Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 3 >> 

1Merga saka kuwi demi kepentinganmu para wong dudu Yahudi, aku, Paulus, wong sing dikunjara merga Sang Kristus Yésus, ndedonga ana ing ngarsané Gusti Allah.

2Kowé mesthi ya wis krungu, yèn merga saka sih-rahmaté, Gusti Allah wis nimbali aku nglakoni ayahan kanggo keslametanmu.

3Gusti Allah wis kepareng medharaké rancangan sing sinengker, lan nyariyosaké marang aku. (Bab prekara iki wis daktulis klawan cekak,

4lan yèn kowé wis maca sing daktulis mau, kowé bakal ngerti apa sing dakarani wewadi bab Sang Kristus.)

5Dhèk jaman-jaman sing wis kepungkur manungsa ora diparingi weruh bab wewadi mau, nanging saiki, lantaran Sang Roh Suci, Gusti Allah wis medharaké marang rasul-rasul lan nabi-nabi.

6Sing disebut wewadi yakuwi mengkéné: Lantaran pawartané Injil, wong dudu Yahudi padha mèlu kepanduman berkahé Gusti Allah marang wong Yahudi. Wong-wong mau padha dadi péranganing sarira siji lan padha-padha duwé hak tumraping prejanjiané Gusti Allah lantaran Sang Kristus.

7Aku didadèkaké abdining Injil merga saka kanugrahané Gusti Allah, sing diparingaké marang aku srana pangwasané kang élok.

8Aku wong sing asor dhéwé, ing antarané umaté Allah. Senajan mengkono Gusti Allah wis kepareng maringaké wewenang marang aku, supaya martakaké Injil bab kasugihané Sang Kristus sing tanpa wangenan kuwi marang bangsa dudu Yahudi.

9Lan supaya nerangaké marang wong kabèh bab enggoné Gusti Allah mbabaraké rancangan sing winadi mau. Gusti Allah sing nitahaké samubarang, nyimpen wewadi mau nganti pirang-pirang abad lawasé,

10supaya ing jaman saiki sawernaning kawicaksanané Gusti Allah uga kasumurupaké déning pasamuwan marang pangwasa-pangwasa lan pepréntahan-pepréntahan sing ana ing langit.

11Gusti Allah enggoné nindakaké kuwi mau kabèh cocog karo kersané kang langgeng. Lan kersané kuwi mau kabèh kaleksanan srana ngagem Sang Kristus Yésus, Gusti kita, minangka lantarané.

12Ana ing patunggilan kita karo Sang Kristus lan lantaran precaya marang Panjenengané, kita padha olèh kamerdikan sowan kanthi kendel ana ing ngarsané Gusti Allah.

13Mulané penjalukku marang kowé: aja padha cilik atimu merga enggonku nglakoni sangsara krana kowé, kuwi kabèh rak murih becikmu.

14Mulané aku sujud ana ing ngarsané Sang Rama,

15sing dadi asalé saben tumitah sing ana ing swarga lan ing bumi.

16Aku nyuwun marang Gusti Allah, supaya saka gunging kamulyané, kersaa maringi kekuwatan lantaran Sang Roh Suci marang kowé, lan nyantosakaké batinmu.

17Sarta supaya merga saka kaprecayanmu Sang Kristus dedalem ana ing atimu. Pandongaku muga-muga kowé padha ngoyoda lan tetalesa sajroning katresnan.

18Supaya bebarengan karo sakèhé umaté Allah, kowé dadi ngerti sepira ambané lan dawané tuwin dhuwuré sarta jeroné katresnané Sang Kristus.

19Muga-muga kowé padha ngerti temenan bab katresnané Sang Kristus mau !!— senajan katresnané kuwi ora kena dijajagi sasampurnané— lan srana mengkono kowé kapenuhan déning kasampurnané Gusti Allah.

20Gusti Allah sing kwasa nindakaké samubarang srana pangwasané sing makarya ana ing kita, ngluwihi sing kita suwun utawa kita pikir.

21Panjenengané kasaosana kamulyan ana ing pasamuwan, lan ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus, turun-tumurun nganti selawas-lawasé. Amin.



 <<  Efesus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel