Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 11 >> 

1Para raja lumrahé padha nglurug perang ing mangsa semi. Déné ing mangsa semi taun kuwi, Raja Dawud utusan Yoab nglurug perang bebarengan karo para jéndral lan para prejurit Israèl kabèh. Wong-wong mau padha ngalahaké wong Amon sarta ngepung kutha Raba. Nanging Raja Dawud dhéwé kèri ana ing Yérusalèm.

2Ing wayah soré, nalika Raja Dawud wungu saré, minggah ing payoning kraton. Saka ing kono pirsa wong wadon sing lagi adus, lan wong wadon mau ayu banget.

3Dawud banjur utusan nakokaké, wong kuwi sapa. Utusan matur, yèn wong wadon mau Bètsyéba, bapakné jenengé Éliam sarta bojoné Uria, wong Hèt.

4Dawud utusan methuk wong wadon mau, lan sawisé tekan ing kraton, ditunggil saré. (Bètsyéba lagi waé rampung enggoné sesuci sawisé wulanan.) Bètsyéba banjur mulih;

5ora let suwé krasa yèn ngandheg, mula banjur ngaturi kabar marang Raja Dawud.

6Raja Dawud banjur énggal-énggal utusan nglantaraké dhawuh marang Yoab, "Uria, wong Hèt kuwi konen mulih sowan aku." Yoab banjur akon Uria supaya sowan Raja Dawud.

7Bareng Uria wis sowan, Uria didangu bab keslametané Yoab lan para prejurit Israèl, sarta kepriyé enggoné padha perang.

8Dawud banjur dhawuh marang Uria, "Muliha menyang omahmu sarta ngasoa sedhéla!" Bareng Uria metu saka kraton, Raja Dawud ngirimaké peparing menyang omahé Uria mau.

9Uria ora mulih, nanging turu ing sangarepé gapuraning kraton, bebarengan karo wong jaga.

10Raja Dawud dicaosi pirsa prekara mau. Mulané banjur ndangu marang Uria, "Kowé lagi waé bali saka lelungan adoh, yagéné ora mulih menyang omahmu?"

11Aturé Uria, "Prejurit Israèl saha prejurit Yéhuda saweg majeng perang, sarta Pethi Prejanjianipun Allah nyarengi tiyang-tiyang menika. Sénapati Yoab saha para pengageng sami saré ing kémah, wonten ing ara-ara. Menapa inggih kula lajeng mantuk, nedha, ngombé sarta tilem kaliyan sémah kula? Demi sugeng saha nyawa panjenengan, kula mboten badhé nindakaken prekawis menika."

12Dawud dhawuh menèh, "Ya wis, lèrèna ing kéné sedina menèh lan sésuk-ésuk kowé bakal daklilani lunga." Dadiné Uria ana ing Yérusalèm sedina menèh. Ésuké Uria ditimbali mangan bebarengan karo Raja Dawud.

13Uria banjur mangan lan ngombé nganti mendem, nanging ing bengi kuwi Uria tetep ora mulih menyang omahé, nanging turu amor karo prejurit sing jaga kraton.

14Ésuké Raja Dawud nulis layang marang Yoab, dikirimaké lantaran Uria.

15Isiné mengkéné, "Uria prenahna ana ing cucuking baris, ing peprangan sing gawat, banjur mundura, karebèn dhèwèké tiwas."

16Nalika Yoab ngepung kutha mau, Uria dipréntah lunga menyang papan sing kira-kira dijaga kuwat déning mungsuh.

17Bareng prejurité mungsuh padha metu saka kutha sarta nyerang prejurité Yoab, ana prejurité Dawud sawetara sing mati, mengkono uga Uria.

18Yoab banjur utusan wong ngaturi pirsa marang Raja Dawud bab lakuning peprangan.

19Préntahé marang kongkonan mau, "Sawisé Sang Prabu pirsa laporanmu bab tumindaké peprangan iki,

20bisa uga dadi duka lan ndangu marang kowé, ‘Yagéné kowé padha cedhak banget karo kutha kuwi? Kowé rak padha weruh, yèn mungsuh mesthi bakal manah saka sandhuwuré témbok?

21Apa kowé wis padha lali, kepriyé enggoné Abimèlèh, anaké Gidéon, mati ing Tèbès? Dhèwèké rak mati merga ana wong wadon sing nguncalaké watu gilingan glepung marang dhèwèké saka ing sandhuwuring témbok? Lha, ta géné kowé padha cedhak banget karo témbok kuwi?’ Yèn Sang Prabu ndangu mengkono, matura, ‘Uria, salah setunggaling prejurit panjenengan ugi tiwas!’"

22Kongkonan mau banjur sowan Raja Dawud sarta ngabaraké apa sing dipréntahaké Yoab.

23Utusan mau matur, "Mengsah kula langkung kiyat saha medal saking kitha lajeng nyerang kula sedaya wonten ing ara-ara. Nanging lajeng kula dhesek mundur wangsul dumugi ing gapuraning kitha.

24Lajeng saking sanginggiling témbok tiyang-tiyang menika sami manahi kula sedaya. Wonten sawetawis prejurit panjenengan ingkang tiwas, klebet Uria."

25Dawud dhawuh marang kongkonan mau, "Matura marang Yoab, dikon teteg, sarta aja nganti cilik atiné, sebab ora bisa ditemtokaké sadurungé, sapa sing bakal mati ana ing peprangan. Kandhakna supaya dhèwèké saya mempeng perangé, nganti kutha mau teluk."

26Nalika Bètsyéba krungu, yèn bojoné wis mati, banjur ditangisi.

27Bareng wis tutug wektuné, Raja Dawud utusan methuk wong wadon mau, didhawuhi nggawa menyang kraton lan digarwa. Ora antara suwé banjur nglairaké anak lanang. Nanging Gusti Allah ora rena karo tumindaké Dawud sing mengkono mau.



 <<  2 Samuel 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel