Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 25 >> 

1Amazia dadi raja nalika yuswané selawé taun. Lawasé dadi raja ing Yérusalèm sangalikur taun. Asmané ibuné Yoadan saka Yérusalèm.

2Raja Amazia tumindaké gawé renaning penggalihé Allah, nanging ora klawan éklasing ati.

3Sawisé rumangsa kuwat enggoné dadi raja banjur ndhawahaké paukuman pati marang para pegawé sing matèni ramané.

4Nanging para anaké pegawé mau ora dipatèni, merga éling marang dhawuhé Pangéran ing Kitabé Musa, sing surasané, "Aja ngukum wong tuwa merga piala sing dilakoni déning anak-anaké, lan aja ngukum pati anak merga piala sing dilakoni déning wong tuwané. Saben wong mung kena diukum merga piala sing dilakoni dhéwé."

5Raja Amazia nglumpukaké wong-wong saka taler Yéhuda lan taler Bènyamin kabèh, didhawuhi nglumpuk manut gotrahé dhéwé-dhéwé, dipimpin déning komandhan pasukan éwon lan komandhan pasukan atusan. Sang Prabu banjur milih wong-wong sing umuré rong puluh taun munggah, sing pinter perang lan trampil migunakaké tumbak lan tamèng. Cacahé ana 300.000.

6Kejaba kuwi Sang Prabu nyéwa prejurit Israèl 100.000 sing dibayar nganggo slaka kira-kira 3.400 kilogram.

7Nanging ana nabi sowan marang Sang Prabu karo matur, "Panjenengan sampun ngantos migunakaken prejurit-prejurit Israèl menika, sebab Pangéran mboten badhé ngayomi tiyang-tiyang menika.

8Panjenengan mesthi badhé dipun ulungaken déning Pangéran dhateng tanganipun mengsah, senajan ta tentara panjenengan kiyat lan kendel. Mergi namung Allah piyambak ingkang kwaos maringi menang utawi kawon."

9Pangandikané Raja Amazia, "Lajeng kadospundi menggah arta slaka ingkang sampun kula sukakaken dhateng tiyang-tiyang menika?" Aturé nabi, "Pangéran kwaos mangsulaken dhateng panjenengan langkung saking menika!"

10Prejurit-prejurit mau banjur dibubaraké déning Raja Amazia, didhawuhi mulih. Wong-wong mau iya banjur padha mulih, nanging karo nepsu banget.

11Raja Amazia penggalihé dikendel-kendelaké, banjur ngirid tentarané menyang Lembah Asin. Ana ing peprangan kono balané Raja Amazia matèni prejurit Édom cacahé 10.000.

12Sing 10.000 liyané ditawan. Tawanan mau padha digawa menyang pucaké gunung watu ing kutha Séla lan dijorogaké saka pucak mau mengisor, mula padha mati.

13Nanging kecrita prejurit-prejurit Israèl sing dikon mulih déning Raja Amazia padha nyerang kutha-kutha Yéhuda sing ana ing antarané Samaria lan Bèt-Horon. Prejurit-prejurit mau padha matèni wong cacahé 3.000 lan njarah-rayah barang akèh banget.

14Sawisé nelukaké tentara Édom, Raja Amazia kondur ngasta reca-reca brahalané bangsa Édom, didokokaké ing Yéhuda. Raja Amazia ngobong menyan ing ngarepé reca-reca mau; lan reca mau padha disembah.

15Tumindaké sing mengkono mau gawé dukané Gusti Allah, mula banjur ngutus nabi nemoni Raja Amazia. Aturé nabi mau, "Kénging menapa panjenengan nyembah dhateng déwanipun bangsa sanès ingkang mboten saged milujengaken bangsanipun piyambak saking asta panjenengan?"

16Pangandikané Raja Amazia, "Hus, meneng. Aku ora tau ngangkat kowé dadi penaséhatku." Nabi mau banjur meneng, nanging isih bisa matur, "Samenika kula mangertos, bilih Gusti Allah badhé numpes panjenengan, mergi saking tindak panjenengan menika, lan mergi panjenengan mboten maèlu dhateng atur kula."

17Amazia, raja Yéhuda rembugan karo para penaséhaté arep nglawan Israèl. Banjur ngutus utusan marang Yoas, raja Israèl, putrané Yoahas, putuné Yéhu, ditantang.

18Nanging Raja Yoas mangsuli mengkéné, "Wit eri ingkang wonten ing paredèn Libanon menika kèngkènan manggihi wit cemara, ‘Hèh wit cemara, anakmu prawan kuwi wènèhna anakku, karebèn dipèk bojo.’ Nanging sesampunipun menika wonten kéwan wana langkung lan ngidak-idak wit eri wau.

19Amazia, panjenengan sampun nelukaken tiyang Édom, pramila samenika gumunggung. Langkung prayogi panjenengan wonten ing dalem kémawon. Kénging menapa kokpados dhadhakan, ingkang namung badhé damel sisah dhateng panjenengan piyambak saha rakyat panjenengan?"

20Nanging Raja Amazia ora ngrèwès marang pangandikané Raja Yoas. Lan pancèn wis dadi kersané Pangéran ngulungaké Raja Amazia marang tangané mungsuhé, merga panjenengané nyembah brahalané wong Édom.

21Mulané Yoas raja Israèl iya banjur budhal perang nglawan Amazia raja Yéhuda. Loro-loroné padha adhep-adhepan ana ing Bèt-Sèmès, ing Yéhuda.

22Tentarané Yéhuda kalah perangé lan prejurité padha keplayu, mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.

23Raja Amazia banjur dicekel déning Raja Yoas lan digawa menyang Yérusalèm. Témboké kutha Yérusalèm dijugrugaké déning Raja Yoas, dawané kira-kira 200 mèter, saka Gapura Éfraim tekan Gapura Pojok.

24Sakèhé emas, slaka lan bekakas liya-liyané ing Pedalemané Allah lan praboté Pedaleman sing dijaga déning anak-turuné Obèd-Édom, sarta raja-branané kedhaton, kabèh digawa déning Raja Yoas menyang Samaria. Kejaba kuwi iya nggawa wong sawetara didadèkaké tanggungan.

25Sawisé Yoas raja Israèl séda, Raja Amazia isih sugeng limalas taun.

26(25:26-28) Wiwit nalika Raja Amazia nyingkur marang Pangéran wong ing Yérusalèm padha sekuthon nglawan marang panjenengané. Mulané Sang Prabu ngungsi menyang kutha Lakhis, nanging dioyak déning mungsuh-mungsuhé sarta disédani ana ing kana. Layoné digawa nganggo kréta menyang Yérusalèm lan disarèkaké ing pesaréané para raja ing kuthané Dawud. Riwayaté Raja Amazia liyané, wiwit-wiwitan tekan wekasané pepréntahané, katulis kabèh ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja ing Yéhuda lan Israèl.

27(25:26)

28(25:26)



 <<  2 Tawarikh 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel