Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 7 >> 

1Ing taun kapisané Sang Prabu Bèlsyazar jumeneng raja ing Babil, aku ing sawijining bengi nampa wahyu sajroning impèn. Impèn mau daktulis ing ngisor iki

2lan dakcritakaké rerupan sing dakdeleng ing bengi kuwi: Ana angin teka saka kéblat papat gawé kocaké banyuné segara.

3Banjur ana sato kéwan papat gedhé banget jumedhul saka njeroné segara. Sato mau rupané béda-béda.

4Sato sing kapisan rupané kaya singa, nanging duwé swiwi kaya swiwiné manuk garudha. Sajroné isih daksawang, swiwiné kajabud. Sato mau banjur tangi lan ngadeg kaya wong, lan sato mau banjur kaparingan budi kaya manungsa.

5Sato sing kapindho rupané kaya bruwang, ngadeg nganggo sikilé mburi. Cangkemé bruwang mau nyokot balung iga telu, lan ana swara kandha karo bruwang mau, "Terusna enggonmu mangan daging, mangana sawaregmu!"

6Nalika aku isih nyawang bruwang mau ana sato siji menèh jumedhul. Rupané kaya macan tutul, nanging ing gegeré ana swiwiné papat, kaya swiwi manuk. Sato mau endhasé papat, sarta duwé pangwasa.

7Sajroné aku isih nyawang sato mau, sato sing nomer papat jumedhul. Rupané medèni banget, katon rosa lan nggegirisi. Nganggo untuné wesi sing gedhé banget sato mau ngremuk mangsané, banjur diidak-idak. Béda karo sato liya-liyané, sato mau ana sunguné sepuluh.

8Nalika aku isih nyawang sunguné, dumadakan ana sungu cilik muncul ing antarané sungu-sungu liyané. Sungu cilik mau nyundhul sungu telu sing wis ana nganti coplok. Sungu cilik mau ana matané kaya mripat manungsa lan duwé cangkem lan sumbar-sumbar nganggo tembung angkuh.

9Sajroné isih nyawang terus dumadakan ana dhampar-dhampar katata. Panjenengané Kang Gesang Langgeng pinarak ing dhampar mau salah siji. Agemané putih memplak kaya salju, lan rémané putih kaya wuluning wedhus gèmbèl. Dhampar sing dilenggahi mau kapasangan rodha murub, mula dhampar kuwi iya murub makantar-kantar.

10Dhampar mau metokaké geni kaya ilining banyu sing diesokaké. Ing kanané ana wong maèwu-èwu sing padha ngladosi Panjenengané, lan wong mayuta-yuta padha ngadeg ana ing ngarsané. Pradataning Pengadilan banjur mbukak sidhangé lan kitab-kitabé padha dibukak.

11Sajroné nyawang terus, aku isih krungu swarané sungu cilik mau ngucapaké tembung-tembung gemunggung. Bareng daksawang, sato sing nomer papat dipatèni, lan dibuwang ing geni nganti sirna.

12Sato-sato liyané kapundhut pangwasané, nanging padha diparengaké urip kanggo sawetara mangsa.

13Ing wahyu sing daktampa bengi kuwi aku weruh rerupan mèmper manungsa, nyedhaki aku, ketutupan ing méga. Banjur sowan Panjenengané Kang Gesang Langgeng.

14Panjenengané kaparingan pangwasa, kaurmatan lan wewenangé ratu, supaya sakèhé umat, bangsa, trah lan basa padha ngladosi Panjenengané. Pangwasané bakal langgeng ing selawasé, lan kratoné bakal ora ana wekasané.

15Wahyu-wahyu sing dakdeleng mau gawé kagètku, nganti atiku resah.

16Aku banjur nyedhaki wong sing ngadeg ana ing kono karo njaluk tulung nerangaké marang aku, apa tegesé kuwi mau kabèh. Wong mau banjur nerangaké marang aku, apa tegesé kuwi mau kabèh.

17Pangandikané, "Sato papat sing gedhé-gedhé kuwi kraton papat sing bakal madeg ing bumi.

18Umaté Allah Kang Mahaluhur bakal padha nampani pangwasa nindakaké pepréntahan lan bakal padha nyekel pepréntahan mau ing selawas-lawasé."

19Aku kepéngin ngerti luwih akèh menèh bab sato papat, sing béda-béda, kayata sato sing gedhé banget, sing ngremuk mangsané nganggo cakaré tembaga lan untuné wesi sarta ngidak-idak mangsané mau.

20Semono uga aku kepéngin ngerti bab sungu sepuluh sing ana ing endhasé, sarta sungu sing thukulé kèri lan marakaké sungu telu sing wis ana dhisik padha coplok. Sungu mau duwé mata lan cangkem sarta ngucapaké tembung-tembung gemunggung. Sungu kuwi luwih nggegirisi ketimbang karo sungu-sungu liyané.

21Sajroné isih daksawang, dumadakan sungu mau nglurugi perang umaté Allah lan nelukaké umat mau.

22Panjenengané Kang Gesang ing selawasé nuli rawuh lan paring keadilan marang para umaté Allah Kang Mahaluhur. Wis tekan wektuné para umaté Allah padha nyekel pepréntahan.

23Ketrangan sing diparingaké marang aku mengkéné, "Sato sing nomer papat kuwi kraton sing madeg nomer papat ana ing bumi lan bakal béda kaanané karo kraton liya-liyané kabèh. Kraton sing nomer papat kuwi bakal ngremuk lan ngidak-idak salumahé bumi.

24Sungu sepuluh kuwi raja sepuluh sing bakal ngerèh kraton mau. Sawisé mengkono banjur bakal ana raja jumeneng; raja kuwi bakal béda banget karo raja-raja sadurungé, sarta nglèngsèr raja telu sing wis ana.

25Raja anyar kuwi bakal nyenyamah Allah Kang Mahaluhur sarta nganiaya umaté Allah. Raja mau iya bakal ngudi ngowahi wektu lan prenatan-prenatan. Umaté Allah bakal kelakon dirèh déning ratu mau, lawasé telu setengah taun.

26Sawisé mengkono Pradataning Pengadilan sing ana ing swarga bakal ndhawahaké kerampungan. Ratu mau bakal kapundhut pangwasané, banjur ditumpes babar-pisan.

27Sakèhé pangwasaning pepréntahané para raja ing salumahing bumi bakal kaparingaké marang wong-wong kagungané Allah Kang Mahaluhur. Pepréntahané wong-wong mau bakal ora ana wekasané, lan sakèhé raja ing bumi bakal padha dadi abdiné lan mbangun-turut marang pangrèhé.

28Tekan seméné critaku. Aku ketaman ing giris, nganti rupaku pucet. Kabèh mau daksimpen ana ing atiku dhéwé."



 <<  Daniel 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel