Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 6 >> 

1(6-2) Sang Prabu Dharius banjur misudha gubernur cacahé 120, sing bakal nindakaké pepréntahan ing sanegara kabèh.

2(6-3) Kejaba kuwi panjenengané ngangkat Dhanièl lan wong loro liyané dadi pengawas sing ngawat-awati para gubernur sarta nggatèkaké kepentingané Sang Prabu, supaya Sang Prabu aja nganti kapitunan.

3(6-4) Ora suwé banjur ketitik yèn Dhanièl enggoné nyambut-gawé luwih becik ketimbang karo pengawas liya-liyané lan para gubernur. Merga saka kabecikané mau Sang Prabu menggalih arep ngangkat Dhanièl dadi pengawasé sanegara kabèh.

4(6-5) Para pengawas lan para gubernur nuli padha nggolèki kaluputané Dhanièl sajroning nglakoni pegawéané. Nanging padha ora bisa nemokaké, sebab Dhanièl kuwi wong temen, lan ora gelem laku slingkuh utawa ngapusi.

5(6-6) Wong-wong mau banjur padha rerasanan, "Kita mesthi ora bakal bisa nemokaké kaluputané Dhanièl, kejaba bab kaprecayané."

6(6-7) Wong-wong mau nuli padha sowan ing ngarsané Sang Prabu lan matur, "Dhuh Sang Prabu Dharius, sugenga ing selaminipun!

7(6-8) Kawula sedaya ingkang nyepeng pepréntahan: para pengawas, para gubernur, wakil gubernur lan pegawé sanès-sanèsipun, sami sarujuk, bilih Sang Prabu ndhawuhaken prenatan keras, inggih menika bilih salebetipun tigang dasa dinten menika mboten wonten tiyang setunggal-tunggala kaparengaken ngunjukaken panyuwunan menapa-menapa dhateng déwa utawi tiyang menapa kémawon, kejawi dhateng Sang Prabu piyambak. Sinten kémawon tiyangipun ingkang nerak prenatan menika kedah kacemplungaken wonten ing luwengipun singa.

8(6-9) Sang Prabu mugi kersa ndhawuhaken prenatan menika sarta napak-asmani, dadosa prenatan miturut hukumipun tiyang Médi lan Pèrsia, ingkang mboten saged kasuwak."

9(6-10) Sang Prabu Dharius iya banjur napak-asmani dhawuh mau.

10(6-11) Bareng Dhanièl krungu yèn dhawuh mau wis ditapak-asmani banjur mulih. Ing omahé ana lotèngé, jendhéla-jendhélané madhep menyang Yérusalèm. Ana ing kamaré lotèng mau Dhanièl kaya adat-sabené sujud jèngkèng madhep jendhéla lan ndedonga marang Allah sedina ping telu.

11(6-12) Bareng para mungsuhé weruh Dhanièl lagi ndedonga marang Gusti Allah,

12(6-13) wong kabèh mau banjur padha bebarengan sowan Sang Prabu nglapuraké Dhanièl. Unjuké, "Dhuh Sang Prabu, paduka sampun napak-asmani dhawuh, bilih sinten kémawon ingkang salebetipun tigang dasa dinten menika ngunjukaken panyuwun dhateng déwa utawi manungsa sinten kémawon, kejawi dhateng paduka piyambak, badhé kacemplungaken ing luwenging singa?" Paring wangsulané Sang Prabu, "Iya bener, kuwi préntah keras, miturut hukumé wong Médi lan wong Pèrsia sing ora kena dibatalaké."

13(6-14) Wong-wong mau banjur padha munjuk, "Dhanièl, tiyang bucalan saking Yéhuda menika mboten maèlu utawi ngèstokaken dhawuh ingkang sampun kaundhangaken menika. Piyambakipun ajeg sembahyang sedinten kaping tiga."

14(6-15) Bareng mireng atur sing mengkono mau Sang Prabu kagèt banget lan ngudi bisané ngluwari Dhanièl, nganti srengéngéné surup.

15(6-16) Wong-wong mau banjur bali menèh sowan Sang Prabu sarta munjuk, "Dhuh Sang Prabu, paduka pirsa bilih miturut hukumipun tiyang Médi lan Pèrsia dhawuh ingkang sampun kaundhangaken menika mboten kénging dipun éwahi."

16(6-17) Sang Prabu banjur dhawuh supaya Dhanièl dicekel lan kacemplungaké ing guwa sing kebak singa. Pangandikané Sang Prabu marang Dhanièl, "Muga-muga Allah sing kokbektèni kanthi mantep kuwi kersa ngluwari kowé."

17(6-18) Cangkemé guwa mau banjur katutup nganggo watu gedhé. Watu mau banjur disègel nganggo sègel keprabon lan sègelé para penggedhé, supaya aja ana wong sing bisa ngluwari Dhanièl.

18(6-19) Sang Prabu banjur kondur menyang kedhaton, nanging sawengi muput panjenengané ora saré, ora dhahar lan ora ngersakaké kasenengan apa-apa.

19(6-20) Bareng wis ésuk panjenengané wungu lan énggal-énggal tindak menyang guwa singa.

20(6-21) Tekan sacedhaké guwa panjenengané nimbali Dhanièl karo sedhih, "Dhanièl, abdiné Allah kang gesang! Apa Allahmu sing kokbektèni kanthi tumemen saged ngluwari kowé saka singa-singa kuwi?"

21(6-22) Unjuk wangsulané Dhanièl, "Dhuh Sang Prabu, mugi langgenga yuswa paduka!

22(6-23) Gusti Allah sampun ngutus malaékatipun mbungkem cangkemipun singa-singa menika. Gusti Allah sampun tumindak mekaten margi pirsa bilih kula mboten gadhah kalepatan dhateng Sang Prabu."

23(6-24) Sang Prabu banget bungahé, banjur paring dhawuh supaya Dhanièl diwetokaké saka guwa. Dhanièl banjur diunggahaké lan ketitik ora ana tatuné apa-apa, merga saka enggoné kumandel marang Allahé.

24(6-25) Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng wong-wong sing padha nggugat Dhanièl sarta sing padha nyemplungaké ing guwa sing kebak singa, malah iya para bojo lan anak-anaké kabèh. Wong-wong mau durung nganti tekan ing jero guwa wis ditubruk déning singa-singa mau lan balungé diremuk-remuk.

25(6-26) Raja Dharius banjur kintun serat marang wong-wong ing salumahé bumi, yakuwi para bangsa, trah lan basa apa waé, uniné mengkéné, "Salam!

26(6-27) Lantaran layang iki aku dhawuh marang sedhéngah wong sing ana ing wilayah kraton padha wedia lan hurmata marang Allahé Dhanièl. Panjenengané iku Allah kang gesang, lan pangrèhé bakal langgeng ing selawasé. Kratoné bakal ora ngalami rusak, lan pangwasané langgeng tanpa wekasan.

27(6-28) Panjenengané nylametaké lan ngluwari, damel kaélokan lan mujijat ana ing swarga lan ing bumi. Iya Panjenengané sing ngluwari Dhanièl, nganti ora dimangsa déning singa."

28(6-29) Dhanièl ngalami katentreman ing jaman pepréntahané Raja Dharius lan ing jamané Sang Prabu Korèsy, raja Pèrsia.



 <<  Daniel 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel