi woh apa, woh mau ditengkel-tengkel, banjur dicemplungaké ing kwali.

40Bareng wis mateng banjur diladèkaké marang wong kabèh. Nanging bareng dicicipi, para nabi mau padha alok, aturé marang Nabi Élisa, "Pak, janganipun wonten racunipun." Wong-wong mau padha ora gelem nerusaké enggoné mangan.

41Nabi Élisa banjur utusan njupuk glepung sethithik, nuli dicemplungaké ing kwaliné. Sawisé mengkono jangané dikon ngladèkaké menèh. Lan ketitik jangan mau wis ora mbebayani.

42Nalika semono ana wong lanang teka saka Baalsalisa, nggawa roti jewawut rong puluh iji kanggo Nabi Élisa. Yakuwi asilé panèn kawitan ing taun kuwi, semono uga gandumé kawitan. Nabi Élisa ndhawuhi abdiné ngedum roti-roti mau marang para nabi sing ana ing kono,

43nanging abdiné matur, "Rotinipun rak mboten cekap kanggé tiyang satus?" Wangsulané Nabi Élisa, "Dumen waé, supaya padha dipangan, merga Gusti Allah wis ngandika yèn kabèh bakal padha mangan nganti wareg, malah bakal turah."

44Rotiné banjur diedum. Kabèh nuli padha mangan, lan sawisé kabèh mangan, isih turah, cocog karo pangandikané Allah.



 <<  2 Raja-raja 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel