Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 8 >> 

1Aku kaparingan wahyu menèh déning Pangéran. Ing wahyu mau aku weruh ana kranjang isi woh-wohan.

2Pangéran ndhangu, "Amos, kowé weruh apa?" Unjukku, "Kawula sumerep kranjang isi woh-wohan." Pangandikané Pangéran, "Umat-Ku Israèl wis tekan wekasané. Aku ora arep santun penggalih menèh bab enggon-Ku arep ngukum Israèl.

3Ing dina kuwi nyanyian ing kedhaton bakal dadi pesambat. Ing ngendi-endi bakal ana jisim kabuwang ing saenggon-enggon, tanpa ana wong weruh."

4Rungokna, hé wong sing ngidak-idak wong mlarat lan sing arep nyirnakaké wong miskin saka negara.

5Kowé ngunandika, "Aku ora sabar ngentèni rampungé dina-dina riaya, merga selak arep ngedol gandumku. Dina Sabbat kuwi gèk suk kapan rampungé; aku selak ngedol daganganku? Supaya akèh bathiku, aku arep migunakaké takeran palsu lan ngowahi timbangan kanggo ngapusi lenggananku.

6Gandum sing wis ala bisa payu akèh. Kita bakal olèh wong miskin sing ora bisa nyaur utangé, sing saking miskiné nganti ora bisa mbayar regané trumpah sepasang. Wong mau banjur kita tuku dadi batur-tukon."

7Pangéran Allahé Israèl wis supaos, "Aku bakal ora nyupèkaké pialamu ing selawasé.

8Aku bakal nekakaké lindhu, nganti wong sanegara bakal padha nandhang sangsara. Sanegara bakal gemeter kabèh; bakal mumbul lan ambles kaya Bengawan Nil.

9Aku bakal nekakaké grahana srengéngé, nganti buminé ing wayah awan bakal dadi peteng. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahaluhur.

10Dina-dina riaya bakal Dakdadèkaké dinané wong kepatèn, lan nyanyian kabungahan bakal Dakdadèkaké patangisan. Kowé bakal Dakpeksa nyukur rambutmu lan nganggo bagor, lan kowé bakal padha nangis kaya wong tuwa sing sambat-sambat nangisi patiné anaké ontang-anting. Ing dina kuwi bakal kebak kasusahan nganti tekan wekasané."

11Pangandikané Pangéran Kang Mahaluhur mengkéné, "‘Bakal tekan wektuné Aku nekakaké paceklik ing negara kéné. Wong bakal padha kaliren, nanging ora merga kekurangan pangan; bakal padha ngelak nanging ora merga kekurangan banyu, nanging merga ngelih lan ngorong marang pangandikané Pangéran.’ Mengkono pangandikané Pangéran.

12Wong-wong bakal padha nglembara saka Lor mengidul, lan saka Wétan mengulon. Ana ing ngendi-endi bakal padha nggolèki pangandikané Pangéran, nanging padha ora olèh.

13Ing dina kuwi wong nonoman lan prawan pisan, bakal padha ambruk merga kasatan.

14Nanging wong-wong sing padha nyembah marang brahala ing Samaria lan padha sumpah, ‘Demi déwané Dhan’, utawa sumpah, ‘Demi déwané Bèrsyéba’ !!— bakal padha ambruk lan ora tangi menèh."



 <<  Amos 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel