Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 23 >> 

1Dawud anaké Isai dipilih dadi raja sarta didadèkaké misuwur déning Allahé Yakub. Iya sing ngarang kidung masmur kanggo Israèl. Yaiki tembung-tembungé Dawud kang pungkasan:

2Rohé Allah wis ngandika lantaran aku; piweling lan sabdané ana ing lambéku.

3Allahé Yakub wis medhar sabda; tetamèngé Israèl paring pangandika: "Raja kang kanthi adil mréntah kawulané, kanthi pambangun-turut marang Allah pangrèhé.

4Kaya padhang ing wayah ésuk saplethèké srengéngé, wayah ésuk samasa sumilak langité; iku kaya padhanging srengéngé sawisé udan, agawé suketé ijo élok temenan.

5Mengkono uga turunku diberkahi Gusti Allah, prejanjiné marang aku ora owah, janjiné langgeng lan sampurna, sakabèhing bab kapranata. Allah njamin kaunggulanku, sarta ngabulaké sakabèhing kareping atiku.

6Nanging wong sing ora mbangun-turut ing Gusti, iku tinemuné kaya eri. Tanganing wong ora bisa nyekel dhèwèké;

7ora ana sing gelem nyénggol awaké, kejaba nganggo kayu utawa wesi. Wong-wong iku musna dilebur ing geni."

8Para perwirané Raja Dawud sing kondhang yakuwi: Sing sepisan, Yosèb-Basèbèt, saka Takhmoni, pemimpin "Triwira." Ing sajroning peprangan wong kuwi wis tau nglawan lan matèni wong wolung atus nganggo tumbaké.

9Wong nomer loro sing misuwur iku Èléazar anaké Dodo, saka bangsa Ahohi. Wong kuwi mbarengi Dawud nalika padha ngadhepi wong Filistin sing wis kumpul arep perang. Nalika prejurit Israèl mundur,

10Èléazar terus nyerang numpes wong Filistin nganti kesel banget. Tangané kaku nganti ora bisa pisah karo pedhangé. Ing dina kuwi Allah maringi kaunggulan kang gedhé marang Israèl. Prejurit Israèl sing mundur padha bali menèh menyang peprangan marani Èléazar, mung arep padha ngrayah barang-barangé mungsuh.

11Wong nomer telu sing misuwur yakuwi Syama anaké Agé, saka Harari. Wis tau nalika wong Filistin padha kumpul ing Lèhi, ana ing tegalan sing kebak kacang abang, prejurit Israèl padha keplayu,

12nanging Syama tetep perang, matèni sarta ngalahaké wong Filistin nganti bisa ngrebut tegalan mau. Srana mengkono Allah maringi kemenangan gedhé.

13(23:13-14) Ing liya dina ngarepaké mangsa panèn, para perwira tetelu mau, sing iya wargané perwira telung puluh, mudhun menyang guwa Adulam. Dhèk semono Dawud ana ing sajroning guwa kono. Wong Filistin padha masang kémah ing tanah ngaré Réfaim, sarta prejurité padha masang kémah ing Bètléhèm.

14(23:13)

15Raja Dawud kangen karo kampungé lan ngandika, "Iba senengku yèn diwènèhi ngombé banyu sumur sing cedhak karo gapura ing Bètléhèm!"

16Perwira telu sing kondhang mau njebol bètèngé wong Filistin, nimba banyu sumur mau, banjur diaturaké marang Dawud. Nanging Raja Dawud ora kersa ngunjuk; banyu mau malah diesok minangka kurban unjukan marang Allah.

17Aturé, "Dhuh Allah, kawula mboten saged ngombé rahipun tiyang-tiyang ingkang sampun ngetohaken nyawanipun!" Dadiné Dawud babar-pisan ora ngunjuk banyu mau. Mengkono penggawéné perwira telu sing kondhang mau.

18(23:18-19) Abisai, adhiné Yoab, anaké Zeruya, kuwi penggedhéné perwira telung puluh sing misuwur. Abisai tau numpes wong telung atus nganggo tumbaké. Mulané wong mau dadi kondhang, nanging durung kena dipadhakaké karo perwira tetelu mau.

19(23:18)

20Perwira kondhang liyané yakuwi Benaya, anaké Yoyada, wong Kabzeèl. Wong kuwi kendel banget, matèni perwira loro saka Moab. Wis tau, nalika ana salju, Benaya mlebu ing sajroning guwa, banjur matèni singa sing ana kono.

21Uga tau matèni wong Mesir, sing gedhé dhuwur nganggo tumbak. Benaya dhéwé enggoné nglawan mung nganggo teken. Tumbak sing ana ing tangané wong Mesir mau direbut, banjur dienggo matèni.

22Mengkono prekara sing ditindakaké déning Benaya, wargané perwira telung puluh mau.

23Ing antarané para prejurit, Benaya pancèn klebu onjo, nanging durung bisa madhani perwira telu mau. Benaya diangkat dadi penggedhéné barisan pengawalé Raja Dawud.

24(23:24-39) Warga liyané saka perwira telung puluh yakuwi: Asaèl, adhiné Yoab, Èlhanan, anaké Dodo saka Bètléhèm, Syama lan Elika, wong Harod, Hèlès, wong Palti, Ira, anaké Ikes, wong Tekoa, Abièzèr, wong Anatot, Mebunai, wong Husa, Zalmon, wong Ahohi, Maharai, wong Netofa, Hèlèb, anaké Baana wong Netofa, Itai, anaké Ribai saka Gibéa, taler Bènyamin, Benaya, wong Piraton, Hidai, saka tanah ngaré Gaas, Abialbon, anaké Arabah, Azmawèt, wong Bahurim, Élialba, wong Saalbon, Anak-anaké Yasyen, Yonatan, Syama, wong Harari, Ahiam, anaké Sarar, wong Harari, Èlifèlèt, anaké Ahasbai, wong Maaka, Éliam, anaké Akhitofèl, wong Gilo, Hézrai, wong Karmèl, Paérai, wong Arbi, Yigal, anaké Natan, saka Zoba, Bani, wong Gad, Zèlèk, wong Amon, Naharai, wong Beérot, sing nggawa gamané Yoab, Ira lan Gareb, wong Yétri, Uria, wong Hèt. Kabèh mau prejurit telung puluh pitu sing kondhang.

25(23:24)

26(23:24)

27(23:24)

28(23:24)

29(23:24)

30(23:24)

31(23:24)

32(23:24)

33(23:24)

34(23:24)

35(23:24)

36(23:24)

37(23:24)

38(23:24)

39(23:24)



 <<  2 Samuel 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel