Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 1 >> 

1Nalika Yoyakim enggoné jumeneng raja Yéhuda nyandhak taun kateluné, Nebukadnésar, raja ing Babil nyerang kutha Yérusalèm, banjur dikepung.

2Raja Yoyakim diulungaké déning Pangéran ing tangané Raja Nebukadnésar, semono uga praboté Pedalemané Allah sebagéan. Sakonduré menyang Babil Raja Nebukadnésar mbekta wong tawanan sawetara ing kuil brahalané. Déné prabot Pedalemané Allah disimpen ana ing gudhangé kuil mau.

3Raja Nebukadnésar ndhawuhi Aspenas, penggedhéné para pegawé, supaya milih saka ing antarané wong Israèl sing ditawan mau nonoman sawetara sing kagolong turuné ratu lan tedhaking wong luhur.

4Yakuwi nonoman sing bagus rupané, wasis, trampil, gampang nampani piwulang, lan awaké tanpa cacad, supaya mbésuk bisa ngladèni apa mesthiné ana ing kraton. Aspenas kudu mulang nonoman mau maca lan nulis basa Babil.

5Sang Raja iya dhawuh supaya para nonoman mau saben dina diparingi pangan lan anggur kaya sing kasaosaké marang para wargané kraton. Sawisé dilatih telung taun para nonoman mau kudu disowanaké ing ngarsané Sang Raja.

6Ing antarané nonoman sing kapilih mau ana sing jenengé Dhanièl, Hananya, Misaèl lan Azarya.

7Penggedhéné kraton paring jeneng anyar marang para nonoman mau. Dhanièl dijenengaké Bèltsazar, Hananya dijenengaké Sadrakh, Misaèl dijenengaké Mésakh lan Azarya dijenengaké Abèdnégo.

8Dhanièl niyaté ora bakal najisaké awak nganggo pangan lan ombèn-ombèn saka kedhaton. Mulané banjur njaluk pitulungané Aspenas,

9lan Pangéran ngosikaké atiné Aspenas supaya becik srawungé karo Dhanièl.

10Nanging Aspenas wedi karo Sang Raja, mulané kandha karo Dhanièl, "Sang Prabu sampun nemtokaken bab menapa ingkang kedah panjenengan dhahar lan unjuk. Menawi sarira panjenengan ketingal mboten seger kados para nènèman sanès-sanèsipun, kula mesthi badhé dipun pejahi."

11Dhanièl banjur nemoni wong jaga sing diangkat déning Aspenas dadi pengawasé Dhanièl, Hananya, Misaèl lan Azarya, aturé,

12"Kula sakanca mugi panjenengan cobi; selaminipun sedasa dinten mugi kaparingana nedha sayuran lan ngombé toya pethak kémawon.

13Lajeng kula aturi nandhing kawontenan kula sakanca kaliyan para nènèman ingkang sami nedha dhaharan saking kedhaton. Menawi sampun, panjenengan lajeng netepna adhedhasar kawontenan kula tiyang sekawan menika."

14Panyuwuné mau dijurungi déning wong sing jaga, banjur padha dicoba suwéné sepuluh dina.

15Bareng wis kliwat sepuluh dina, kaanané Dhanièl sakanca nyata luwih seger lan rosa tinimbang karo para nonoman sing padha mangan dhaharané Sang Prabu.

16Sabanjuré wong jaga mau nerusaké enggoné mènèhi sayuran lan ora dhaharan saka kedhaton.

17Nonoman papat mau padha diparingi kawruh lan kapinteran bab kasusastran lan filsafat déning Pangéran. Malah Dhanièl kaparingan kawicaksanan nerangaké maknané wahyu lan impèn.

18Bareng wektu telung taun sing katetepaké déning Sang Prabu wis kliwat, Aspenas banjur nyowanaké para nonoman mau marang ngarsané Sang Prabu Nebukadnésar.

19Kabèh padha diajak ngandikan karo Sang Prabu. Sang Prabu kepranan déné ing antarané para nonoman kabèh ora ana sing madhani Dhanièl, Hananya, Misaèl lan Azarya. Mulané kabèh banjur padha diangkat dadi pegawé kraton.

20Pandanguné Sang Prabu bab apa waé utawa prekara sing angèl-angèl, nonoman papat mau bisa ngaturi wangsulan, lan kawruhé ngungkuli tikel sepuluhé para peramal lan juru nujum sanegara kabèh.

21Dhanièl manggon ana ing kedhaton kono nganti Babil katelukaké déning Sang Prabu Korèsy ing Pèrsia.



 <<  Daniel 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel