Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 32 >> 

1Taler Rubèn lan taler Gad raja-kayané akèh banget. Bareng weruh yèn tanah Yaézèr lan tanah Giléad kuwi cocog kanggo miara raja-kaya,

2wong-wong mau banjur padha nemoni Musa lan Èléazar, sarta para penggedhéné Israèl liyané. Kandhané,

3(32:3-4) "Kitha-kitha Atarot, Dibon, Yaézèr, Nimra, Hèsbon, Eléalé, Sibma, Nébo lan Béon menika saking berkahipun Pangéran sampun dipun rebat lan dipun enggèni déning bangsa Israèl. Tanah menika cocog sanget kanggé ngingah raja-kaya. Gandhèng raja-kaya kula kathah sanget,

4(32:3)

5kula nyuwun keparenga tanah menika kaparingaken dados panduman kula. Sampun ngantos kula kapurih pindhah saking ngriki dhateng sabranging Lèpèn Yardèn ingkang sisih Kilèn."

6Wangsulané Musa, "Apa? Kowé arep kèri ing kéné, mangka sedulur-sedulurmu isih kudu perang terus?

7Kokwani-wanimu medèn-medèni bangsa Israèl nyabrang Kali Yardèn, mlebu ing tanah sing wis diparingaké déning Allah.

8Bapak-bapakmu dhèk biyèn iya mengkono, yakuwi nalika padha dakkongkon ndlajahi tanah kuwi saka kutha Kadès Barnéa.

9Olèhé ndlajahi wis nganti tekan Lebak Éskol lan wis ndeleng tanah mau. Nanging bareng tekan ngomah padha medèn-medèni wong Israèl, supaya aja wani-wani mlebu ing tanah sing wis diparingaké déning Pangéran marang bangsa Israèl.

10(32:10-11) Nalika semana Gusti Allah banjur duka banget sarta ngandika, ‘Wong-wong iki padha ora setya marang Aku. Mulané Aku sumpah, yèn wong sing nalika metu saka tanah Mesir umuré rong puluh taun munggah, ora bakal mlebu ing tanah sing wis Dakjanjèkaké marang Abraham, Iskak lan Yakub.’

11(32:10)

12Wong kabèh banjur ketiban ing paukuman mau, kejaba Kalèb anaké Yéfuné, wong Kénas kuwi, lan Yosua anaké Nun, merga loro-loroné padha setya marang Allah.

13Gusti Allah iya banjur duka banget marang bangsa Israèl, mulané ditégakaké ngumbara ing ara-ara samun patang puluh taun lawasé, supaya wong-wong sing padha mbrontak marang Panjenengané wis padha mati kabèh.

14Lha apa saiki kowé iya arep padha niru bapak-bapakmu. Yèn ngono kowé kuwi dadi angkatan mudha sing keblinger. Srana penggawému sing mengkono kuwi kowé bakal gawé mulading dukané Gusti Allah marang bangsa Israèl kabèh!

15Yèn kowé wong-wong Rubèn lan Gad, saiki uga ora gelem nurut marang dhawuhé Allah, Allah bakal négakaké bangsa Israèl ngumbara menèh ing ara-ara samun, lan merga saka pratingkahmu kuwi bangsa Israèl bakal katumpes!"

16Wong-wong Rubèn lan Gad nuli padha nyedhaki Musa lan kandha mengkéné, "Kula sami dipun parengna ngedegaken kandhang-kandhang saking séla kanggé ménda-ménda kula rumiyin, lan bètèng-bètèng ing kitha-kitha kula kanggé pengayomanipun anak-anak kula.

17Sesampunipun menika kula siaga majeng ing peprangan, sesarengan kaliyan sedhèrèk-sedhèrèk kula sabangsa. Samasa majeng perang, kula sedaya ingkang badhé dados panuntunipun, ngantos sedaya taler saged ngenggèni tanah pandumanipun piyambak-piyambak. Selaminipun kula sami nglampahi perang, kajengipun anak-anak kula sami manggèn ing ngriki, ing kitha-kitha ingkang sentosa, supados mboten dipun serang déning tiyang pribumi ing ngriki.

18Kula mboten badhé wangsul dhateng griya kula, ngantos tiyang Israèl sedaya ngenggèni tanah pandumanipun piyambak-piyambak.

19Kula mboten badhé nyuwun panduman siti sekedhik kémawon ing sakilèning Lèpèn Yardèn, mergi kula sampun nampi panduman siti ing sawétanipun Lèpèn Yardèn."

20Wangsulané Musa, "Yèn kandhamu kuwi nyata metu saka rilané atimu, saiki uga ana ing Kémah Suci kéné kowé padha tata-tataa mangkat perang.

21Kabèh wongmu sing bisa perang kudu nyabrang Kali Yardèn. Allah piyambak sing bakal ngirid lan kowé kabèh kudu padha nyerang sakèhing mungsuh kita, nganti Allah nelukaké,

22lan ngrebut tanah iki. Yèn wis mengkono kowé kabèh lagi padha kena bali menyang omahmu, merga wis padha nglakoni kuwajibanmu tumraping Allah lan tumraping sedulur-sedulurmu sabangsa.

23Nanging diéling! Yèn kowé ora netepi janjimu, kowé dosa marang Allah. Dadi tumindakmu sing bener, supaya kowé ora kena paukumané Allah.

24Wis padha ngedegna kutha-kuthamu lan kandhang-kandhangé wedhusmu. Mung tansah padha élinga marang janjimu!"

25Wong Rubèn lan turun-Gad mau nuli padha kandha, "Pak, kula sami badhé nindakaken menapa ingkang panjenengan dhawuhaken.

26Anak sémah tuwin raja-kaya, lembu lan ménda badhé sami kula tilar ing kitha-kitha Giléad ngriki.

27Nanging kula piyambak sami siaga tumut perang, ingkang kairid déning Pangéran piyambak. Kula sami badhé nyabrang ing Lèpèn Yardèn lan badhé sami tumut ing perang, kados ingkang panjenengan ngandikakaken."

28Musa nuli kandha karo Èléazar, Yosua lan para penggedhéné bangsa Israèl, mengkéné,

29"Yèn wong turun-Gad lan Rubèn padha ngèstokaké dhawuhé Allah lan nyabrang ing Kali Yardèn mèlu perang, lan yèn merga saka pambiyantuné kowé kelakon bisa ngrebut tanah iki, poma aja lali mènèhaké tanah Giléad dadi pandumané wong turun-Gad lan Rubèn.

30Nanging menawa wong-wong mau padha ora nyabrang ing Kali Yardèn lan mèlu perang karo kowé, kudu olèh panduman ing tanah pusaka Kenaan kuwi ora béda karo kowé kabèh."

31Wangsulané wong turun-Gad lan Rubèn, "Pak, kula badhé nindakaken menapa ingkang dipun dhawuhaken déning Pangéran.

32Kula badhé sami nyabrang ing Lèpèn Yardèn, mlebet ing negari Kenaan sarta majeng ing perang ingkang kairid déning Pangéran, supados kula sami saged tetep tampi panduman kula ing sisih wétaning Lèpèn Yardèn."

33Musa banjur mandumi marang taler Gad, taler Rubèn lan separoné taler Manasyè kabèh tanah tilas wilayahé Raja Sihon, yakuwi rajané wong Amori, semono uga sing biyèn wilayahé Raja Og, wong Basan, semono uga kutha-kutha lan tanah ing sakiwa-tengené.

34Taler Gad banjur mbangun kutha-kutha sing wis rusak, yakuwi kutha Dibon, Atarot, Aroèr,

35Atarot Sofan, Yaézèr, Yogbéha,

36Bèt-Nimra, lan Bèt-Haran.

37Déné taler Rubèn mbangun menèh kutha-kutha sing mauné wis rusak. Yakuwi kutha-kutha Hèsbon, Eléalé, Kiryataim,

38Nébo, Baal Méon (jenengé kutha mau diganti) lan Sibma. Kutha-kutha sing dibangun menèh mau dijenengi anyar.

39Turun-Makir, anaké Manasyè nyerang wong Giléad, tanahé dienggoni lan wong Amori sing padha ana ing kana ditundhungi.

40Mulané Musa mènèhaké tanah Giléad mau marang wong-wong trah Makir; wong-wong kuwi banjur padha tetep manggon ing kono.

41Yair saka taler Manasyè nyerang lan ngrebut désa sawetara, sing dijenengaké "Désa-désané Yair".

42Nobah uga nyerang lan ngrebut Kénat, sarta désa-désa sawetara; kutha mau banjur dijenengaké Nobah, kaya jenengé dhéwé.



 <<  Bilangan 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel