Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 17 >> 

1Ora let suwé Akhitofèl matur menèh marang Absalom, "Mugi panjenengan lilani kula milih tiyang kathahipun kalihwelas èwu. Mangké dalu kula badhé mangkat nututi Dawud.

2Piyambakipun badhé kula serang, mumpung taksih sayah saha kendho semangatipun. Kula badhé damel kagèt piyambakipun, ngantos prejuritipun sedaya keplajeng. Namung Raja Dawud kémawon ingkang badhé kula pejahi.

3Déné prejuritipun sedaya badhé kula wangsulaken dhateng panjenengan kados déné pengantèn putri wangsul dhateng sémahipun. Panjenengan rak namung ngersakaken nyawa setunggal kémawon? Sanèsipun mboten prelu dipun menapak-menapakaken."

4Pitutur mau dianggep becik déning Absalom lan déning para pemimpin Israèl kabèh.

5Senajan mengkono Absalom kandha, "Saiki Husai undangen; ayo padha ngrungokaké rembugé."

6Nalika Husai sowan, Absalom ngandhakaké rancangané Akhitofèl, banjur kandha, "Pitutur iki bakal kita anut; yèn ora, usula liyané."

7Husai matur, "Pitedahipun Akhitofèl menika mboten saé.

8Panjenengan mesthi mangertos, bilih Dawud saha prejuritipun menika satriya ingkang kendel saha prakosa. Kekendelanipun kados déné bruwang èstri ingkang kécalan anakipun. Langkung-langkung Dawud menika setunggaling prejurit ingkang pengalaman; mboten naté tilem sesarengan kaliyan prejuritipun.

9Mbokmenawi ing wekdal menika ugi piyambakipun ndhelik wonten ing guwa utawi ing panggènan sanès. Lha, saupami prejurit panjenengan dipun serang Dawud, saha wonten ingkang pejah, sinten kémawon mireng, mesthi badhé martosaken bilih prejuritipun Absalom sampun dipun kawonaken sedaya.

10Senajan tiyang-tiyang ingkang kendel saha gagah prakosa kados singa pisan, mesthi badhé ajrih. Sebab sedaya tiyang Israèl sami ngertos, bilih keng rama menika satriya, saha prejurit-prejuritipun kendel-kendel.

11Dados pitedah kula mekaten: Kula aturi ngempalaken tiyang Israèl sanegari sedaya, ingkang cacahipun sami kaliyan pasir ing pinggir seganten, lajeng panjenengan piyambak ingkang mimpin tiyang-tiyang menika, majeng ing perang.

12Samasa kita saged ngertos panggènanipun Dawud, kita serang dadakan, supados sampun ngantos wonten ingkang saged lolos, inggih piyambakipun, mekaten ugi para prejuritipun.

13Menawi piyambakipun mlajeng mlebet ing salah setunggaling kitha, para kawula sedaya badhé mendhet tangsul saha nyèrèd kitha menika kacemplungaken ing salebeting jurang ingkang celak piyambak. Banon setunggal kémawon sampun ngantos wonten ingkang kantun ing sanginggiling punthuk menika."

14Bareng krungu mengkono mau, Absalom lan wong Israèl kabèh padha clathu, "Pituturé Husai luwih becik tinimbang pituturé Akhitofèl." Pancèn wis dadi kersané Gusti Allah murungaké pituturé Akhitofèl sing becik kuwi, supaya Absalom cilaka.

15Sawisé mengkono Husai nglapuraké marang Imam Zadok lan Imam Abyatar, bab pituturé Akhitofèl sarta pituturé dhéwé marang Absalom lan para penggedhé Israèl.

16Tembungé Husai, "Énggal-énggal matura karo Raja Dawud, supaya ora padha nginep ing ara-ara ing sabranging kali. Kabèh kudu énggal-énggal nyabrang Kali Yardèn. Yèn ora, saprejurité kabèh bakal padha tiwas."

17Dhèk semana Yonatan anaké Imam Abyatar lan Ahimaas anaké Imam Zadok lagi padha ngentèni ing sacedhaké sendhang Èn-Rogèl, ing pinggiré kutha Yérusalèm. Wong-wong mau padha wedi mlebu kutha, kuwatir yèn konangan wong. Kaya adat saben, ana batur wadon sing mènèhi kabar marang wong loro mau, sing kudu dilapuraké marang Raja Dawud.

18Dumadakan ana nonoman siji sing ngonangi, sarta banjur martakaké marang Absalom. Mulané Yonatan lan Ahimaas banjur énggal-énggal padha lunga lan ndhelik ing omahé wong ing désa Bahurim. Ing sacedhaké omah mau ana sumuré, banjur padha dileboni.

19Wong wadon, bojoné sing duwé omah mau banjur njèrèng tutup ing sandhuwuring sumur mau sarta diwur-wuri gandum, nganti sumuré ora katon.

20Prejurité Absalom teka ing omah kono lan takon marang wong wadon mau, "Ahimaas lan Yonatan ana ing ngendi?" "Tiyang-tiyang menika nembé kémawon nyabrang lèpèn," wangsulané. Para prejurit banjur padha nggolèki nonoman loro mau, nanging ora ketemu, nuli padha bali menyang Yérusalèm.

21Ahimaas lan Yonatan nuli metu saka sumur, sarta énggal-énggal nemoni Raja Dawud, nglapuraké prekara mau kabèh. Aturé, "Akhitofèl ngabaraken wontenipun tiyang ingkang wosipun nglawan Sang Prabu. Mila samenika kersaa nyabrang lèpèn menika."

22Raja Dawud lan para prejurité banjur padha nyabrang Kali Yardèn, lan tekan ing sabrang wis padhang.

23Nalika Akhitofèl weruh, yèn pituturé ora dinut, banjur makèhi kuldiné, mulih menyang kuthané dhéwé. Sawisé mbèrèsaké urusané kabèh, banjur nggantung, lan dikubur ana ing kuburané brayaté.

24Dawud wis tekan kutha Mahanaim; déné Absalom nyabrang Kali Yardèn, diiring déning wong-wong Israèl.

25(Absalom wis ngangkat Amasa dadi sénapatining prejurit ngganti Yoab. Amasa anaké Yitra, wong Ismaèl; jenengé ibuné Abigail, anaké Nahas, yakuwi seduluré wadon Zeruya, ibuné Yoab.)

26Absalom lan para prejurité padha masang kémah ing tanah Giléad.

27Nalika Dawud tekan Mahanaim, ditampa déning Sobi anaké Nahas, saka ing kutha Raba ing Amon, uga déning Makir, anaké Amièl, saka Lodebar, lan déning Barzilai, saka Rogelim ing Giléad.

28(17:28-29) Wong-wong mau padha nggawa mangkok, kwali lan kasur kanggo Dawud lan para prejurité. Mengkono uga gandum, juwawut, glepung, gandum gorèng, kacang abang, kacang kedhelé, madu, kèju, kaniling powan sarta wedhus gèmbèl sawetara. Wong-wong mau padha weruh yèn Dawud lan para prejurité luwé, ngelak sarta sayah merga saka enggoné mlaku ing ara-ara samun.

29(17:28)



 <<  2 Samuel 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel