Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 16 >> 

1Nalika Raja Asa enggoné dadi raja ing Yérusalèm nyandhak telung puluh enem taun, Baesa, raja Israèl nyerang Yéhuda lan nyentosani kutha Rama, kanggo nutup dalan sing kanggo mlebu metu menyang Yéhuda.

2Raja Asa banjur mundhut emas lan slaka saka Pedalemané Allah lan saka kedhatoné, dikirim menyang Bènhadad, raja Siria, karo meling mengkéné,

3"Sumangga kita sami damel prejanjian kados ingkang sampun katindakaken déning para tiyang sepuh kita. Sareng lan sarta menika kula nyaosaken emas lan slaka, kalayan panyuwun kersaa panjenengan medhot sesambetan panjenengan kaliyan Baesa, raja Israèl, supados piyambakipun narik wangsul tentaranipun saking daérah kula."

4Bènhadad ngrujuki usulé Raja Asa, nuli utusan perwira-perwirané karo pasukané nyerang kutha-kutha Israèl. Kutha-kutha sing ditelukaké yakuwi: Iyin, Dhan, Abèl-Bèt-Maaka lan kutha-kutha sing kanggo nyimpen tandhon ing Naftali.

5Bareng Baesa krungu lelakon mau banjur mbatalaké enggoné nyentosani kutha Rama lan lunga saka kono.

6Raja Asa banjur ngerigaké wong Yéhuda kabèh didhawuhi ngusungi watu lan kayu sing déning Baesa kanggo nyantosani Rama. Barang-barang mau dipigunakaké déning Raja Asa kanggo nyantosani kutha Géba lan Mizpa.

7Kecrita Nabi Hanani sowan marang Raja Asa, aturé, "Sarèhné panjenengan suméndhé dhateng raja Siria lan mboten dhateng Pangéran Allah panjenengan, pramila panjenengan mboten badhé saged nelukaken tentara Siria.

8Menapa Sudan lan Libia angkatan perangipun mboten ageng sarta gadhah kréta perang lan tentara kapalan? Éwasemanten Pangéran maringi kemenangan dhateng panjenengan, mergi panjenengan pasrah ing Pangéran.

9Menapa Pangéran mboten ngwaosi bumi saisinipun lan ngetingalaken kasektènipun dhateng tiyang-tiyang ingkang setya dhateng Panjenenganipun? Menapa ingkang panjenengan tindakaken menika kirang prayogi, pramila wiwit samenika panjenengan badhé tansah ngalami peprangan."

10Aturé Nabi Hanani mau gawé dukané Raja Asa, nganti nabi mau dilebokaké ing kunjara. Nalika semono Raja Asa uga nindakaké panganiaya marang rakyaté sawetara.

11Sejarahé pepréntahané Raja Asa kabèh wis ditulis wiwit-wiwitan tekan pungkasan ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda lan Israèl.

12Nalika pepréntahané nyandhak taun ping telung puluh sangané, sampéyané Raja Asa karo-karoné gerah banget. Éwasemono Raja Asa ora nyuwun pitulungan marang Pangéran, malah marang dhukun.

13Let rong taun Raja Asa séda.

14Layoné diborèhi nganggo anggi-anggi lan lenga wangi, banjur disarèkaké ing pesaréané raja-raja ing kuthané Dawud. Kanggo ngurmati panjenengané rakyat gawé api unggun gedhé banget.



 <<  2 Tawarikh 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel