Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 12 >> 

1Malaékat sing ngagem ageman léna mau nuli ngandika, "Ing wektu kuwi Mikhaèl, malaékat agung sing ngamping-ampingi bangsamu, bakal rawuh. Ing kono bakal ana kasangsaran akèh, sing durung tau kelakon wiwit anané bangsa-bangsa nganti tekan ing wektu kuwi. Ing wektu kuwi wong kabèh sing klebu umat Israèl, sing jenengé katulis ana ing kitabé Allah bakal kapitulungan rahayu.

2Sarta akèh wong sing wis mati, bakal urip menèh, ana sing banjur kaparingan urip langgeng, lan ana sing nandhang sangsara lan kanisthan langgeng.

3Para wong wicaksana bakal padha mencorong kaya padhanging langit. Lan sing wis padha nuntun wong akèh ing dalan sing becik, bakal padha mengkilat kaya lintang-lintang ing selawasé."

4Pangandikané marang aku, "Saikiné, Dhanièl, kitab kuwi tutupen lan sègelen nganti tekan wekasané jaman. Akèh wong sing bakal ngetog kabisané merga kepéngin ngerti apa sing satemené lagi kelakon."

5Sawisé mengkono aku weruh ana wong lanang loro lagi ngadeg ana ing sapinggiré kali, sing siji ing sisih kéné, sijiné ing sisih kana.

6Sing siji banjur nyuwun pirsa karo malaékat sing jumeneng ing sapinggiré kali rada munggah, "Mbénjing menapa prekawis-prekawis ingkang ngéram-éramaken menika badhé kelampahan sedaya?"

7Malaékat mau supaos ing asmané Allah kang asipat langgeng karo ngangkat astané kiwa lan tengen, "Kuwi lawasé telu setengah taun, yakuwi samasa panguya-uya marang umaté Allah wis rampung. Yèn wis rampung, samubarang kabèh mau bakal kelakon."

8Apa sing dingandikakaké mau aku krungu kabèh, nanging aku ora ngerti tegesé. Aku banjur matur, "Kadospundi sagedipun prekawis menika kelampahan?"

9Wangsulané, "Wis mangkata Dhanièl, merga pangandika mau wewadi sing ora kena kawiyak nganti tekan wekasané jaman."

10Akèh wong bakal disucèkaké. Wong ala bakal ora ngerti lan nerusaké enggoné nindakaké piala. Mung wong sing wicaksana bakal padha ngerti.

11"Wiwit ora anané kurban pedinan, yakuwi wiwit madegé déwa-déwané kanisthan sing gawé rusak kuwi 1.290 dina.

12Rahayu wong sing tetep setya nganti tekan 1.335 dina!

13Lan kowé, Dhanièl, lestaria nganti tekan wekasan. Kowé bakal mati, nanging bakal tangi lan nampani ganjaran ing wekasané jaman."



 <<  Daniel 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel