Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 9 >> 

1Ratu ing tanah Séba mireng kondhangé Raja Suléman. Mulané banjur rawuh ing Yérusalèm saprelu ndadar kawicaksanané Raja Suléman srana pitakonan sing angèl-angèl. Rawuhé didhèrèkaké pengiring akèh lan unta sing dimomoti anggi-anggi, watu aji lan emas akèh banget. Bareng kepanggih karo Raja Suléman, Sang Ratu nuli nyuwun pirsa bab sabarang prekara sing tuwuh ing penggalihé.

2Pitakonan mau kabèh diwangsuli déning Raja Suléman, ora ana siji waé sing angèl kagem panjenengané.

3Sang Ratu pirsa dhéwé sepira kawicaksanané Raja Suléman, lan gumun pirsa kedhaton sing dibangun.

4Sang Ratu pirsa patrapé para pegawé kraton padha nyambut-gawé manut prenatan sing wis katemtokaké; pirsa penganggoné seragam lan kamar-kamar sing padha dienggo turu. Uga pirsa dhaharan sing diladèkaké lan penganggoné para pelayan sing ngladèni yèn ana pésta. Pirsa uga kurban-kurban sing disaosaké déning Raja Suléman ing Pedalemané Allah. Kuwi kabèh marakaké Ratu ing tanah Séba mau gumuné ora entèk-entèk.

5Mulané banjur matur marang Raja Suléman, "Sedaya prekawis ingkang kula pireng ing negari kula bab panjenengan lan kawicaksanan panjenengan menika nyata!

6Nanging sasampunipun kula dhateng lan nyipati piyambak samukawis prekawis wau, samenika kula saweg yakin, bilih menapa ingkang kula pireng menika mboten wonten sepalihipun saking ingkang kula tingali. Nyatanipun kawicaksanan lan kasugihan panjenengan menika langkung ageng ketimbang kaliyan ingkang kawartosaken dhateng kula.

7Iba begjanipun para pegawé ingkang tansah wonten ing sacelak panjenengan, sebab saged sami mireng piyambak sakathahing piwulang panjenengan ingkang kebak kawicaksanan!

8Pinujia Pangéran, Allah panjenengan! Srana enggènipun ngangkat panjenengan dados raja, awit Allah ngetingalaken renaning penggalihipun dhateng panjenengan. Sihipun dhateng bangsa Israèl tanpa winates, pramila Allah ngangkat panjenengan dados rajanipun, supados panjenengan nindakaken prekawis ingkang leres lan adil."

9Sawisé mengkono Raja Suléman banjur dicaosi hadiah enggoné ngasta saka Séba, yakuwi emas 4.000 kilogram luwih, watu aji akèh banget, lan anggi-anggi. Sapungkuré kuwi Sang Prabu Suléman ora tau nampa anggi-anggi sing akèhé kaya sing diaturaké déning Ratu ing tanah Séba marang panjenengané.

10Para abdiné Raja Hiram lan abdiné Raja Suléman sing nggawa emas saka Ofir kagem Sang Prabu Suléman uga padha nggawa watu aji lan kayu cendhana.

11(Kayu mau digawé undhak-undhakan ing Pedalemané Allah lan ing kedhatoné Sang Prabu. Uga dienggo gawé clempung lan slukat kanggo para ahli musik. Sing mengkono mau durung tau kelakon ing tanah Yéhuda.)

12Raja Suléman maringaké marang Sang Ratu tanah Séba samubarang sing disuwun, kejaba hadiah-hadiah sing lumrahé diparingaké déning Sang Prabu marang tamuné. Sang Ratu nuli kondur menyang negarané bebarengan karo para pendhèrèké.

13Saben taun Raja Suléman nampi emas sing boboté mèh 23.000 kilogram,

14durung kepétung pajeg saka para sudagar, saka raja-raja Arab lan gubernur-gubernur ing tanah Israèl.

15Raja Suléman yasa tamèng-tamèng gedhé rong atus sing dilapis emas murni, saben tamèng ngentèkaké emas kurang luwih pitung kilogram.

16Uga gawé tamèng sing rada cilik telung atus. Kabèh dilapis emas murni. Saben tamèng ngentèkaké emas murni kurang luwih telung kilogram. Tamèng-tamèng mau kabèh didokokaké ana ing bangsal sing karan Bangsal Alas Libanon.

17Sang Prabu uga yasa dhampar gedhé, dilapis gadhing lan emas murni.

18Dhampar mau ana undhak-undhakané nem. Sikilé dhampar mau dilapis emas, dadi siji karo sikilé kursi. Dhampar mau ana lengené. Kiwa-tengené ana recané singa.

19Saben undhak-undhakan ing pinggiré kiwa-tengen iya ana recané singa, dadi recané singa kabèh ana rolas. Ing kraton endi waé ora ana dhampar sing kaya ngono.

20Tuwung unjukané Sang Prabu Suléman kabèh kagawé saka emas, semono uga prabot ing Bangsal Alas Libanon kabèh kagawé saka emas murni. Ing jamané Sang Prabu Suléman slaka ora ana regané.

21Raja Suléman uga kagungan kapal gedhé-gedhé akèh, sing lelayaran ing segara, bebarengan karo kapal-kapalé Raja Hiram. Setaun ping telu kapal-kapal mau padha bali nggawa emas, slaka, gadhing, kethèk lan manuk merak.

22Kasugihan lan kawicaksanané Raja Suléman ngungkuli raja-raja sajagad kabèh.

23Kabèh wong padha kepéngin teka ngrungokaké piwulangé Sang Prabu sing kebak kawicaksanan peparingé Allah.

24Saben wong sing sowan nyaosaké pisungsung marang Sang Prabu. Ana sing nyaosaké barang saka slaka, ana sing saka emas, ana sing nyaosaké ageman, gegaman, anggi-anggi, jaran lan bihal. Kaya mengkono mau tumindak saben taun.

25Kandhang jaran lan kréta kagungané Sang Prabu Suléman cacahé patang èwu. Jaran sing kanggo perang ana rolas èwu. Sapérangan dipapanaké ing Yérusalèm, liyané ana ing kutha-kutha liya.

26Sang Prabu Suléman mbawahaké raja-raja kabèh sing ana ing wilayah antarané Bengawan Éfrat tekan tanah Filistia lan tapel watesé tanah Mesir.

27Dhèk jamané Sang Raja Suléman slaka ora ana regané, ora béda karo watu. Lan kayu cemara Libanon turah-turah ora béda karo wit ara.

28Raja Suléman nekakaké jaran saka Mesir lan saka negara endi waé.

29Riwayaté Raja Suléman wiwit-wiwitan tekan pungkasan wis kacathet kabèh ing Kitab Sejarah kang katulis déning Nabi Natan lan ing Kitab Ramalané Ahia, wong Silo, sarta ing Kitab Wahyu kang katulis déning Nabi Idho, sing iya ngemot riwayaté pepréntahané Yérobéam, raja Israèl.

30Raja Suléman enggoné dadi raja ing Yérusalèm ngwasani satanah Israèl kabèh, suwéné patang puluh taun.

31Sawisé mengkono nuli séda lan disarèkaké ing kuthané Dawud. Réhabéam, putrané, ngganti dadi raja.



 <<  2 Tawarikh 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel