Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 12 >> 

1Kecrita nalika Réhabéam enggoné dadi raja wis kuwat, panjenengané lan rakyaté kabèh banjur padha ninggal marang dhawuhé Allah,

2lan ora padha setya marang Pangéran. Mulané banjur diukum déning Allah. Bareng Réhabéam enggoné dadi raja nyandhak limang tauné, Sisak, raja Mesir, nglurug perang menyang Yérusalèm,

3nggawa kréta perang 1.200, tentara jaranan 60.000 lan tentara sing ora kena diétung cacahé, klebu uga tentara Libia, Suki lan Sudan.

4Kutha-kutha ing Yéhuda sing dibètèngi kena direbut kabèh, banjur maju nyerang Yérusalèm.

5Nalika semono Raja Réhabéam lan para pemimpiné Yéhuda wis padha nglumpuk ing Yérusalèm, nedya mlayu nyingkiri Sisak. Nanging Nabi Semaya teka lan matur, "Pangéran ngandika mekaten, ‘Kowé wis padha nyingkur marang Aku, mulané saiki Aku uga nyingkur marang kowé, temah kowé saiki ditelukaké déning Sisak.’"

6Sang Raja lan para pemimpin padha ngakoni enggoné wis padha nglakoni dosa. Aturé, "Menapa ingkang katindakaken déning Allah menika adil."

7Nalika Allah mirsa enggoné padha ngasoraké awaké, banjur ngandika menèh marang Nabi Semaya, dhawuhé, "Sarèhné wis padha ngakoni kaluputané, mulané ora bakal Daktumpes, nanging bakal Dakbébasaké; Yérusalèm bakal ora digempur. Senajan mengkono,

8meksa bakal dijajah déning Sisak, supaya padha ngrasakaké bédané ngabdi marang Aku lan ngabdi marang pangwasa kadonyan."

9Raja Sisak banjur nyerbu kutha Yérusalèm lan mundhut barang-barang pengaji saka Pedalemané Allah lan saka kedhatoné Sang Prabu Suléman.

10Minangka gantiné Raja Réhabéam gawé tamèng-tamèng saka prunggu lan dipasrahaké marang para perwira sing jaga gapura kedhaton.

11Saben Sang Prabu tindak menyang Pedalemané Allah, para perwira padha nganggo tamèng-tamèng mau; sawisé rampung banjur dibalèkaké menèh ing kamar penjagan.

12Sarèhné Sang Prabu wis ngasoraké sarirané ana ing ngarsané Pangéran, mulané dukané Allah banjur lilih lan Réhabéam ora sida ditumpes. Tanah Yéhuda pulih becik kaya mauné.

13Pepréntahané Réhabéam ing Yérusalèm saya gedhé pangwasané. Nalika dadi raja yuswané patang puluh siji taun lan lawasé ngasta pitulas taun ana ing Yérusalèm, kutha sing kapilih déning Allah saka antarané tanah Israèl kabèh, dadi papan pamujan kagem Panjenengané. Ibuné Réhabéam asmané Naamah saka tanah Amon.

14Réhabéam nglakoni kang ala merga ora ngudi nindakaké kersané Allah.

15Riwayaté Raja Réhabéam saka wiwitan tekan pungkasan lan sarasilahé dicathet ing Kitab Babad sing katulis déning Nabi Semaya lan ing Kitab Sejarah sing katulis déning Nabi Idho. Réhabéam lan Yérobéam ora tau lèrèn perang.

16Réhabéam séda lan kasarèkaké ing pesaréané para raja ing kuthané Dawud. Abia, putrané, nggentèni dadi raja.



 <<  2 Tawarikh 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel