Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 3 >> 

1Hé wong Israèl, rungokna pangandikané Pangéran kanggo bangsamu kabèh, sing wis diirid metu saka tanah Mesir déning Pangéran.

2"Saka ing antarané bangsa-bangsa salumahing bumi mung kowé dhéwé sing Dakraketi lan Dakrumati. Kuwi sing ndadèkaké dosamu saya abot, lan njalari Aku mesthi kudu ngukum kowé."

3Apa wong loro sing lelungan bebarengan ora rembugan dhisik?

4Apa ana singa sing nggero ing alas, menawa durung olèh memangsan? Singa nom apa nyuwara ing guwané menawa durung nubruk apa-apa?

5Manuk apa bisa mlebu ing pasangan, menawa pasangané ora disèlèhi pakan? Apa pasangan bakal njeplak menawa durung diidak?

6Apa ana slomprèt diunèkaké mangka wong-wong ing kutha padha ora wedi? Apa ana kutha ketekan paukuman sing ora ditekakaké déning Pangéran?

7Pangéran Allah ora bakal nindakaké apa-apa, sing sadurungé ora dilairaké dhisik marang para nabi, abdiné.

8Yèn ana singa nggero, sapa sing ora wedi? Yèn Pangéran Kang Mahakwasa ngandika, sapa bisa ora medharaké pangandikané?

9Wartakna marang wong-wong sing padha manggon ing kedhaton Mesir lan Asdod, "Padha nglumpuka ana ing punthuk-punthuk sakubengé Samaria, lan delengen gègèr sing kelakon ing negara kono sarta panganiaya sing katindakaké ana ing kana."

10Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wong-wong kuwi padha ngisèni omahé nganggo barang colongan lan asilé enggoné ngrampog. Padha ora ngerti sing diarani jujur kuwi kepriyé.

11Mulané tanahé bakal dikepung déning mungsuh, témbok lan bètèng-bètèngé bakal dirusak, lan omah-omahé bakal dijarah-rayah.

12Pangandikané Pangéran mengkéné, ‘Kaya déné pangon mung bisa ngrebut sikil loro utawa kuping secuwil saka cangkemé singa, semono uga mung sethithik cacahé wong Samaria sing bisa oncat, yakuwi wong sing saiki padha lèyèh-lèyèh ana ing peturon sing méwah.’"

13Pangandikané Pangéran Kang Mahaluhur lan Mahakwasa mengkéné, "Padha ngrungokna, lan turuné Yakub padha élingna.

14Ing dinané enggon-Ku ngukum umat Israèl merga saka dosa-dosané, mesbèh-mesbèh ing Bètèl bakal Dakrusak. Sungu-sunguné mesbèh mau bakal padha ditugeli, dibuwang ing lemah.

15Pasanggrahan mangsa bedhidhing lan pasanggrahan mangsa panas bakal Dakrusak. Omah-omah sing dihias nganggo gadhing bakal digempur, lan saben omah gedhé bakal diremuk.



 <<  Amos 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel