Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 24 >> 

1Nalika Yoas dadi raja Yéhuda, yuswané pitung taun. Lawasé dadi raja ing Yérusalèm 40 taun. Asmané ibuné Zibya saka Bèrsyéba.

2Selawasé Imam Yoyada isih sugeng, Raja Yoas nindakaké apa kang dadi renaning penggalihé Pangéran.

3Yoyada milih wong wadon loro kanggo garwané Yoas, lan saka garwa loro mau Yoas kaparingan putra-putra kakung lan putri.

4Sawisé dadi raja sawetara lawasé Yoas nuli kagungan kersa ndandani Pedalemané Allah.

5Para imam lan wong Lèwi padha didhawuhi mider marani para penduduk ing kutha-kutha satanah Yéhuda kabèh lan nglumpukaké dhuwit saka rakyat kanggo ndandani Pedalemané Allah saben taun. Senajan padha didhawuhi supaya cékat-cèket, nanging para wong Lèwi nyambut-gawéné nguler kambang.

6Mulané Raja Yoas banjur nimbali Yoyada, penggedhéné para imam lan wong Lèwi, lan dingandikani mengkéné, "Menapa sanès Musa, abdinipun Allah, ingkang dhawuh supados rakyat mbayar pajeg kanggé ngragadi Kémah Suci? Kénging menapa tiyang Lèwi mboten panjenengan dhawuhi nglempakaken arta saking rakyat ing Yéhuda lan Yérusalèm?"

7(Para penganuté Atalia, wong ala mau, wis ngrusak Pedalemané Allah, lan akèh barang sing kagem Gusti Allah piyambak, dienggo nyembah Baal.)

8Sang Prabu banjur dhawuh supaya wong Lèwi gawé pethi wadhah dhuwit lan ndokokaké pethi mau ana ing lawanging gapurané Pedalemané Allah.

9Banjur diumumaké marang wong Yérusalèm lan Yéhuda kabèh, yèn saben wong kudu mbayar pajeg kagem Gusti Allah, kaya sing didhawuhaké déning Musa.

10Pengumuman mau gawé bungahé rakyat lan para pemimpiné. Wong-wong padha mbayar pajeg, dilebokaké bebarengan ana ing pethi mau.

11Samasa pethi mau digawa déning wong Lèwi, dipasrahaké marang punggawané Sang Prabu sing ditugasaké ngurusi, pethi mau kebak dhuwit. Pethiné nuli disuntak lan diseksèni déning Sèkretaris negara lan wakilé Imam Agung. Sawisé kothong, pethi mau dibalèkaké menèh ing panggonané. Mengkono tumindak saben dina, mula dhuwit sing nglumpuk dadi akèh banget.

12Sang Prabu lan Imam Yoyada masrahaké dhuwit mau marang para mandhor, sing ndhawuhi tukang batu, tukang kayu lan para sayang, yakuwi para tukang sing gawé barang-barang saka logam.

13Wong-wong mau padha sengkud enggoné nyambut-gawé ndandani Pedalemané Allah, mula dadi kuwat lan éndah kaya sing ndhisik.

14Sawisé rampung, turahané emas lan slaka dipasrahaké marang Sang Prabu lan Yoyada. Emas lan slaka mau banjur dilebur, didadèkaké mangkok lan prabot liya-liyané ing Pedalemané Allah. Sajroné Imam Yoyada isih sugeng, ing Pedalemané Allah ora kendhat dianakaké kurban.

15Yoyada kaparingan panjang yuswa. Nalika séda yuswané 130 taun.

16Panjenengané disarèkaké ana ing pesaréané raja-raja ing Kuthané Dawud, minangka pakurmatan tumraping labeté marang Allah, Pedalemané Allah lan umat Israèl.

17Sapungkuré Yoyada, Raja Yoas kena pengaruhé para pemimpiné Yéhuda, nganti ora maèlu menèh marang piwulangé Yoyada.

18Rakyat ora nindakaké pangibadah menèh ana ing Pedalemané Pangéran, Allah sesembahané para leluhuré, nanging padha nyembah brahala lan reca-recané Dèwi Asyéra. Dosa sing mengkono mau gawé dukané Pangéran marang Yéhuda lan Yérusalèm.

19Gusti Allah banjur ngutus para nabiné, ngélingaké wong-wong mau, supaya padha ngabekti marang Pangéran, nanging rakyat padha ora nggugu.

20Rohé Pangéran banjur ngwaosi Zakharia, putrané Imam Yoyada. Zakharia maju ing ngarepé rakyat lan nywara sora, "Pangéran dhawuh mengkéné, ‘Yagéné kowé padha ora nglakoni dhawuh-Ku lan gawé cilakané awakmu dhéwé. Sarèhné kowé wis padha nyingkur marang Aku, mulané Aku iya nyingkur marang kowé!’"

21(24:21-22) Nanging rakyat padha sekuthon nglawan marang Zakharia, lan Raja Yoas iya mèlu ing sekuthon mau. Raja Yoas ora ngélingi marang labeté lan kasetyané Yoyada, bapakné Zakharia. Atas dhawuhé Sang Prabu Zakharia dibenturi watu nganti mati ana ing platarané Pedalemané Allah. Nalika arep tilar Zakharia kandha, "Pangéran mirsani tumindakmu iki lan malesaké."

22(24:21)

23Ing taun kuwi uga, nalika ganti mangsa, tentara Siria nglurug perang nyerang Yéhuda lan Yérusalèm, para pemimpin kabèh dipatèni lan barang-barang sing dirampas digawa menyang Damsyik.

24Cacahé tentara Siria kuwi mung sethithik, nanging Pangéran marengaké tentara mau nelukaké tentara Yéhuda, sing cacahé luwih akèh, merga wong Yéhuda padha nyingkur marang Pangéran, Allahé leluhuré. Srana patrap mengkono Gusti Allah maringi paukuman marang Raja Yoas.

25Raja Yoas ketaton, mangka tatuné gawat banget. Sawisé tentarané mungsuh teka, ana punggawané Yoas loro padha sekuthon. Raja Yoas disédani ing pesaréan, minangka malesaké patiné Zakharia, putrané Imam Yoyada. Raja Yoas disarèkaké ana ing Kuthané Dawud, nanging ora ana ing pesaréané para raja.

26(Wong-wong sing padha sekuthon nglawan Raja Yoas yakuwi Zabad anaké Simeat, wong wadon saka Amon, lan Yozabad anaké Simrit, wong wadon saka Moab.)

27Ing Kitab Tafsir lan Para Raja isi crita-crita bab para putrané Yoas, pameca-pameca bab panjenengané, lan bab enggoné ndandani Pedalemané Allah. Raja Yoas digentèni déning Amazia, putrané.



 <<  2 Tawarikh 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel