Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 30 >> 

1Musa didhawuhi Gusti Allah gawé prenatan-prenatan sing diwènèhaké marang para penggedhéné bangsa Israèl, mengkéné:

2Yèn ana wong lanang ngucapaké janji konjuk marang Allah, masrahaké apa-apa marang Allah, utawa duwé kesaguhan nyirik apa-apa, wong mau kudu netepi janji mau, lan ora kena disélaki utawa dibatalaké.

3Yèn ana bocah wadon sing isih saomah karo bapakné ngucapaké janji arep nyaosaké apa-apa konjuk marang Allah, utawa nyirik apa-apa, kudu netepi janjiné mau kabèh,

4senajan bapakné nalika krungu anaké ngucapaké janjiné mau ora kandha apa-apa.

5Nanging yèn bapakné nalika krungu anaké ngucapaké janji mau menging, bocah wadon mau ora kecancang karo janjiné. Gusti Allah bakal ngapura bocah wadon mau, merga dipenging karo bapakné.

6(30:6-7) Yèn ana prawan ngucapaké janji embuh sing wis dipikir jero, utawa sing tanpa dipikir; utawa yèn dhèwèké duwé kesaguhan nyirik apa-apa, prawan mau kecancang karo janjiné. Senajan prawan mau banjur kawin, wong mau isih tetep kecancang karo janjiné, semono mau yèn bojoné nalika krungu janjiné mau, ora kandha apa-apa.

7(30:6)

8Nanging yèn nalika krungu, banjur menging bojoné njabel janjiné, wong wadon kuwi ora kecancang karo janjiné. Gusti Allah bakal paring pangapura.

9Wong randha utawa wong wadon sing wis pegatan, yèn ngucapaké janji utawa saguh nyirik apa-apa, kudu netepi apa sing dadi janjiné lan apa sing arep disirik miturut janjiné.

10(30:10-11) Yèn ana wong wadon sing wis kawin ngucapaké janji nyirik apa-apa, lan nalika ngucapaké janji mau bojoné krungu lan meneng waé, kudu netepi apa sing dadi janjiné.

11(30:10)

12Nanging yèn bojoné nalika krungu janjiné mau banjur menging marang sing wadon, wong wadon mau ora kecancang menèh karo janjiné. Gusti Allah bakal ngapura wong wadon mau, merga dipenging sing lanang.

13Wong lanang wenang netepaké utawa mbatalaké janji utawa janji sing diucapaké déning bojoné.

14Nanging yèn wong lanang mau nalika krungu sing wadon ngucapaké janji ora kandha apa-apa, wong wadon mau kudu netepi janjiné. Sing lanang wis netepaké janjiné, merga nalika krungu sing wadon ngucapaké janji mau, sing lanang ora kandha apa-apa.

15Yèn ing tembé sing lanang mbatalaké janjiné sing wadon, wong lanang kuwi sing nyangga kaluputané.

16Mengkono kuwi prenatan-prenatan sing diparingaké déning Allah marang Musa bab janji sing diucapaké déning prawan utawa bocah wadon sing manggon saomah karo bapakné, utawa déning wong wadon sing wis kawin.



 <<  Bilangan 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel