Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 11 >> 

1Mikhaèl kuwi sing tanggung jawab ngréwangi lan mbélani aku.

2(11-2a) Apa sing dakkandhakaké saiki marang kowé kuwi nyata." (11-2b) Pangandikané malaékat, "Isih ana raja telu menèh sing bakal ngerèh Pèrsia, kasusul déning sing nomer papat, sing sugihé ngungkuli liya-liyané. Bareng tekan pucaké kasugihan lan pangwasané raja mau bakal nantang kraton Yunani.

3Yèn wis mengkono bakal ana raja sing gagah prakosa. Raja mau bakal mréntah nganggo pangwasa gedhé lan tumindak sekarepé dhéwé.

4Bareng wis tekan pucaking pangwasané, kratoné bakal pecah dadi papat. Raja-raja sing dudu tedhaké bakal ngganti dadi raja, nanging bakal padha ora kadunungan pangwasa kaya raja mau.

5Raja ing Mesir bakal dadi kuwat. Nanging salah sijining jéndralé pangwasané bakal ngungkuli. Jéndral kuwi bakal nyekel pepréntahan nganggo pangwasa sing luwih gedhé.

6Sawisé wetara taun raja Mesir bakal gawé prejanjian karo raja Siria. Raja Mesir mau maringaké putrané putri dadi garwané raja Siria. Nanging prejanjian mau ora langgeng. Putri mau, garwa lan putrané, sarta para pendhèrèké enggoné nggawa saka Mesir, padha dipatèni.

7Sawisé mengkono ora let suwé sedhèrèké dadi raja. Raja mau nglurugi perang tentara Siria, mbedhah kratoné lan nelukaké tentara Siria mau.

8Raja kuwi bakal kondur menyang Mesir karo ngasta reca-reca pepundhèné wong Siria sarta barang-barang saka emas lan slaka sing kanggo memuja reca-reca mau. Sawisé ngalami katentreman sawetara taun lawasé.

9Raja Siria nyerbu tanah Mesir, nanging kalah perangé lan dipeksa mundur.

10Para putrané raja Siria banjur bakal tata-tata nglurug perang menèh lan nglumpukaké tentara sing luwih akèh menèh. Ana putrané ngebyuki tanah Mesir kaya banjir, banjur nyerbu bètèngé mungsuh.

11Raja Mesir saka nepsuné bakal metoni perang nglawan raja Siria mau. Tentarané Siria sing akèh mau bakal kalah perangé.

12Raja Mesir bakal dadi gemunggung merga wis menang perangé, lan wis matèni serdhadhu akèh. Nanging kemenangané mau bakal ora langgeng.

13Raja Siria saulihé saka peprangan banjur bakal nglumpukaké tentarané sing luwih akèh ketimbang karo sing uwis-uwis. Samasa wis tekan titi-mangsané raja Siria mau bakal nglurugi perang Mesir menèh karo nggawa tentara sing luwih akèh lan dipraboti luwih pepak.

14Ing Mesir bakal akèh wong sing padha brontak marang Sang Prabu. Panunggalané bangsamu sing ambek siya iya bakal gemrégah mbangkang merga nampa wahyu, nanging bakal dikalahaké.

15Raja Siria banjur bakal ngepung kutha sing disentosani nganggo bètèng, lan ngrebut kutha mau. Para prejurité Mesir bakal ora nerusaké perangé. Senajan sing rosa dhéwé bakal ora keconggah perang.

16Tentarané Siria sing nglurugi perang mau bakal tumindak sewenang-wenang tanpa ana sing bisa ngalang-alangi. Bakal padha ngenggoni Tanah Prejanjian lan ngwasani tanah mau kabèh.

17Raja Siria bakal ngrancang nglurug perang nggawa balané kabèh. Supaya bisa nelukaké tentaraning mungsuhé, mungsuh mau bakal diajak gawé prejanjian nganggo diwènèhi anaké wadon dikon ngepèk bojo. Nanging rancangané mau bakal ora olèh gawé.

18Sawisé mengkono raja Siria mau bakal nyerang bangsa-bangsa sing padha manggon ing sapinggiring segara, sarta akèh sing bakal ditelukaké. Nanging raja mau bakal ditelukaké déning raja saka manca negara, lan kuwi sing bakal nglèrèni pretingkahé raja Siria sing gemedhé, lan gentèn digawé wirang.

19Raja Siria bakal bali menyang negarané dhéwé, menyang kutha-kuthané sing disentosakaké nganggo bètèng-bètèng nanging bakal terus kalah perangé. Lan yakuwi wekasané riwayaté.

20Raja mau bakal diganti déning raja liyané. Raja mau bakal utusan pegawé sing meres rakyat srana pajeg sing abot, kanggo ngundhakaké kasugihané kraton Siria. Nanging ora let suwé raja mau bakal dipatèni sesidheman, ora ana ing ngarepé wong akèh lan ora ana ing peprangan."

21Malaékat mau banjur nerusaké ngandikané, "Raja Siria mau banjur digentèni wong sing asor budiné, sing ora pantes dadi raja. Ora kanyana-nyana wong mau muncul, ngrebut pangwasa nganggo cara licik.

22Sapa waé sing ngalang-alangi, senajan Imam Agungé Allah pisan, bakal disirnakaké.

23Srana gawé prejanjian karo liya-liya bangsa, raja mau bakal saya mundhak gedhé pangwasané, senajan bangsané dhéwé mung cilik.

24Raja mau bakal nyerang propinsi sing subur tanpa kandha-kandha lan nindakaké penggawé-penggawé sing ora tau ditindakaké déning para leluhuré. Olèh-olèhané enggoné njarah-rayah ing peprangan bakal diedum ing antarané para balané. Raja bakal ngrancang nyerbu bètèng-bètèng, nanging wektu sing dicawisaké wis entèk.

25Kalawan kendel raja mau bakal nglumpukaké tentara lan nyerang Mesir, sing iya siap karo tentarané sing akèh banget. Nanging raja Mesir bakal dikalahaké nganti ora olèh gawé.

26Para penaséhaté padha nyulayani, nganti akèh prejurité sing mati ing peprangan lan tentarané kasirnakaké kabèh.

27Raja loro mau banjur padha lungguh mangan saméja, nanging padha-padha sangu kekarepan ala, nganti sing siji nggorohi sijiné. Karo-karoné bakal padha ora olèh gawé, merga durung tekan wektuné.

28Raja Siria banjur bakal mulih menyang negarané dhéwé karo nggawa barang-barang rayahané. Atiné ngigit-igit arep nyirnakaké wong sing padha nggegegi Prejanjiané Allah. Kuwi iya énggal katindakaké, banjur lagi mulih menyang negarané.

29Ora wetara suwé raja mau banjur nyerang negara Mesir menèh, nanging kelakoné ora kaya sing dhèk kapisan.

30Sebab wong Rumawi bakal padha teka nganggo prau lan nglawan, nganti raja Siria mau bakal miris atiné. Mulané mulihé bakal karo nepsu banget lan sajroning gregeten nedya numpes piyandelé para umaté Allah, bakal nggatèkaké naséhaté wong-wong sing padha nyingkur saka piyandelé.

31Tentarané bakal dikon najisaké Pedalemané Allah. Kurban pedinan bakal disuwak, banjur diedegaké mesbèh kanggo déwané.

32Nganggo cara rupa-rupa raja mau bakal olèh bantuané wong-wong sing padha murtad saka piyandelé marang Allah, nanging wong-wong sing ngabekti marang Allah bakal padha nglawan.

33Para wicaksana sing dadi pemimpiné umat mau bakal padha rembugan karo wong akèh supaya padha tumindaka kanthi wicaksana. Nanging ing sawetara mangsa akèh panunggalané umaté Allah sing dipatèni ing sajroning peprangan utawa diobong nganti mati, ana menèh sing dirampog lan dilebokaké ing pakunjaran.

34Sajroné disiya-siya umaté Allah bakal olèh pitulungan sawetara, senajan akèh wong sing olèhé padha nggabung karo umat mau mung merga mburu kepénak kanggo awaké dhéwé.

35Para pemimpin sing wicaksana mau bakal ana sawetara sing dipatèni, nanging kuwi njalari kaprecayané wong akèh padha disentosakaké. Lelakon kuwi bakal lestari nganti wekasané jaman, sing wis katetepaké déning Allah.

36Raja Siria bakal tumindak sewenang-wenang. Bakal ngaku yèn luwih luhur lan luwih ampuh ketimbang karo para déwa, malah ngungkuli Gusti Allah. Enggoné bisa tumindak mengkono mau nganti tekan titi-mangsané Allah nibakaké paukuman. Gusti Allah bakal nindakaké cocog karo apa sing wis karancang.

37Raja mau bakal ngabekti marang allahé para leluhuré, uga déwa-déwa sing disembah déning para wong wadon. Satemené ora ngrèwès déwa ngendi waé, merga rumangsané awaké dhéwé kuwi ngungkuli sakèhé para déwa.

38Kosokbaliné iya éring karo déwa sing mbaureksa bètèng-bètèng. Raja mau bakal nyaosaké kurban rupa emas, slaka, permata adi lan pisungsung sing larang-larang regané marang para déwané sing durung tau diweruhi déning para leluhuré.

39Bètèng-bètèngé bakal dikon njaga wong-wong sing nyembah déwa liya menèh. Raja mau bakal awèh ganjaran gedhé marang wong sing gelem ngakoni olèhé dadi raja. Bakal padha diganjar pangkat dhuwur, lan palemahan.

40Bareng wis mèh tekan titi-mangsané wekasané sugengé raja Siria, raja Mesir bakal teka nyerang. Raja Siria siaga nglawan serangan mau kalawan ngetog karosané, rupa kréta perang, jaran lan kapal pirang-pirang. Raja Siria mau ngrancang bakal nyerang negara akèh, kaya banjir sing ngeleb samubarang.

41Malah iya arep nyerang Tanah Prejanjian lan matèni wong nganti pirang-pirang leksa, nanging tanah Édom, Moab lan sisané tanah Amon bakal oncat.

42Samasa nyerang negara-negara mau kabèh, tanah Mesir uga bakal diserang.

43Raja-branané tanah Mesir sing kapendhem kayata emas, slaka lan barang-barang pengaji liyané bakal digawa lunga kabèh. Raja Siria mau iya ngrancang arep nelukaké Libia lan Sudan.

44Dumadakan bakal ana kabar teka saka Wétan lan Kulon sing gawé girisé raja mau. Éwasemono ora bakal nglawan perang karo ngiwut, matèni wong waton akèh.

45Raja Siria bakal masang kémahé keprabon ing antarané segara lan gunung sing dienggoni Pedalemané Allah. Nanging raja mau bakal tiwas, tanpa ana sing bisa awèh pitulungan."



 <<  Daniel 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel