Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 29 >> 

1Pendhak tanggal siji sasi kapitu, kowé kudu padha ngumpul nindakna ibadah, lan aja nglakoni pegawéan apa-apa. Ing dina kuwi slomprèt-slomprèt kudu diunèkaké.

2Nyaosna kurban obongan konjuk marang Allah, yakuwi: sapi lanang siji, wedhus gèmbèl lanang siji, lan cempé gèmbèl lanang umur setaun pitu, kabèh kudu tanpa cacad. Gandané kurban kuwi gawé renaning penggalihé Allah.

3Nyaosna uga kurban dhaharan kaya sabené, yakuwi glepung dicampur karo lenga zaitun; kanggo kurban sapiné lanang telung kilogram, kanggo wedhusé gèmbèl lanang rong kilogram,

4lan kanggo saben cempéné sekilogram.

5Uga saosna kurban rupa wedhus jawa lanang kanggo kurban pangruwating dosa. Srana cara mengkono kowé padha nindakaké upacara keslametané umat.

6Kurban-kurban mau tambahna ing kurban obongan sing disaosaké bebarengan karo kurban dhaharan rupa gandum, saben sasi tanggal siji. Uga tambahna ing kurban obongan sing disaosaké bebarengan karo kurban dhaharan lan kurban anggur. Gandané kurban-kurban mau gawé renaning penggalihé Allah.

7Pendhak tanggal sepuluh sasi kapitu kowé kudu padha ngumpul nindakaké ibadah. Ing dina kuwi kowé kudu padha pasa lan ora kena nyambut-gawé.

8Nyaosna kurban obongan konjuk marang Allah, rupa: sapi lanang nom siji, wedhus gèmbèl lanang siji lan cempé gèmbèl lanang umur setaun pitu, kabèh kudu tanpa cacad. Gandané kurban mau gawé renaning penggalihé Pangéran.

9Saosna kurban dhaharan rupa gandum sing dicampur karo lenga zaitun; kanggo kurban sapi lanang telung kilogram, kanggo kurban wedhus gèmbèl lanang rong kilogram,

10lan kanggo saben cempé gèmbèl sekilogram.

11Kejaba wedhus sing dienggo kurban ing upacara pangruwating dosané umat, iya saosna wedhus jawa lanang siji kanggo kurban keslametaning umat. Kurban obongan pedinan lan kurban dhaharan sarta kurban anggur, iya kudu kasaosaké ing dina mau.

12Pendhak tanggal limalas sasi kapitu kowé kudu padha ngumpul nindakaké ibadah kanggo ngurmati Allah. Kowé kudu padha nganakaké keraméan suwéné pitung dina. Sajroné pitung dina mau kowé aja nyambut-gawé.

13Ing dina sing kapisan kowé padha nyaosna kurban dhaharan konjuk ing Pangéran, rupa: sapi lanang nom telulas, wedhus gèmbèl lanang loro, cempé gèmbèl lanang umur setaun patbelas, kabèh kudu tanpa cacad. Gandané kurban mau gawé renaning penggalihé Pangéran.

14Saosna uga kurban dhaharan kaya sabené rupa glepung gandum dicampur karo lenga zaitun, kanggo kurban sapi lanang siji telung kilogram, lan kanggo saben kurban wedhus gèmbèl lanang rong kilogram,

15lan kanggo saben cempé gèmbèl sekilogram. Bareng karo kurban dhaharan mau saosna uga kurban anggur miturut sing wis katetepaké.

16Kejaba kuwi kowé uga kudu nyaosaké kurban wedhus lanang siji dadi kurban pangruwating dosa. Kurban kuwi katambahaké ing kurban pedinan, lan kurban dhaharan sarta kurban anggur.

17Ing dina sing kapindho padha nyaosna kurban rupa sapi lanang nom rolas iji, wedhus gèmbèl lanang loro, lan cempé gèmbèl umur setaun patbelas iji; kabèh kudu tanpa cacad.

18(29:18-19) Bebarengan karo kurban-kurban mau kudu uga kasaosaké sakèhing kurban liyané sing katetepaké kanggo dina kapisan.

19(29:18)

20Ing dina kateluné nyaosna kurban rupa: sapi lanang nom sewelas iji, wedhus gèmbèl lanang loro, lan cempé gèmbèl lanang umur setaun patbelas iji; kabèh kudu tanpa cacad.

21(29:21-22) Bareng karo kurban-kurban mau saosna sakèhé kurban liyané sing katetepaké kanggo dina kapisan.

22(29:21)

23Ing dina kaping pat saosna kurban rupa sapi lanang nom sepuluh lan wedhus gèmbèl lanang loro lan cempé gèmbèl lanang umur setaun patbelas, kabèh kudu tanpa cacad.

24(29:24-25) Bareng karo kurban-kurban mau kudu kasaosaké sakèhé kurban-kurban liyané sing katetepaké kanggo dina kapisan.

25(29:24)

26Ing dina kang kalima saosna kurban rupa: sapi lanang nom sanga, wedhus gèmbèl lanang loro, cempé gèmbèl lanang umur setaun patbelas, kabèh kudu tanpa cacad.

27(29:27-28) Bareng karo kurban-kurban mau iya saosna kurban-kurban liyané sing katetepaké kanggo dina kapisan.

28(29:27)

29Ing dina kanem saosna kurban rupa: sapi lanang nom wolu, wedhus gèmbèl lanang loro, lan cempé gèmbèl lanang umur setaun patbelas, kabèh kudu tanpa cacad.

30(29:30-31) Bareng karo kurban-kurban mau kudu disaosaké kurban-kurban liyané sing wis ditetepaké kanggo dina kapisan.

31(29:30)

32Ing dina kapitu saosna kurban rupa: sapi lanang nom pitu, wedhus gèmbèl lanang loro, cempé gèmbèl lanang umur setaun patbelas, kabèh kudu tanpa cacad.

33(29:33-34) Bareng karo kurban-kurban mau kudu disaosaké kurban-kurban liyané sing wis ditetepaké kanggo dina kapisan.

34(29:33)

35Ing dina kawolu kowé kudu nglumpuk nindakaké ibadah lan ora kena nyambut-gawé.

36Saosna kurban konjuk ing ngarsané Allah rupa kurban dhaharan, yakuwi sapi lanang nom siji, wedhus gèmbèl lanang siji, lan cempé gèmbèl lanang umur setaun pitu, kabèh kudu tanpa cacad. Gandané kurban-kurban mau gawé renaning penggalihé Allah.

37(29:37-38) Bareng karo kurban-kurban mau kudu disaosaké kurban-kurban liyané sing wis ditetepaké kanggo dina kapisan.

38(29:37)

39Kaya mengkono prenatan-prenatané bab kurban obongan, kurban dhaharan, kurban anggur, lan kurban keslametan sing kudu padha kasaosaké marang Allah ing dina riaya, ing kraméan-kraméan sing wis katetepaké. Kurban-kurban mau katambahaké ing kurban-kurban sing koksaosaké kanggo ngluwari janji utawa kanggo ngaturaké panuwun.

40Musa nerusaké marang umat Israèl sakèhé prekara sing didhawuhaké déning Allah.



 <<  Bilangan 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel