Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 36 >> 

1(36:1-2) Sabarna dhisik, rungokna sedhéla, isih ana sing arep dakkandhakaké atas asmané Allah.

2(36:1)

3Kawruhku jembar, kuwi sing arep dakenggo mbuktèkaké yèn Allah kang nitahaké aku.

4Tembungku ora ana sing goroh; sing ana ing ngarepmu iki wong wicaksana.

5Gusti Allah kuwi gagah prakosa! Samubarang digatosaké. Ora ana wong sing dianggep asor.

6Wong ala ora dililani urip suwé, wong sengsara diparingi kaadilan.

7Wong mursid diayomi, didadèkaké gedhé kawibawané kaya raja-raja, temah diurmati selawas-lawasé.

8Nanging wong sing diranté nganggo ranté wesi, merga penggawéné dhéwé

9dosa lan piangkuhé bakal diuculi déning Allah.

10Padha didhawuhi ngrungokaké marang pitedahé, lan mratobat saka dosa-dosané.

11Yèn padha nurut marang Allah lan ngabekti marang Panjenengané, uripé bakal tentrem ayem, tekan ajalé.

12Nanging yèn padha emoh ngrungokaké, bakal padha mati merga saka bodhoné.

13Wong sing uripé tanpa Allah kuwi nandho paukumané; senajan diukum déning Pangéran, ora bakal nyuwun pitulungan.

14Mulané padha mati nom, merga kesayahen, uripé kebak kanisthan.

15Allah ngganjar kasangsaran marang manungsa, karubedan, supaya manungsa padha éling.

16Kowé wis diluwari déning Allah saka kasusahan; kowé wis tau ngrasakaké katentreman, méjamu kebak panganan.

17Nanging saiki, cocog karo pialamu, kowé nampa paukuman.

18Sing ngati-ati, aja nganti kalah karo besel; aja kesasar merga kasugihan.

19Tanpa gawé enggonmu bengok-bengok njaluk tulung, ora ana gunané tenaga lan kekuwatanmu.

20Aja ngarep-arep tekané wayah bengi, wektuné bangsa-bangsa disirnakaké kanthi tapis.

21Sing prayitna, aja ngrancang nindakaké piala. Maksudé kowé diparingi kasangsaran kuwi supaya ngedohi tumindak ala.

22Élinga yèn Gusti Allah kuwi gedhé pangwasané. Apa ana guru sing kaya Panjenengané.

23Sapa sing bisa ngaturi naséhat bab apa sing kudu ditindakaké? Lan sapa sing wani ngarani yèn tumindaké salah?

24Panjenengané tansah dialembana merga pendamelé; lan samesthiné kowé ngélingi kaluhurané.

25Wong kabèh ndeleng marang pakaryané; sing wis katon saka kadohan; nanging ora ana wong siji waé sing ngerti temenan.

26Allah luhur kawontenané, ora kena digayuh déning kawruh kita.

27Allah ngangkat banyu saka bumi menyang awang-awang lan diwalik dadi udan.

28Panjenengané ngesokaké udan saka méga; disiramaké marang manungsa.

29Wong ora ngerti lakuné méga; sarta uniné gludhug ing awang-awang, dalemé Allah.

30Langit dipadhangi nganggo kilat, nanging dhasaré segara tetep peteng lelimengan.

31Mengkono carané Panjenengané ngurip bangsa-bangsa lan paring pangan nganti turah-turah.

32Kilat ditahan ngagem astané, didhawuhi nyamber endi sing dituju.

33Swarané gludhug tandha bakal tekané prahara, senajan sapi ngerti bakal tekané prahara mau.



 <<  Ayub 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel