Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 17 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa,

2"Bangsa Israèl konen masrahaké teken rolas marang kowé; saben penggedhéné taler masrahna teken siji. Jenengé saben penggedhé mau tulisen ing tekené dhéwé-dhéwé.

3Jenengé Harun tulisen ing teken sing saka taler Lèwi. Saben penggedhé taler kudu ana tekené.

4Teken-teken mau gawanen menyang Kémah Suci, sèlèhna ing ngarepé Pethi Prejanjian. Ana ing panggonan kono enggon-Ku bakal nemoni kowé.

5Tekené wong sing Dakpilih, mengko bakal semi. Nganggo cara mengkono Aku bakal nyirep swarané wong-wong sing ora lèrèn-lèrèn nggrundeli kowé."

6Prekara kuwi diumumaké déning Musa marang wong Israèl kabèh. Para penggedhé banjur padha masrahaké tekené dhéwé-dhéwé marang Musa; saben penggedhé masrahaké teken siji. Cacahé kabèh ana rolas. Tekené Harun uga ana ing antarané teken-teken mau.

7Teken-teken mau kabèh nuli disèlèhaké déning Musa ing ngarepé Pethi Prejanjian.

8Ésuké nalika Musa mlebu ing Kémah Suci, weruh tekené Harun sing makili taler Lèwi, wis semi. Malah wis metu kembangé iya banjur megar lan metokaké woh ketapang sing wis mateng.

9Musa banjur nglumpukaké teken-teken mau, lan dituduhaké marang umat Israèl. Kabèh padha weruh lelakon mau, nuli saben penggedhé njupuk bali tekené dhéwé-dhéwé.

10Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Tekené Harun balèkna ing ngarepé Pethi Prejanjian. Teken kuwi kudu disimpen kanggo pengéling-éling tumrap wong Israèl sing senengané mbrontak lan sing sapa ora marèni panggrundelé bakal mati."

11Musa nglakoni apa sing kadhawuhaké déning Allah.

12Bangsa Israèl nuli kandha karo Musa, "Yèn mengkono rak cilaka kita kabèh iki!

13Yèn wong sing nyedhaki Kémah Palenggahané Allah mesthi kaukum pati; iki ateges yèn kita kabèh bakal padha kasirnakaké."



 <<  Bilangan 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel