Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 7 >> 

1Aturé Nabi Élisa, "Kula aturi mirengaken pangandikanipun Allah! Mbénjing-énjing wetawis wanci mekaten, tiyang badhé saged tumbas gandum ingkang saé piyambak tigang kilogram utawi jewawut nem kilogram namung regi sepérak."

2Ajudané Sang Prabu sumela matur, "Mokal, senajan samenika ugi Allah mbikak konten-kontening langit." Pangandikané Nabi Élisa, "Kowé bakal ndeleng nganggo mripatmu kelakoné prekara sing dakkandhakaké mau, nanging kowé dhéwé bakal ora mèlu mangan."

3Ing dina kuwi ana wong lara kusta papat padha ana ing sanjabané gapura kutha Samaria. Wong-wong mau padha kandha mengkéné, "Yagéné kita padha thenguk-thenguk ana ing kéné ngentèni mati?

4Yèn kita mlebu kutha, kita bakal mati kaliren; lan yèn kita mung lungguh waé ing kéné, kita iya bakal mati. Beciké kita padha lunga menyang kémah-kémahé wong Siria. Cilaka-cilakané kita rak mung dipatèni. Nanging bisa uga kita ora dikapak-kapakaké."

5Mulané bareng wiwit surup wong-wong mau mangkat menyang kémah-kémahé wong Siria. Nanging bareng tekan kana, panggonan mau suwung blung.

6Merga Gusti Allah wis maringi tandha, kaya-kaya ana tentara jaranan lan kréta perang akèh nekani panggonan kono. Wong-wong Siria ngira yèn swarané tentara mungsuh sing diséwa déning raja Israèl, yakuwi tentarané raja Hèt lan raja Mesir, sing saiki teka nyerang.

7Mulané bengi kuwi uga wong-wong Siria padha ngungsi golèk slamet. Kémahé ditinggal prung, semono uga jaran lan kuldiné ditinggal mengkono waé ing panggonan kono.

8Bareng tekan papan mau, wong kusta papat mau banjur mlebu ing kémah sing pinggir dhéwé. Ana ing kono padha mangan lan ngombé, sarta njupuki emas, slaka sarta sandhangan, padha digawa lunga lan didhelikaké. Sawisé mengkono banjur padha bali menèh mlebu ing kémah liyané lan ngrayah menèh.

9Sing siji kandha karo kanca-kancané, "Tumindak kita iki ora bener. Prekara iki mesthiné kita lapuraké! Yèn ngentèni sésuk, kita kesalahan lan mesthi bakal diukum. Mulané ayo saiki kita padha lapur marang perwiraning kraton."

10Wong-wong mau banjur padha bali menyang Samaria lan kandha karo pasukan sing jaga gapura, "Kula ndhatengi kémah-kémahipun tiyang Siria, nanging sami suwung. Kapal lan kuldinipun taksih sami kacancang ing panggènanipun piyambak-piyambak; kémah-kémah namung katilar prung."

11Kabar mau banjur diterusaké déning para pengawal, nganti kepireng déning Sang Prabu.

12Nalika semono isih peteng. Sang Prabu miyos saka kamar saré lan ngandika marang para abdiné, "Aku ngerti, kuwi rak mung siasaté wong Siria! Mesthi padha ngerti yèn kita lagi kekurangan pangan, mulané padha éthok-éthok metu saka kémah-kémahé sarta ndhelik ana ing alas, kanggo mancing supaya kita metu saka kutha, njupuki pangan sing ana ing kémah-kémahé. Sawisé mengkono, wong-wong mau bakal bali nyerang awaké dhéwé, lan ngrebut kutha kita iki."

13Ana abdi sing matur, "Gusti, nasib kita ingkang wonten ing salebeting kitha rak sami kémawon kaliyan ingkang sampun sami pejah. Mila prayogi menawi Sang Prabu utusan tiyang sawetawis nyatakaken kawontenan menika. Kajengipun sami numpak kapal gangsal, ingkang taksih wonten menika."

14Banjur padha milih wong sawetara. Sang Prabu ngutus wong-wong mau nunggang kréta perang, didhawuhi nitipriksa kaanané tentara Siria.

15Para utusan mau enggoné ndlajahi wilayah kono nganti tekan Kali Yardèn. Sedalan-dalan padha weruh sandhangan lan bekakas-bekakas pating blasah. Barang-barang mau mung dibuwang ngono waé déning wong-wong Siria sajroné mlayu golèk slamet. Utusan-utusan mau lapur marang Sang Prabu.

16Wong-wong ing Samaria banjur padha metu sarta ngrampasi kémah-kémahé wong Siria. Sing dingandikakaké déning abdining Allah kedadéan temenan, yakuwi yèn regané gandum sing becik dhéwé telung kilogram utawa jewawut nem kilogram mung sepérak.

17Dhèk semana ajudan pribadiné Sang Prabu ditugasaké ngawasi gapuraning kutha. Wong mau mati kepidak-pidak déning rakyat. Kuwi cocog karo aturé Nabi Élisa marang Sang Prabu, nalika panjenengané rawuh ing dalemé Nabi Élisa.

18Nabi Élisa wis ngandika, yèn ésuké kira-kira ing wektu kuwi, gandum sing becik dhéwé telung kilo utawa jewawut nem kilo bakal diedol ing Samaria mung rega sadhuwit slaka.

19Lan nalika semono ajudan pribadiné Sang Prabu muni, "Menika mokal, senajan samenika ugi Gusti Allah mbikak konten-kontening langit." Banjur diwangsuli déning Nabi Élisa, "Kowé mengko bakal ngalami lelakon mau, nanging sethithik waé bakal ora mèlu ngrasakaké."

20Kaya mengkono kedadéané wong mau; mati kepidak-pidak déning wong akèh ana ing gapuraning kutha.



 <<  2 Raja-raja 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel