Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 2 >> 

1Raja Suléman mutusaké arep yasa Pedalemané Allah lan kedhaton kagem piyambak.

2Banjur nekakaké wong 70.000 kanggo ngangkut bahan bangunan lan wong 80.000 kanggo natah watu ing pegunungan, sarta wong telung èwu nem atus sing dadi mandhor, supaya ngawasi pegawéan mau kabèh.

3Suléman kirim layang marang Hiram, raja Tirus, surasané mengkéné, "Panjenengan mugi kersa nyambut-damel sesarengan kaliyan kula, kados ingkang sampun naté panjenengan tindakaken kaliyan Dawud, bapak kula. Panjenengan sampun naté nyadé kajeng cemara Libanon dhateng bapak kanggé yasa kedhatonipun.

4Samenika kula kepéngin yasa gedhong pamujan kanggé ngibadah dhateng Pangéran Allah kula. Ing gedhong menika kula lan rakyat kula badhé ngibadah lan mbesmi menyan tuwin anggi-anggi arum. Badhé nyaosaken roti saosan kagem Panjenenganipun, sarta saos kurban obongan saben énjing lan sonten. Inggih saben dinten Sabbat lan dinten Riaya Wulan Énggal, tuwin dinten-dinten mirunggan ingkang kadhawuhaken déning Pangéran, Allah kula, kanggé ngurmati Panjenenganipun, awit Allah sampun paring dhawuh supados umat Israèl selaminipun nindakaken prekawis menika.

5Pedalemanipun Allah ingkang badhé kula yasa menika kedah saé sanget, mergi Allah kula menika langkung luhur tinimbang para déwa pundi kémawon.

6Nanging sejatosipun mboten wonten tiyang setunggal-setunggala ingkang saged yasa Pedaleman kagem Allah, mergi jagad raya menika mboten pantes kagem Panjenenganipun. Dados, Pedalemanipun Allah ingkang badhé kula yasa menika inggil-inggilipun namung cekap kanggé mbesmi menyan konjuk dhateng Allah!

7Pramila panjenengan mugi kersa ngutus tiyang ingkang ahli damel hiasan saking emas, slaka, prunggu lan tosan, semanten ugi ahli damel barang-barang saking mori biru, wungu lan abrit, sarta ahli bab ukuran. Tiyang menika supados nyambut-damel sesarengan kaliyan para ahli saking Yéhuda lan Yérusalèm, ingkang sampun kapilih déning bapak kula Dawud.

8Kula ngertos, bilih para tukang negor kajeng ing negari panjenengan pinter-pinter, pramila panjenengan kersaa ngintun saking Libanon kajeng cemara lan kajeng cendhana werni-werni dhateng kula. Kula badhé ndhatengaken tiyang-tiyang kula supados mbiyantu tiyang-tiyang panjenengan,

9nyawisaken kajeng sakiyatipun. Pedalemanipun Allah ingkang badhé kula yasa menika kedah ageng lan saé.

10Kanggé tedhanipun tiyang-tiyang panjenengan, kula badhé ngintun dhateng panjenengan gandum 2.000 ton, jewawut 2.000 ton, anggur 400.000 liter lan lisah zaitun 400.000 liter."

11Layangé Raja Suléman mau diwangsuli déning Raja Hiram mengkéné, "Mergi Pangéran nresnani bangsa panjenengan, mila Pangéran ngangkat panjenengan dados raja.

12Pinujia Pangéran, Allahipun Israèl. Allah ingkang nitahaken langit lan bumi! Allah sampun maringaken dhateng Dawud, putra ingkang wicaksana lan wasis sanget, ingkang badhé yasa Dalem kagem Allah sarta kedhaton.

13Sareng kaliyan serat menika kula kintun utusan tiyang ingkang ahli, ingkang pinter saha wicaksana, namanipun Huram.

14Ibunipun saking suku Dhan, bapakipun tiyang Tirus. Tiyang menika pinter damel barang-barang saking emas, slaka, prunggu, tosan, séla, tuwin kajeng. Ugi saged damel léna biru, wungu lan abrit, mekaten ugi kain léna. Malah ugi saged damel ukiran menapa kémawon miturut modhèl ingkang panjenengan kersakaken. Prayogi menawi piyambakipun dipun dhawuhi nyambut-damel sesarengan kaliyan para tukang panjenengan saha kaliyan tiyang-tiyang ingkang sampun nyambut-damel kagem keng rama.

15Kula ngantos-antos kintunan gandum, jewawut, anggur lan lisah zaitun ingkang panjenengan janjèkaken menika.

16Kula badhé negor kajeng cemara saking paredèn Libanon pinten kémawon ingkang panjenengan kersakaken, lajeng badhé karakit, lan kakéntiraken medal seganten ngantos dumugi Yopé. Saking ngriku panjenengan saged utusan ngangkut kajeng-kajeng wau dhateng Yérusalèm."

17Raja Suléman nyacahaké wong manca sing manggon ing Israèl, kaya sing dianakaké déning Raja Dawud, ramané. Ketitik cacahé wong manca ana 153.600.

18Saka antarané wong-wong mau, 70.000 didhawuhi ngangkut bahan bangunan, 80.000 didhawuhi natah watu ing pegunungan, lan 3.600 didhawuhi dadi mandhor, sing ngawasi pegawéan mau.



 <<  2 Tawarikh 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel