Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 6 >> 

1Raja Dawud banjur nglumpukaké menèh para prejurit Israèl sing pilihan, cacahé telung puluh èwu.

2Wong-wong mau diirid menyang Baalé-Yéhuda, prelu njupuk saka kono Pethi Prejanjian kang disebut klawan asmané Gusti Allah Kang Mahakwasa, kang lenggah ing sandhuwuring kerubim, yaiku pepethan malaékat.

3Pethi Prejanjian mau diangkat saka omahé Abinadab kang ana ing sandhuwuring punthuk, banjur diunggahaké ing kréta anyar. Uza lan Ahio, anak-anaké Abinadab, ngetutaké kréta mau; Uza mlaku ing sisihé,

4déné Ahio ing ngarepé.

5Dawud lan bangsa Israèl kabèh ndhisiki Pethi mau karo jejogèdan lan padha menyanyi sora banget kanggo ngurmati Gusti Allah, karo padha ngunèkaké clempung, terbang, klinthingan lan kecèr.

6Nalika padha tekan ing papan panutoné Nakhon, sapi-sapi sing nggèrèd kréta mau keplèsèt, mula Uza tangané kumranggèh nyekeli Pethi mau, supaya aja tiba.

7Kocapa Gusti Allah duka banget marang Uza, sarta merga saka sembranané, Uza dipatèni. Uza mati ngenggon, ing sacedhaké Pethi Prejanjian.

8Mulané papan mau diarani Pèrès-Uza. Dawud duka merga paukumané Uza abot banget.

9Nanging iya wedi marang Allah, mula matur, "Samenika kadospundi enggèn kawula badhé mbekta Pethi Prejanjian?"

10Mulané diputusaké ora arep nggawa Pethi Prejanjian menyang Yérusalèm, nanging disimpen ing omahé Obèd-Édom, wong ing kutha Gat.

11Pethi Prejanjian mau ana ing kono suwéné pitung sasi lan Allah mberkahi Obèd-Édom sebrayaté.

12Raja Dawud midhanget yèn Gusti Allah mberkahi Obèd-Édom lan brayaté sarta bandhané, merga saka Pethi Prejanjian mau; banjur tindak menyang omahé Obèd-Édom, lan mboyong Pethi mau menyang Yérusalèm nganggo kraméan gedhèn.

13Nalika wong-wong sing ngangkat Pethi Prejanjian mau wis mlaku nem jangkah, didhawuhi mandheg. Raja Dawud banjur misungsungaké kurban sapi lanang lan pedhèt lemon marang Gusti Allah.

14Dawud jejogèdan klawan mempeng kanggo ngurmati Gusti Allah. Ing wektu kuwi Dawud mung ngagem sarung léna cekak diubedaké ing bangkèkané.

15Dawud lan wong-wong Israèl kabèh enggoné mboyong Pethi Prejanjian mau menyang Yérusalèm dibarengi karo swarané slomprèt lan padha surak-surak.

16Nalika pethi mau lagi digawa mlebu kutha, putri Mikhal, putrané Saul, nginguk liwat jendhéla, banjur pirsa Raja Dawud lincak-lincak lan jejogèdan kanggo ngurmati Gusti Allah. Mulané Sang Putri ing sajroning penggalih nyepèlèkaké Sang Prabu Dawud.

17Pethi Prejanjian mau digawa mlebu lan disèlèhaké ing sajroning kémah ing papan sing wis dicawisaké. Raja Dawud banjur misungsungaké kurban obongan kagem Gusti Allah lan uga kurban slametan.

18Sawisé rampung banjur mberkahi wong-wong Israèl atas asmané Allah Kang Mahakwasa.

19Sawisé mengkono banjur ngedum panganan marang wong-wong mau kabèh. Saben wong lanang lan wadon sing ana ing kono diparingi roti siji lan daging panggang sairis, sarta roti kismis sethithik. Sawisé kuwi banjur padha mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.

20Nalika Raja Dawud kondur menyang kraton prelu nyalami brayaté, Mikhal metu manggihi Dawud lan matur, "Kadospundi déné ratunipun Israèl koklukar wonten ing ngajengipun para abdi, kok mboten kraos wirang kados tiyang urakan?"

21Wangsulané Dawud, "Aku njogèd kagem ngurmati Gusti Allah, sing wis nampik bapakmu sarta brayaté; banjur milih aku dadi ratuné bangsa Israèl, umat kagungané. Mulané aku bakal njogèd terus kagem ngurmati Gusti Allah.

22Malah aku iya gelem dirèmèhaké ngluwihi sing kaya mengkono. Kena waé kowé ngrèmèhaké aku, nanging para wong wadon sing koksebut mau, bakal ngurmati aku."

23Putri Mikhal, putrané Saul, selawasé urip ora kagungan putra.



 <<  2 Samuel 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel