Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 4 >> 

1Mulané aku, wong sing dikunjara merga enggonku nindakaké ayahan peparingé Sang Kristus, ngatag-atag marang kowé: uripmu cundhukna karo kersané Gusti Allah sing wis nimbali kowé.

2Lakumu sing andhap-asor, sarèh lan tansah sabar. Katresnanmu padha wujudna srana tulung-tinulung.

3Sabisa-bisamu padha ngudi nglestarèkna enggonmu tetunggalan krana Sang Roh Suci; déné katresnan mau, sing minangka esuhé.

4Dadi mung ana badan siji lan Roh siji, kaya déné ya mung ana pengarep-arep siji, sing njalari kita padha katimbalan.

5Mung ana Gusti siji, iman siji lan baptisan siji;

6lan mung ana Allah siji, yakuwi Ramané wong kabèh, Gustiné samubarang, sing nitahaké lan kagungan pangwasa ing ngatasé samubarang.

7Kita padha kaparingan ganjaran dhéwé-dhéwé, manut takeran sing diparingaké déning Sang Kristus.

8Kaya sing dingandikakaké déning Gusti Allah ana ing Kitab Suci, surasané: "Sareng sumengka ing ngaluhur, Panjenenganipun nggèndèng tiyang-tiyang tawanan kathah; Panjenenganipun maringi ganjaran dhateng manungsa."

9Tembung "sumengka" kuwi ateges: Panjenengané wis tumedhak, yakuwi tumedhak nganti tekan telenging bumi.

10Dadi Panjenengané sing tumedhak kuwi, iya sing sumengka ngungkuli dhuwuré lan jembaré sakèhing langit, lan ngebaki alam jembar iki.

11Panjenengané mau sing "maringi ganjaran marang manungsa"; ana sing ditimbali dadi rasul, ana sing dadi nabi, ana sing dadi penginjil, ana sing dadi pangoné pasamuwan, ana sing dadi guru.

12Kuwi mau kabèh supaya umaté Gusti Allah padha samekta nindakaké ayahané, kanggo mbangun sarirané Sang Kristus.

13Srana mengkono kita kabèh bakal nunggal iman lan kawruh bab Putraning Allah. Kita bakal dadi wong-wong sing diwasa, sing mundhak sampurna kaya Sang Kristus.

14Temahan kita mari dadi bocah, sing katut ing ombak lan mrana-mréné kagawa déning anginé piwulang sing molah-malih, sing diwulangaké déning para tukang apus-apus sing nedya nasaraké wong srana akal sing julig.

15Nanging srana ngandhakaké prekara sing sanyatané klawan katresnan, kita padha mundhak-mundhaka ing samubarang prekara, saéngga dadi sampurna kaya Sang Kristus, sing jumeneng Sesirah.

16Srana pangwasané Sang Kristus, pérang-pérangané badan, sing béda-béda mau katata lan kaiket dadi siji. Mulané menawa saben pérangan nyambut-gawé ing samesthiné, badan sakojur bakal tuwuh dadi diwasa lan santosa merga saka katresnan.

17Mulané kowé padha dakpituturi demi asmané Gusti: Uripmu aja padha kaya uripé wong kapir, sing pengangen-angené tanpa guna,

18lan pikiré peteng. Wong-wong mau ora bakal bisa mèlu ngrasakaké urip anyar peparingé Gusti Allah, sebab saka bodhoné lan wangkoting atiné.

19Wong-wong kuwi wis padha ora duwé isin; padha seneng marang piala, lan ngumbar hawa-nepsuné.

20Piwulang sing padha koktampa bab Sang Kristus kuwi ora mengkono.

21Kowé rak wis padha krungu bab Panjenengané lan wis padha dadi muridé, sarta nampa piwulang bab kayektèn, sing ana ing Gusti Yésus.

22Mulané kamanungsanmu sing lawas padha buwangen, sebab kuwi sing njalari kowé urip kaya sing uwis-uwis. Kamanungsan lawas mau rusak déning dayaning hawa-nepsu sing nasaraké.

23Batinmu lan pikiranmu kudu dianyaraké babar-pisan.

24Padha ngrasuka kamanungsan anyar, sing katitahaké manut citrané Gusti Allah; yakuwi manut kabeneran lan kasucèné.

25Mulané watakmu sing seneng goroh padha buwangen! Saben wong kandhaa sing sanyatané marang pepadhané, sebab kita kabèh iki padha-padha péranganing sarirané Sang Kristus.

26Yèn kowé nepsu, aja nganti kowé gawé dosa. Enggonmu nepsu aja terus-terusan sedina muput.

27Aja mènèhi wewengan marang Iblis.

28Wong sing gawéné nyolong, aja nyolong menèh, malah nyambuta-gawé lan olèha kasil sing kalal kanggo awakmu dhéwé, lan kanggo mbiyantu wong miskin.

29Tembungmu aja gawé seriking atiné wong liya. Migunakna tembung-tembung sing ana paédahé, yakuwi tembung-tembung sing mbangun, lan awèh panglipur, supaya apa sing kokucapaké mau ndadèkaké beciké wong-wong sing padha ngrungokaké.

30Aja padha gawé sekelé penggalihé Sang Roh Suci, sebab Sang Roh Suci kuwi pratandha saka Gusti Allah, yèn kowé dadi kagungané. Sang Roh Suci mau dadi tanggungan, sing nanggel kowé ing Dina pangluwaran.

31Buwangen sakèhé drengki, brangasan lan cugetan. Singkirana sakèhing pasulayan lan penyatur ala. Aja padha ngendhem rasa sengit.

32Aluwung padha nindakna kabecikan, lan padha sumanaka siji karo sijiné; padha apura-ingapuraa, kaya déné Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wis ngapura marang kowé kabèh.



 <<  Efesus 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel