Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 9 >> 

1Ing sawijining dina Dawud ndangu, "Kulawargané Saul apa isih ana sing urip? Yèn ana, merga saka Yonatan, aku kepéngin mbeciki wong mau."

2Brayaté Saul duwé réwang sing jenengé Ziba, lan didhawuhi sowan Raja Dawud. Raja ndangu, "Apa kowé kuwi Ziba?" Unjuké, "Inggih, Sang Prabu."

3Raja Dawud banjur ndangu menèh, "Kulawargané Saul apa isih ana sing urip? Aku kepéngin gawé becik karo wong kuwi, kaya sing wis dakjanjèkaké marang Gusti Allah." Ziba matur, "Taksih wonten setunggal, putranipun Yonatan. Tiyangipun pincang."

4"Saiki ana ing ngendi?," pendanguné Raja Dawud. "Wonten ing Lodebar, ing griyanipun Makir anakipun Amièl," aturé Ziba.

5Raja Dawud banjur utusan nimbali putrané Yonatan mau.

6Anaké Yonatan kuwi jenengé Méfibosèt. Nalika dhèwèké teka, banjur sujud ngurmati Raja Dawud. Raja Dawud banjur ngandika, "Méfibosèt." Aturé Méfibosèt, "Nuwun, Sang Prabu."

7Ngandikané Sang Prabu, "Aja wedi. Merga saka Yonatan aku bakal mbeciki kowé. Palemahané Saul, éyangmu, bakal dakbalèkaké marang kowé lan selawasé kowé bakal mangan bebarengan karo aku."

8Méfibosèt sujud menèh lan matur, "Kula menika babar-pisan mboten wonten ajinipun! Menapa sebabipun panjenengan saé sanget dhateng kula?"

9Raja Dawud banjur nimbali Ziba, réwangé Saul mau, sarta dingandikani, "Warisané Saul lan warisané brayaté kabèh dakwènèhaké marang Méfibosèt wayahé bendaramu iki.

10Kowé lan anak-anakmu sarta para abdi kudu nggarap palemahan kuwi kanggo brayaté bendaramu, déné pametuné aturna kanggo nyukupi kebutuhané dhaharé. Nanging Méfibosèt bakal mangan bebarengan karo aku." (Ziba duwé anak lanang limalas lan batur rong puluh.)

11Aturé Ziba marang Raja Dawud, "Sedaya dhawuh panjenengan badhé kula tindakaken." Dadiné Méfibosèt mangan ana ing kraton, kaya déné putrané Raja Dawud dhéwé.

12Méfibosèt duwé anak jenengé Mikha. Brayaté Ziba kabèh dadi baturé Méfibosèt.

13Kanthi mengkono Méfibosèt sing cacad sikilé loro pisan kuwi manggon ing Yérusalèm lan tansah mangan ana ing kraton.



 <<  2 Samuel 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel