Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 29 >> 

1Nalika Hizkia dadi raja ing Yéhuda umuré selawé taun, manggèn ing Yérusalèm, lawasé dadi raja sangalikur taun. Asmané ibuné Abia binti Zakharia.

2Hizkia tumindaké gawé renaning penggalihé Allah, kaya Raja Dawud, leluhuré.

3Nalika sasi kapisan, ing taun wiwitaning pepréntahané, Raja Hizkia mbikak lawang-lawangé Pedalemané Allah lan dhawuh supaya Pedaleman mau didandani.

4Para imam lan wong Lèwi didhawuhi nglumpuk ana ing platarané Pedalemané Allah sing sisih Wétan.

5Raja Hizkia ngandika karo wong-wong mau, dhawuhé, "Kowé wong-wong Lèwi kudu nucèkaké awakmu kagem Gusti Allah, lan nucèkaké Pedalemané Pangéran, Allahé leluhurmu. Apa waé sing gawé najisé Pedaleman iki kudu disingkiraké.

6Para leluhur kita padha ora setya marang Allah sarta nglakoni sing ora gawé renaning penggalihé. Padha ora mreduli marang Panjenengané lan ora mreduli marang Pedalemané.

7Lawang-lawangé Pedaleman padha ditutup lan lampu-lampuné dipatèni. Ora ana wong ngobong menyan utawa nyaosaké kurban obongan ing Pedaleman kéné.

8Mulané Gusti Allah duka lan ngukum wong Yéhuda lan Yérusalèm. Lan kowé padha weruh dhéwé sepira pendamelé Allah mau gawé rekasané lan girisé wong kabèh.

9Bapak-bapak kita padha tiwas ana ing peprangan, lan anak-bojo kita padha diboyong dadi tawanan.

10Saiki aku arep gawé prejanjian karo Pangéran, Allahé Israèl, supaya Panjenengané ora duka menèh marang kita.

11Kowé anak-anakku, aja padha semaya, merga kowé sing dipilih déning Allah ngobong menyan kagem Panjenengané lan dipilih nuntun rakyat supaya ngabekti marang Panjenengané."

12(29:12-14) Wong-wong Lèwi sing nalika semono padha nglumpuk yakuwi: Saka gotrahé Kéhat: Mahat bin Amasi lan Yoèl bin Azaria. Saka gotrahé Mérari: Kis bin Abdi lan Azaria bin Yehaléleèl. Saka gotrahé Gèrson: Yoah bin Zima lan Èden bin Yoah. Saka gotrahé Élisafan: Simri lan Yeièl. Saka gotrahé Asaf: Zakharia lan Matania. Saka gotrahé Héman: Yehièl lan Simèi. Saka gotrahé Yedhutun: Semaya lan Uzièl.

13(29:12)

14(29:12)

15(29:15-16) Wong-wong mau banjur padha nglumpukaké wong Lèwi liya-liyané. Kabèh banjur padha sesuci. Sawisé mengkono para imam banjur mlebu ing Pedalemané Allah lan padha nucèkaké Pedaleman mau, kaya sing dadi dhawuhé Sang Prabu. Kabèh barang sing najis digawa metu menyang pekarangané Pedalemané Allah. Saka kono banjur digawa déning para wong Lèwi menyang Lebak Kidron, ing sanjabané kutha.

16(29:15)

17Pegawéan mau katindakaké wiwit tanggal siji sasi kapisan. Nalika tanggal kawoluné wong-wong wis padha rampung enggoné ngresiki plataran tekan bangsalé Pedaleman sing ngarep dhéwé. Sawisé mengkono banjur padha nucèkaké gedhongé Pedaleman kabèh, lawasé wolung dina, temah bareng tanggal nembelas sasi mau kabèh wis rampung.

18Wong-wong Lèwi banjur padha ngaturi pirsa marang Sang Prabu Hizkia, "Pedalemanipun Allah sawetahipun sampun kula sucèkaken, dalah mesbèh kurban obongan, méja kanggé roti sajèn lan sedaya ubarampénipun.

19Prabot-prabot ingkang dipun singkiraken déning Raja Akhas nalika panjenenganipun mboten mreduli dhateng Pangéran selaminipun dados raja, inggih sampun sami kula wangsulaken. Sedaya prabot ingkang kasucèkaken kagem Allah sampun sami kula klempakaken lan samenika kula papanaken wonten ing sangajenging mesbèh."

20Raja Hizkia énggal-énggal nglumpukaké tokoh-tokoh masarakat, banjur tindak bebarengan karo wong-wong mau menyang Pedalemané Allah.

21Banjur padha saos kurban pangapuraning dosa kanggo brayaté Sang Prabu lan rakyat Yéhuda, mengkono uga kanggo nucèkaké Pedalemané Allah, rupa sapi lanang pitu, wedhus gèmbèl, cempé pitu lan wedhus jawa pitu. Sang Prabu banjur ndhawuhi para imam tedhaké Harun nyaosaké kéwan-kéwan mau kagawé kurban obongan ana ing mesbèh.

22Sing dhisik dhéwé imam-imam mau nyembelèhi sapi-sapiné lan nyiramaké getihé ana ing mesbèh. Sawisé mengkono banjur gentèn wedhusé gèmbèl pitu lan cempéné gèmbèl pitu disembelèh lan getihé disiramaké ana ing mesbèh.

23Sing kèri dhéwé imam-imam mau banjur njupuk wedhus-wedhusé jawa, digawa menyang ngarsané Sang Prabu lan rakyat kang lagi padha ngibadah ana ing kono. Wong kabèh padha numpangaké tangané ana ing wedhus-wedhus mau.

24Wedhus-wedhus mau nuli disembelèh lan getihé disiramaké ana ing mesbèh minangka kurban pangapuraning dosa kanggo rakyat kabèh. Kuwi kabèh atas dhawuhé Sang Prabu supaya nyaosaké kurban obongan lan kurban pangapuraning dosa kanggo rakyat Israèl kabèh.

25Sang Prabu iya ndhawuhaké supaya wong Lèwi padha ngunèkaké clempung lan kentrung sing diagem Dawud ana ing Pedalemané Allah, miturut pitedahé Pangéran marang Raja Dawud lantaran Nabi Gad, penaséhaté, lan Nabi Natan.

26Para imam iya didhawuhi ngunèkaké slomprèt.

27Raja Hizkia dhawuh supaya upacara nyaosaké kurban diwiwiti. Sajroné kurban disaosaké, wong-wong padha memuji marang Pangéran, liyané padha ngunèkaké slomprèté sarta ngunèkaké tetabuhan liyané.

28(29:28-29) Raja Hizkia lan wong-wong sing ana ing kono banjur padha nyembah sujud marang Pangéran. Sing menyanyi padha terus menyanyi, sing tetabuhan iya terus ngunèkaké tetabuhané nganti kurban kabèh rampung kasaosaké.

29(29:28)

30Sang Prabu lan para pemimpiné masarakat padha ndhawuhi wong Lèwi supaya menyanyi kagem Allah lelagon karangané Raja Dawud lan Nabi Asaf. Wong kabèh padha menyanyi klawan bungah, karo sujud lan nyembah marang Allah.

31Sawisé mengkono Raja Hizkia banjur ngandika, "Sarèhné kowé wis padha disucèkaké, mulané kudu saos panuwun srana nyaosaké kurban marang Pangéran." Wong-wong mau uga banjur nglakoni dhawuhé Hizkia, sarta padha saos kurban miturut rilaning atiné, rupa kéwan-kéwan,

32yakuwi sapi lanang 70, wedhus gèmbèl 100 lan cempé gèmbèl 200, kabèh kagawé kurban obongan konjuk marang Pangéran.

33Wong-wong sing ana ing kono iya nganakaké kembulan mangan sarta nyembelèh sapi lanang 600 lan wedhus gèmbèl 3.000.

34Cacahé imam sing wis disucèkaké ora nyukupi kanggo ngelèti kéwan semono akèhé. Mulané banjur diréwangi para wong Lèwi, merga wong Lèwi luwih ngemenaké marang prenatan sesuci. Wong-wong mau padha tetep mbiyantu para imam nganti cacahé imam sing nucèkaké awaké wis cukup.

35Kejaba kurban obongan, para imam uga nyaosaké gajihé kurban sukuran sing dipangan déning rakyat. Semono uga padha nyaosaké kurban anggur sing diesok bebarengan karo kurban obongan mau. Kaya mengkono pangibadah ing Pedalemané Allah dianakaké menèh.

36Raja Hizkia lan rakyat padha seneng atiné merga Allah wis paring pambiyantu nganti enggoné mrenata mau kabèh énggal rampung.



 <<  2 Tawarikh 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel