Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 32 >> 

1Sajroné Raja Hizkia nindakaké prekara-prekara sing nélakaké kasetyané marang Pangéran, Sanhérib teka nyerang Yéhuda. Kutha-kutha sing ana bètèngé dikepung, lan pasukané dipréntah supaya ngrebut kutha-kutha mau.

2Bareng ngerti yèn Sanhérib nedya nyerbu Yérusalèm,

3(32:3-4) Hizkia lan para punggawané banjur mutusaké mepeti banyu sing mili menyang sanjabané kutha, supaya wong-wong Asyur samangsa teka ing sacedhaké Yérusalèm, ora olèh banyu. Wong-wong sing dikerigaké para pegawéné Hizkia kanggo nyumpet banyu sing mili metu saka kutha, cacahé akèh banget.

4(32:3)

5Kutha Yérusalèm dikuwati srana ndandani témboké lan didegi menara-menara ing sandhuwuré témbok, sarta iya mbangun témbok njaba. Kejaba kuwi Sang Prabu ndandani bètèng sing didegaké ana ing tanah urugan, sawétané kutha Yérusalèm sing lawas. Panjenengané iya dhawuh gawé tumbak lan tamèng akèh banget.

6Uga ngangkat perwira-perwira sing didhawuhi mimpin wong lanang-lanang sing ana ing kutha. Wong-wong mau didhawuhi nglumpuk ana ing ara-ara sangarepé gapuraning kutha. Banjur dingandikani mengkéné,

7"Padha ditatag atimu lan sing gedhé precayamu; aja wedi karo raja Asyur utawa marang balané. Kekuwatan sing ana ing pihak kita luwih gedhé ketimbang karo sing ana ing pihaké kana.

8Kekuwatané raja Asyur kuwi kekuwatané manungsa, nanging kita padha duwé Allah sing mbiyantu kita lan perang kanggo kita." Krungu pangandikané Sang Prabu mengkono mau rakyat dadi kendel.

9Ora wetara suwé, nalika isih ana ing Lakhis karo wadya balané, Sanhérib kirim utusan marang Raja Hizkia lan rakyat Yéhuda ing Yérusalèm dikon muni mengkéné,

10"Aku Sanhérib raja Asyur, kepéngin takon karo kowé, kokwani-wanimu tetep manggon ing Yérusalèm, sing lagi dikepung mungsuh?

11Apa kowé dikandhani Raja Hizkia yèn Allahmu bakal ngluwari kowé saka pangwasaku? Aja padha precaya, merga kuwi rak mung kanggo ngapusi kowé. Kowé bakal ditégakaké mati kaliren lan mati kasatan.

12Rak wong-wong kuwi sing nggempuri papan-papan pangibadah lan mesbèh-mesbèh Pangéran, lan akon wong Yéhuda sarta wong Yérusalèm ngobong menyan mung ana ing panggonan siji waé.

13Apa kowé padha ora weruh apa sing wis ditindakaké déning para leluhurku lan déning aku dhéwé tumrap bangsa-bangsa liya? Durung tau ana déwa bisa ngluwari bangsané saka pangwasané raja Asyur!

14Endi déwa sing keconggah? Dadiné, déwamu iya tangèh bisané nylametaké nyawamu.

15Kowé aja kena diapusi utawa diojok-ojoki ratumu! Aja ngandel! Sebab durung tau ana déwa endi waé keconggah ngluwari bangsané saka pangwasané raja Asyur. Uga déwamu ora bakal bisa ngluwari kowé!"

16Isih akèh menèh tembung-tembung sing diucapaké déning para utusané raja Asyur mau sing ngrèmèhaké lan moyoki Allah lan Raja Hizkia, abdiné Allah mau.

17Raja Asyur iya kirim layang sing surasané nyerang marang Pangéran, Allahé Israèl. Tembungé mengkéné, "Déwané Hizkia kuwi ora béda karo déwané para bangsa liyané. Ora bakal bisa ngluwari bangsané saka pangwasaku."

18Para utusan mau olèhé ngucapaké tembung-tembung mau kabèh klawan sora, nganggo basa Ibrani kanggo medèn-medèni rakyat Yérusalèm sing padha ngadeg ana ing témboké kutha kono, supaya padha semplah atiné. Srana mengkono wong Asyur ngira bisa nelukaké kutha mau klawan gampang.

19Olèhé nyenyamah marang Allah sing dibektèni ing Yérusalèm kaya yèn nyepèlèkaké déwa-déwané bangsa liya, yakuwi reca-reca gawéané manungsa.

20Raja Hizkia lan Nabi Yésaya bin Amos banjur padha sembahyang, nyuwun pitulungané Allah.

21Pangéran nuli ngutus malaékat, matèni para prejurit lan para perwirané Asyur. Raja Asyur kewirangan banget, mulané banjur bali menyang negarané. Ing sawijining dina nalika lagi ana ing candhi muja déwané, Sanhérib ditekani para putrané dhéwé lan disédani nganggo pedhang.

22Kaya mengkono patrapé Gusti Allah olèhé ngluwari Raja Hizkia lan penduduk Yérusalèm saka pangwasané Sanhérib, raja Asyur, lan saka mungsuh-mungsuhé liyané. Pangéran nekakaké katentreman marang tanah Yéhuda lan tanah-tanah ing sakiwa-tengené.

23Akèh wong sing padha teka ing Yérusalèm nggawa pisungsung kagem Pangéran lan sesaosan kanggo Raja Hizkia, mula Raja Hizkia dadi kajèn-kéringan ing antarané para bangsa kabèh.

24Ora let suwé Raja Hizkia gerah banget nganti mèh séda. Panjenengané banjur ndedonga, mula Gusti Allah paring pratandha yèn Raja Hizkia mau bakal saras menèh.

25Nanging merga gemunggungé, Raja Hizkia ora saos panuwun marang Allah. Mulané Gusti Allah duka marang Yéhuda lan Yérusalèm.

26Nanging wekasané Hizkia lan wong-wong Yérusalèm padha ngasoraké awaké, mula selawasé Hizkia isih sugeng, paukuman mau ora ditamakaké.

27Raja Hizkia dadi sugih banget lan diurmati déning wong kabèh. Panjenengané yasa kamar-kamar kanggo nyimpen raja-branané, yakuwi emas, slaka, akik, bumbon werna-werna, tamèng lan barang-barang sing akèh ajiné.

28Iya kagungan gudhang-gudhang kanggo pametuné bumi, kayata: gandum, anggur lan lenga zaitun. Uga kagungan kandhang kanggo sapi-sapi lan wedhus-wedhusé

29sing cacahé akèh banget. Panjenengané iya yasa kutha-kutha akèh. Kasugihan peparingé Allah mau nganti lubèr-lubèr.

30Raja Hizkia kuwi sing mbendung iliné banyu saka tuk Gihon, diilèkaké nganggo urung-urung ing ngisor lemah menyang kutha Yérusalèm. Apa sing ditandangi Raja Hizkia kasil.

31Nalika para utusan saka tanah Babil tilik ngaruhaké bab enggoné kawarasaké saka gerahé nganggo cara sing élok, Raja Hizkia ditilar déning Allah, mulané tumindaké manut kersané dhéwé, kanggo nyoba marang panjenengané.

32Riwayaté Raja Hizkia liyané lan bab katresnané marang Allah wis kacathet kabèh ana ing Kitab Wahyuné Allah Marang Nabi Yésaya bin Amos, lan ing Kitab Sejarahé Para Raja Yéhuda lan Israèl.

33Raja Hizkia séda, banjur disarèkaké ana ing pesaréané raja-raja ing panggonan unggah-unggahan. Rakyat Yéhuda lan Yérusalèm kabèh olèhé padha saos pakurmatan nalika sédané, gedhèn. Manasyè, putrané, nggentèni dadi raja.



 <<  2 Tawarikh 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel