Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 28 >> 

1Nalika Akhas dadi raja, umuré rong puluh taun; manggoné ing Yérusalèm, lawasé nembelas taun. Akhas ora manut tuladha sing becik saka Raja Dawud, malah nylèwèng ora gawé renaning penggalihé Pangéran.

2Tumindaké kaya raja-raja ing Israèl, lan wong padha gawé reca-recané Baal saka logam,

3sarta padha ngobong menyan ing Lebak Ben-Hinom. Malah putrané piyambak digawé kurban marang brahala, manut adat sing ditindakaké déning wong-wong sing ditundhung déning Pangéran saka tanah Kenaan nalikané wong Israèl mlebu ing tanah kono.

4Raja Akhas gawé kurban lan ngobong menyan ing papan-papan panyembahan brahala sing ana ing désa-désa lan pegunungan, ing sangisoring wit-wit gedhé.

5(28:5-6) Sarèhné Raja Akhas nglakoni dosa, mulané Allah négakaké Raja Akhas ditelukaké déning Siria, lan sebagéan gedhé wong Yéhuda ditawan, digawa menyang Damsyik. Raja Akhas iya ditégakaké déning Pangéran, mula ditelukaké déning Pékah bin Rémalya, raja ing Israèl. Sajroné sedina Pékah matèni prejurit Yéhuda sing kendel perang, cacahé 120.000. Kabèh mau kelakoné merga wong Yéhuda ditégakaké déning Pangéran, Allahé leluhuré, ora liya merga enggoné padha nyingkur marang Panjenengané.

6(28:5)

7Putrané Akhas, yakuwi Maaséya dipatèni déning Zikri, prejurit Israèl. Wong mau iya matèni Azrikam, penggedhéné kedhaton lan Èlkana, andel-andelé Sang Raja.

8Senajan wong-wong Yéhuda kuwi tunggal bangsa karo wong-wong Israèl, éwasemono wong Israèl tegel nawan wong wadon lan bocah-bocah Yéhuda, cacahé 200.000. Wong-wong mau padha digawa menyang Samaria, bebarengan karo barang rampasan pirang-pirang.

9Kecrita ana nabiné Allah, jenengé Odèd, manggon ing Samaria. Nalika tentara Israèl bali saka Yéhuda nggawa tawanan arep mlebu ing Samaria dipethukaké karo Nabi Odèd. Pangandikané mengkéné, "Enggonmu bisa nelukaké wong Yéhuda kuwi merga Pangéran, Allahé leluhurmu, duka marang Yéhuda. Nanging Allah pirsa yèn caramu matèni tentara Yéhuda kuwi klawan siya-siya.

10Lan saiki wong-wong Yérusalèm lan Yéhuda arep kokdadèkaké batur-tukonmu? Apa kowé padha ora rumangsa yèn wis nglakoni dosa ana ing ngarsané Allahmu?

11Rungokna! Wong-wong tawanan kuwi rak sedulurmu dhéwé. Mulané padha konen mulih. Yèn ora, Gusti Allah bakal duka lan kowé bakal padha diukum!"

12Tokoh Israèl papat, yakuwi: Azaria bin Yohanan, Bèrékia bin Mesilémot, Yehizkia bin Salum lan Amasa bin Hadlai, iya padha ora nyarujuki tumindaké tentara sing teka mau.

13Tembungé, "Tawanan-tawanan kuwi aja digawa mréné! Kita wis gawé dosa ing ngarsané Allah, lan dosa-dosa kita wis cukup kanggo ngukum kita. Pokalmu kuwi mung bakal nambahi dosa kita."

14Prejurit-prejurit banjur masrahaké para tawanan lan barang-barang saka olèhé njarah, marang rakyat lan para pemimpiné.

15Tokoh papat Israèl mau banjur ngurus para tawanan. Sandhangan lan barang-barang jarahan dibalèkaké marang para tawanan. Para tawanan mau uga didumi sepatu, diwènèhi mangan lan ngombé. Sing tatu padha ditambani nganggo lenga zaitun. Sing ora bisa mlaku ditunggangaké kuldi. Para tawanan mau banjur padha digawa menyang Yérikho, kutha kurma, supaya padha bisa bali menyang omahé dhéwé-dhéwé ing Yéhuda. Sawisé mengkono wong Israèl iya banjur bali menyang Samaria.

16(28:16-17) Wong Édom wiwit nyerang Yéhuda menèh. Akèh wong Yéhuda sing dicekel. Mulané Raja Akhas nyuwun pitulungan marang Tiglat-Pilèsèr, raja Asyur, supaya ngutus balané menyang Yéhuda.

17(28:16)

18Nalika semono wong Filistin iya lagi nyerbu kutha-kutha sing ana ing sikilé gunung sisih Kulon, lan daérah-daérah ing sisih kidulé Yéhuda. Sing direbut wong Filistin yakuwi kutha-kutha Bèt-Sèmès, Ayalon, Gidérot, Sokho, Timna lan Gomzo.

19Sarèhné Akhas, raja Yéhuda tumindak sawenang-wenang marang rakyat lan nglawan marang Allah, Pangéran banjur nekakaké rerusuh ing Yéhuda.

20Tekané Tiglat-Pilèsèr mau ora merga arep mbiyantu marang Raja Akhas, malah mung arep gawé susahé.

21Mulané Raja Akhas mau banjur dicaosi emas sing diklumpukaké saka Pedalemané Allah, saka kedhaton lan saka brayat-brayaté para pemimpin. Nanging kuwi kabèh ora ana gunané.

22Ing kaanan sing sarwa répot mau Raja Akhas enggoné gawé dosa marang Pangéran malah saya ndadi.

23Raja Akhas gawé susahé rakyat lan awaké dhéwé, merga saka enggoné nyembah brahala-brahalané wong Siria. Rumangsané déwa-déwa mau sing marakaké Raja Akhas kalah perangé. Gagasané, "Déwa-déwa Siria kuwi sing mbiyantu raja-raja Siria. Mulané angger aku saos kurban marang déwa-déwa mau, bisa uga banjur padha awèh pitulungan marang aku."

24Raja Akhas banjur mundhuti sakèhé praboté Pedalemané Allah lan dirusak. Pedalemané Allah ditutup, sarta rata sak Yérusalèm kabèh didegi mesbèh.

25Saben kutha lan saben désa ing Yéhuda didegi papan-papan panyembahan brahala, kanggo ngobong menyan marang déwa-déwané bangsa liya. Srana mengkono Raja Akhas gawé dukané Pangéran, Allahé para leluhuré.

26Riwayaté Akhas olèhé dadi raja lan lelakoné kabèh kacathet ing Kitab Sejarahé Para Raja Yéhuda lan Israèl.

27Raja Akhas séda lan disarèkaké ing Yérusalèm, nanging ora ana ing pesaréané para raja. Hizkia, putrané, nggentèni dadi raja.



 <<  2 Tawarikh 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel