Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 36 >> 

1Rakyat Yéhuda milih Yoahas, putrané Yosia, lan diangkat dadi raja ing Yérusalèm, nggentèni ramané.

2Nalika dadi raja Yéhuda yuswané Yoahas telulikur taun. Lawasé dadi raja telung sasi.

3(36:3-4) Yoahas dicekel lan ditawan déning Néko, raja Mesir, digawa menyang tanah Mesir. Yéhuda diukum, dikon mbayar dhendha rupa slaka 3.400 kilogram lan emas telung puluh papat kilogram. Néko banjur ngangkat Èlyakim, seduluré Yoahas, dadi raja. Asmané Èlyakim dielih déning Néko dadi Yoyakim. Sawisé mengkono Yoahas nuli diboyong menyang tanah Mesir.

4(36:3)

5Nalika dari raja Yéhuda Yoyakim yuswa selawé taun. Enggoné dadi raja ing Yérusalèm lawasé sewelas taun. Yoyakim gawé dosa ana ing ngarsané Pangéran Allahé.

6Nalika Nebukadnésar, raja Babil nelukaké Yéhuda, Yoyakim dicekel, lan diboyong nganggo diblenggu menyang Babil.

7Barang-barangé Pedalemané Allah sing pengaji sapérangan digawa Nebukadnésar menyang Babil, disimpen ana ing kedhatoné.

8Riwayaté Yoyakim liyané, penggawéné sing ambek siya lan piala-pialané, kabèh katulisan ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl lan Yéhuda. Yoyakhin, putrané, nggentèni dadi raja.

9Nalika dadi raja Yéhuda Yoyakhin yuswané wolulas taun. Lawasé dadi raja ana ing Yérusalèm telung sasi sepuluh dina. Yoyakhin uga nglampahi dosa ana ing ngarsané Allah.

10Nalika taun anyar Yoyakhin ditawan lan digawa Nebukadnésar menyang Babil. Lan barang-barangé Pedalemané Allah sing pengaji katut digawa. Nebukadnésar banjur ngangkat Zedekia, sedhèrèké Yoyakhin, dadi raja Yéhuda ing Yérusalèm.

11Nalika dadi raja Yéhuda, Zedekia yuswané selikur taun lan lawasé dadi raja ing Yérusalèm sewelas taun.

12Zedekia iya gawé dosa marang Allah. Panjenengané ora kersa ngasoraké sarirané ana ing ngarsané Allah lan ora kersa nurut marang aturé Nabi Yérémia kang nglantaraké pangandikané Allah.

13Raja Zedekia dipeksa déning Nebukadnésar didhawuhi sumpah demi Allah, yèn selawasé bakal setya. Nanging sawisé mengkono Zedekia mbrontak marang Nebukadnésar. Raja Zedekia uga ora kersa mratobat saka dosa-dosané, malah mangkotaké penggalihé lan ora kersa ngabekti ing Pangéran Allahé.

14Kejaba saka kuwi Pedalemané Allah sing wis disucèkaké kagem Allah piyambak, dinajisaké déning para pemimpin Yéhuda, para imam lan rakyat, merga padha mèlu nyembah brahala lan nganut kalakuan sing ditindakaké déning bangsa-bangsa ing sakiwa-tengené.

15Pangéran, Allahé para leluhuré wis bola-bali ndhawuhi utusané ngélikaké marang umat kagungané, merga saka tresnané marang umat mau lan marang Pedalemané.

16Nanging para utusané Allah mau padha dipoyoki. Nabi-nabiné digawé geguyon lan tembungé ora dirèwès. Wekasané Allah duka banget nganti ora kena disirep.

17Gusti Allah ngosikaké atiné raja Babil supaya nyerang Yéhuda. Raja Babil mau nuli matèni wong-wong nom sing ana ing Yéhuda lan uga sing ana ing Pedalemané Allah. Wong siji waé ora ana sing diéman, nom tuwa, lanang wadon, sing lara utawa sing waras. Kabèh padha diulungaké déning Allah ing tangané raja Babil.

18Praboté Pedalemané Allah lan barang-barang sing pengaji, semono uga bandhané Sang Prabu lan para punggawané, kabèh dirampas déning raja mau, banjur digawa menyang tanah Babil.

19Témboké kutha Yérusalèm digempur, kuthané diobong, uga Pedalemané Allah lan kedhaton saisiné kabèh rupa barang-barang pengaji sing kèri ana ing kedhaton mau.

20Rakyat sing ora dipatèni diboyong menyang Babil. Ana ing kana padha didadèkaké batur-tukoné Sang Prabu lan anak-turuné nganti satekané kraton Pèrsia.

21Kaya mengkono kelakon temenan apa sing dingandikakaké déning Pangéran lantaran Yérémia, yèn tanah Yéhuda bakal bera suwéné pitung puluh taun, minangka liruné taun-taun Sabbat, sing ora tau ditetepi déning umat Israèl.

22Ing taun kapisan pepréntahané Korèsy, raja Pèrsia, Gusti Allah nindakaké apa sing wis dingandikakaké lantaran Nabi Yérémia. Panjenengané ngosikaké Korèsy gawé pengumuman sing diwacakaké marang rakyat wrata sanegara kabèh. Surasané mengkéné:

23"Iki dhawuhé Korèsy, raja Pèrsia! Pangéran, Allah kang kwasa ing swarga sing wis ndadèkaké aku rajaning jagad, wis ndawuhi aku supaya yasa Pedaleman kagem Allah ing Yérusalèm, tanah Yéhuda. Mulané saiki kowé kabèh sing dadi umaté Allah, kudu bali mrana! Muga-muga Allah nunggil karo kowé."



 <<  2 Tawarikh 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel