Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 1 >> 

1Iki pamedhar wangsité Nabi Amos, pangon sing asalé saka kutha Tekoa. Kelakoné rong taun sadurungé lindhu gedhé, yakuwi nalika jamané Uzia jumeneng raja ing Yéhuda lan Yérobéam bin Yoas jumeneng raja ing Israèl. Ing kono Pangéran paring wahyu marang Amos bab Israèl.

2Pangandikané Nabi Amos mengkéné, "Pangéran dhawuh saka Gunung Sion; swarané kaya gludhug saka Yérusalèm. Pangonan-pangonan bakal dadi garing, lan suket ing Gunung Karmèl bakal malih rupané dadi soklat."

3Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wong Damsyik ora lèrèn-lèrèn enggoné gawé dosa, mulané bakal padha Dakukum. Bangsa kuwi wis nindhes wong Giléad sarta ambek siya.

4Aku bakal nekakaké geni lan ngobong kedhatoné Hazaèl, semono uga bètèng-bètèngé Raja Bènhadad.

5Gapurané kutha Damsyik bakal Dakrubuhaké lan Aku bakal nyingkiraké wong-wong sing manggon ana ing Lembah Awèn, mengkono uga rajané Bèt-Èden. Bangsa Siria bakal kaboyong dadi tawanan menyang tanah Kir."

6Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wong Gaza ora lèrèn-lèrèn padha gawé dosa, mulané mesthi bakal Dakukum, merga wis padha ngangkataké wong sabangsa, diedol dadi batur-tukon marang bangsa Édom.

7Sarèhné mengkono, Aku bakal nekakaké geni ana ing bètèngé kutha Gaza lan ngobong bètèng-bètèngé mau nganti tapis.

8Para penggedhéné kutha-kutha Asdod lan Askelon bakal Daksingkiraké. Kutha Ékron bakal Dakukum lan kekarèné wong Filistin bakal mati kabèh."

9Pangandikané Pangéran mengkéné, "Bangsa Tirus kuwi enggoné gawé dosa ora lèrèn-lèrèn, mulané mesthi bakal Dakukum. Sebab wis padha ngangkataké wong sabangsa menyang tanah Édom, dadi ora netepi prejanjian memitrané karo bangsa mau.

10Mulané Aku bakal nekakaké geni ana ing bètèngé kutha Tirus lan ngobong bètèng-bètèngé mau nganti tapis."

11Pangandikané Pangéran mengkéné, "Bangsa Édom enggoné gawé dosa ora uwis-uwis, mulané mesthi bakal Dakukum. Sebab wis padha nguya-uya seduluré, yakuwi bangsa Israèl, tanpa welas. Nepsuné sing diendhem ora kena disirep.

12Mulané Aku bakal nekakaké geni ana ing kutha Téman lan bètèng-bètèngé kutha Bozra bakal Dakobong nganti tapis."

13Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wong Amon enggoné gawé dosa ora uwis-uwis, mulané mesthi bakal Dakukum. Enggoné perang kanggo ngelar jajahané nganti tegel mbedhèl wetengan ana ing Giléad.

14Merga saka kuwi Aku bakal nekakaké geni ana ing bètèngé kutha Raba lan ngobong bètèng-bètèngé mau nganti tapis. Ing dina kuwi bakal ana perang lan keprungu swaraning wong sing padha sesambat. Raméning perang kaya pangamuké prahara.

15Raja lan para penggedhéné bakal ditawan lan kabuwang menyang tanah manca."



 <<  Amos 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel