Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 6 >> 

1Saiba gedhéning kasangsaran sing bakal nekani kowé, hé wong-wong sing padha ayem-ayem manggon ana ing Sion, lan rumangsa tentrem manggon ing Samaria !!— hé para wong gedhé sing ngerèh Israèl, bangsa sing gedhé iki, kowé sing padha dadi paran pitakonané wong sing padha mbutuhaké pitulungan!

2Padha menyanga Kalné lan titinen. Banjur menyanga Hamat, kutha gedhé kuwi, nuli menyanga Gat, kuthané wong Filistin. Apa kutha-kutha kuwi luwih becik ketimbang karo kraton Yéhuda utawa kraton Israèl? Apa daérahé luwih jembar ketimbang karo daérahmu?

3Kowé ora gelem ngakoni yèn kowé bakal ketekan kasangsaran, nanging penggawému kuwi mung nggelisaké tekané dina mau.

4Saiba bakal cilakamu, kowé sing kulina lèyèh-lèyèh ana ing peturon méwah lan mangan bestik daging pedhèt lan cempé!

5Kowé seneng nganggit nyanyian lan ngunèkaké clempung kaya Dawud.

6Seneng ngombé anggur ing tuwung lan nganggo wewangèn sing wangi banget, nanging ora mreduli rusaké bangsa Israèl.

7Mulané kowé bakal sing dhisik dhéwé kaboyong menyang pembuwangan. Pésta-péstamu lan enggonmu mangan énak bakal mandheg.

8Pangéran Kang Mahakwasa wis ngélingaké kalawan supaos, "Aku gething karo Israèl sing angkuh; Aku sengit karo omah-omahé sing méwah. Mulané kutha krajané saisiné kabèh bakal Dakulungaké marang mungsuhé."

9Yèn ing brayat kono ana wongé sepuluh, bakal mati kabèh.

10Seduluré, sing ngurus panguburé sing padha mati, bakal ngetokaké mayit-mayité saka omah. Banjur bakal celuk-celuk, sapa sing isih kari urip ana ing omah kono, "Apa isih ana wong menèh kejaba kowé?" Bakal ana swara sing mangsuli, "Ora ana!" Sedulur mau banjur bakal kandha, "Wis menenga! Kita kudu ngati-ati, senajan nyebut asmané Allah pisan, aja!"

11Samasa Pangéran wis paring dhawuh, omah gedhé cilik bakal diremuk ajur-mumur.

12Jaran apa negar ana ing gunung karang? Lan wong apa mluku segara nganggo sapi? Éwasemono kabeneran wis kokowahi dadi wisa, lan sing bener kokdadèkaké luput.

13Kowé ngumukaké enggonmu wis nelukaké kutha Lodebar. Kowé kandha, "Kita wis kuwat lan bisa nelukaké Karnayim."

14Pangéran Allah Kang Mahaluhur piyambak ngandika, "Hé wong Israèl, Aku bakal nekakaké tentara manca. Kuwi bakal nindhes kowé saka undhak-undhakan Hamat ing sisih Lor tekan Lembah Arabah ing sisih Kidul."



 <<  Amos 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel