Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 15 >> 

1Sawisé lelakon mau, Absalom sedhia kréta sajarané sarta pengiring cacahé wong sèket, kanggo awaké dhéwé.

2Saben dina Absalom tangi gasik, banjur ngadeg ing pinggir dalan sacedhaké gapuraning kraton. Saben ana wong sing arep sowan raja ngaturaké prekara, diundang lan ditakoni, "Kowé saka taler ngendi?" Lan yèn wong mau mangsuli, "Saka taler iki utawa kuwi,"

3Absalom banjur kandha, "Manut ukum, kowé bener, nanging éman, ora ana wakiling raja sing ngrungokaké prekaramu.

4Coba, upamané aku sing dadi hakim, saben wong sing duwé prekara utawa gugatan, bisa nemoni aku lan bakal dakputus kanthi adil."

5Yèn ana wong sing nyedhaki Absalom prelu nyungkemi, wong mau banjur dicandhak lan diaras.

6Mengkono pangrengkuhé Absalom marang saben wong Israèl sing arep ngaturaké prekarané marang raja. Mengkono carané Absalom ngepèk atiné wong Israèl.

7Sawisé genep patang taun, Absalom matur marang Raja Dawud, "Rama, kula mugi panjenengan lilani késah dhateng Hébron, prelu ngluwari janji kula dhateng Gusti Allah.

8Sebab nalika kula taksih manggèn ing Gésur ing Siria, kula sampun janji, bilih kula badhé ngibadah dhateng Allah ing Hébron, inggih menika samasa Gusti Allah marengaken kula mantuk dhateng Yérusalèm."

9Dhawuhé raja, "Lungaa, daksangoni slamet." Absalom banjur mangkat menyang Hébron.

10Nanging sadurungé mangkat, wis kongkonan nemoni taler Israèl kabèh, padha diweling, "Yèn kowé padha krungu swarané slomprèt, padha surak-suraka, ‘Absalom wis dadi raja ing Hébron!’"

11Saka Yérusalèm ana wong rong atus sing ngiring Absalom menyang Hébron. Wong-wong mau ora ngerti apa-apa, mulané senajan padha mèlu lunga, iya tanpa gagasan apa-apa.

12Absalom banjur nyaosaké kurban, uga kirim kongkonan menyang kutha Gilo prelu ngundang Akhitofèl, sing dadi penaséhaté Raja Dawud. Srana mengkono komplotan sing nglawan Raja Dawud mau dadi saya kuwat, merga saya akèh sing mèlu Absalom.

13Sebanjuré ana wong sing nggawa kabar, lapur marang Raja Dawud, "Tiyang Israèl sampun tumut Absalom."

14Dawud banjur dhawuh marang baturé kabèh sing ana ing Yérusalèm, "Ayo padha ngungsi! Yaiki dalané supaya bisa uwal saka Absalom. Ora suwé menèh Absalom bakal teka mréné. Ayo énggal budhal, aja nganti kita ketututan lan dikalahaké, sarta kabèh sing manggon ing kutha dipatèni!"

15"Prayogi Sang Prabu," aturé wong-wong mau, "Kula sedaya sami sagah nglampahi menapa kémawon ingkang dados kersanipun Sang Prabu."

16Raja Dawud banjur bidhal, didhèrèkaké brayaté kabèh lan punggawané, kejaba seliré sepuluh sing kèri tunggu kraton.

17Nalika raja lan pendhèrèké kabèh padha mlaku lunga saka kutha, padha mandheg ing sacedhaké omah sing pungkasan.

18Para pegawéné kabèh padha ngadeg ing sisihé raja nalika prejurit pengawalé raja padha baris liwat kono. Mengkono uga prejurit nem atus sing wis mèlu wiwit saka Gat, padha baris ing sangarepé.

19Bareng pirsa, Raja Dawud banjur dhawuh marang Itai, wong Gat, komandhané prejurit nem atus mau, "Yagéné kowé padha mèlu aku? Luwih becik padha balia lan manggon dadi siji karo raja sing anyar. Kowé rak wong manca, pengungsi sing adoh saka negaramu dhéwé?

20Kowé durung suwé manggon ing kéné, apa iya banjur dakkon nglembara bebarengan karo aku? Aku dhéwé durung ngerti arep menyang ngendi lungaku. Kanca-kancamu sabangsa jaken bali, muga-muga Gusti Allah nresnani kowé lan setya karo kowé."

21Nanging Itai matur, "Gusti, demi Allah ingkang gesang saha demi nyawa panjenengan, dhateng pundi kémawon tindak panjenengan, kula badhé ndhèrèk, senajan nemahana pejah pisan."

22"Ya becik!" wangsulané Dawud, "Mlakua terus!" Itai banjur mlaku bebarengan karo prejurité sarta brayaté kabèh.

23Nalika para prejurité Dawud lunga saka kutha, wong-wong kang manggon ing kutha padha nangis kanthi sora. Raja Dawud banjur nyabrang Kali Kidron, didhèrèkaké prejurité kabèh, mlaku ngener pesamunan.

24Imam Zadok lan Imam Abyatar uga mèlu bebarengan karo wong Lèwi kabèh sing nggawa Pethi Prejanjiané Allah. Pethi Prejanjian disèlèhaké, lan ora diangkat menèh sadurungé sing padha manggon ing kono lunga kabèh saka ing kutha kono.

25Raja Dawud banjur dhawuh marang Imam Zadok, "Pethi Prejanjian iki balèkna menyang kutha. Menawa Gusti Allah tresna marang aku, aku bakal dililani bali ndeleng Pethi Prejanjian iki sarta pedalemané.

26Nanging menawa Gusti Allah ora marengaké, aku pasrah apa sing dikersakaké tumraping aku."

27Sabanjuré raja dhawuh menèh karo Imam Zadok, "Ahimaas, anakmu lan Yonatan, anaké Abyatar, padha balia waé menyang kutha kanthi tentrem.

28Aku arep ngentèni ing sacedhaké papan sabrangan kali ing ara-ara nganti nampa kabar saka kowé."

29Imam Zadok lan Imam Abyatar nggawa Pethi Prejanjian mau bali menyang Yérusalèm sarta padha manggon ing kono.

30Sawisé kuwi Raja Dawud nguculi trumpahé. Karo sing ndhèrèkaké banjur munggah Gunung Zaitun karo muwun, lan sirahé ditutupi tandha yèn susah.

31Nalika Raja Dawud dikabari, yèn Akhitofèl uga mèlu komplotané Absalom, banjur ndedonga mengkéné, "Dhuh Gusti Allah, mugi Panjenengan nggagalaken pitedahipun Akhitofèl!"

32Nalika Raja Dawud tekan pucaké punthuk, panggonané wong-wong padha ngibadah marang Allah, dipethukaké déning kancané kang setya, yakuwi Husai, wong Arki. Sandhangané Husai suwèk lan sirahé diwur-wuri awu.

33Dawud ngandika marang Husai, "Yèn kowé mèlu, kowé bakal dadi sangganku.

34Nanging yèn kowé bali menyang kutha lan kandha karo Absalom, yèn saiki kowé arep ngladèni dhèwèké kanthi setya, kaya sing wis koktindakaké marang bapakné biyèn, ateges kowé nulungi aku. Kanthi cara mengkono kowé nglawan pituturé Akhitofèl.

35Imam Zadok lan Imam Abyatar iya ana ing kana. Wong-wong kuwi kabarana apa waé sing kokrungu ana ing kraton.

36Ahimaas, anaké Zadok lan Yonatan, anaké Abyatar wis padha mèlu bapakné, dadi iya ana ing kono. Anak-anaké kuwi kongkonen mréné ngabari aku apa waé sing kokrungu ana ing kono."

37Husai banjur bali menyang Yérusalèm, nunggal wektu karo tekané Absalom.



 <<  2 Samuel 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel