Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 8 >> 

1Padha ngrungokna! Sang Wicaksana nguwuh-uwuh. Kapinteran ngulukaké swarané.

2Panjenengané jumeneng ana ing tengger-tengger ing pinggiring dalan, lan ana ing prapatan-prapatan.

3Ana ing ngarepé gapura ing butulané kutha, Panjenengané jumeneng lan nguwuh-uwuh.

4Ngendikané, "Hé para wong lanang, kowé sing takngendikani, hé sakèhé manungsa kang ana ing bumi.

5Hé wong kang padha ora duwé kawruh, golèka kapinteran, hé wong gemblung, padha duwéa nalar.

6Padha ngrungokna, sing takkandhakaké iki prekara luhur. Kabèh sing takkandhakaké iki bener.

7Tembungku iki nyata, aku sengit karo tembung cidra.

8Apa sing takkandhakaké kuwi bener, aku ora ngapusi utawa nasaraké.

9Tumraping wong sing duwé pangertèn, kabèh kuwi cetha; kabèh mau gamblang kanggoné wong sing duwé kapinteran.

10Piwulangku iki ajiné ngungkuli slaka, kawruh saka aku iki ajiné ngungkuli emas murni.

11Aku iki Sang Wicaksana, aku luwih aji tinimbang watu aji, apa sing dipéngini déning manungsa kalah kabèh.

12Aku iki Sang Wicaksana. Aku kagungan pangertèn, kawruh lan kawasisan.

13Pangabekti marang Allah iku sengit marang piala, aku sengit marang piangkuh lan ambek kumlungkung, apa menèh penggawé ala lan tembung goroh.

14Aku sing ngrancang lan sing nindakaké, aku duwé kawasisan lan pangwasa.

15Para raja enggoné ngerèh negarané merga saka aku, mengkono uga para penggedhé enggoné nindakaké keadilan.

16Para pangwasa enggoné mréntah merga saka aku, mengkono uga para wong luhur lan sakèhé hakim sajagad.

17Aku ngasihi wong sing tresna marang aku, lan sing sapa tlatèn nggolèki aku, iya bakal ketemu.

18Kasugihan lan kaluhuran, aku sing ngedum, semono uga kemakmuran lan kabegjan.

19Peparing saka aku ajiné ngungkuli emas, ngungkuli slaka sing murni.

20Dalan sing takambah kuwi kabeneran, iya dalané keadilan.

21Aku paring kasugihan marang wong sing tresna marang aku, omahé takkebaki raja-brana.

22Aku sing dianakaké déning Allah dhisik dhéwé, pakaryané sing kawitan dhèk jaman kuna.

23Aku sing kawitan dhéwé, sing kapisan, sadurungé jagad ana.

24Aku lair sadurungé ana samodra-samodra, sadurungé ana tuk-tuk metokaké banyu.

25Aku lair sadurungé ana gunung-gunung, sadurungé tengger-tengger jumedhul,

26sadurungé Allah nitahaké dharatan lan ara-ara, malah sadurungé ana lemah sagegem.

27Aku wis ana nalika Allah njèrèng langit, nalika cakrawala dipenthèng ing sandhuwuring samodra,

28iya nalika awang-awang diprenahaké ana ing dhuwur, lan sumber-sumberé segara-segara dibukak,

29sarta banyu-banyuné segara diprenata, supaya ora mbludag ngliwati wates sing ditetepaké. Nalika dhasaré bumi dipasang Aku wis ana.

30Aku njèjèri Panjenengané kaya arsitèk, lan Aku sedina-dina gawé renaning penggalihé. Aku tansah bungah ana ing ngarsané.

31Aku seneng karo jagad, lan asih karo anaké manungsa.

32Mulané hé para nonoman, rungokna pituturku, èstokna apa sing takkandhakaké, kowé bakal slamet.

33Rungokna piwulangku, sing wicaksana lan aja koktampik.

34Wong sing ngrungokaké tembungku bakal begja, yakuwi sing sedina-dina nganti-anti ana ing gapuraku, ngentèni ana ing pipiné lawangku.

35Sapa sing nemu aku kuwi nemu urip, sarta olèh sihé Allah.

36Sapa sing ora nduwèni aku kuwi nyangsara uripé dhéwé; sarupaning wong sing sengit karo aku, kuwi nresnani pati."



 <<  Amsal 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel