Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 1 >> 

1(1:1-2) Akhaswéros, raja Pèrsia, kedhatoné ana ing Susan, ibu kotané tanah Pèrsia. Negara mau mbawahaké propinsi satus pitulikur, wiwit saka India tekan Sudan.

2(1:1)

3Nalika pepréntahané nyandhak taun kateluné, Raja Akhaswéros nganakaké pésta gedhèn, ngulemi para penggedhé lan para pegawéné kabèh. Tentara Pèrsia lan tentara Média iya padha teka ing pésta mau. Semono uga para gubernur lan kaum bangsawan propinsi.

4Sang Prabu nganakaké paméran, mamèraké kasugihané, kaéndahané sarta kaluhuraning kepraboné.

5Sawisé mengkono Sang Prabu nuli nganakaké pésta menèh kanggo rakyat ing Susan kabèh, wiwit sing sugih tekan sing miskin pisan. Pésta mau lawasé seminggu lan dianakaké ana ing kedhaton.

6Pekarangané kedhaton dihias nganggo gordhèn kain léna biru lan putih, ditalèni nganggo tali léna alus lan digandhulaké nganggo gelang-gelangan saka slaka ana ing cagak-cagak marmer. Ing ngisoré gordhèn-gordhèn mau didokoki dipan-dipan saka emas lan slaka, jrambahé dihias nganggo marmer putih, kristal abang, kerang mutiara sing mengkilap lan watu pirus biru.

7Anggur sing disuguhaké Sang Prabu lubèr-lubèr. Wadhahé tuwung emas sing rupané manéka-warna.

8Para tamu enggoné ngombé anggur ora diwatesi, lan iya ora dipeksa ngombé anggur. Sang Prabu ndhawuhi wong-wong sing ladèn, supaya saben tamu diladèni miturut kasenengané dhéwé-dhéwé.

9Sang Ratu Wasti uga nganakaké pésta dhéwé kanggo para putri ing kedhaton.

10Kecrita ing dina kapituné, sawisé Sang Prabu ngunjuk lan rena ing galih banjur nimbali abdi kedhaton pilihan pitu, yakuwi Mehuman, Bizta, Harbona, Bigta, Abagta, Zétar lan Karkas.

11Wong mau padha didhawuhi ngaturi Sang Ratu Wasti ngadhep Sang Prabu karo ngagem makutha kraton. Sang Ratu kuwi ayu banget lan Sang Prabu kepéngin mamèraké Sang Ratu mau marang para penggedhé lan tamuné kabèh.

12Nanging bareng para abdi mau ngaturaké dhawuhé Sang Prabu marang Ratu Wasti, panjenengané ora kersa ngadhep, mula Sang Prabu duka banget.

13Sang Prabu lumrahé mundhut panemuné para ahli ing bab-bab sing magepokan karo hukum lan ketertiban. Mulané banjur nimbali para penaséhat sing ngerti apa sing kudu ditindakaké.

14Para penaséhat sing kerep dhéwé ditimbali Sang Prabu yakuwi Karséna, Sétar, Admata, Tarsis, Mèrès, Marséna lan Memukan. Kuwi kabèh punggawa-punggawa Pèrsia lan Média sing dhuwur dhéwé pangkaté ana ing kratoné Sang Prabu.

15Sang Prabu ngandika marang wong pitu mau mengkéné, "Aku wis ngutus abdi-abdiku sowan Ratu Wasti dakdhawuhi rawuh. Nanging ora kersa. Manut prenatan aku kudu tumindak kepriyé?"

16Memukan banjur matur marang Sang Prabu lan para penggedhé mengkéné, "Tumindakipun Ratu Wasti ingkang mekaten menika mboten namung nyepèlèkaken Sang Prabu kémawon, nanging ugi dhateng para punggawa lan para abdi sedaya, malah dhateng saben tiyang jaler ing negari ngriki!

17Prekawisipun Ratu Wasti menika badhé kasumerepan déning tiyang èstri sedaya, temah lajeng sami badhé nyepèlèkaken sémahipun. Tiyang-tiyang èstri wau badhé mungel, bilih Sang Prabu sampun nimbali Ratu Wasti supados sowan, nanging Sang Ratu mboten kersa marek.

18Mila menawi para garwanipun pengageng ing Pèrsia lan Média sami mireng ingkang mekaten menika, temtu lajeng énggal-énggal badhé ngaturi pirsa dhateng kakungipun piyambak-piyambak. Wusana para garwa wau badhé mboten manut dhateng kakungipun lan para kakung lajeng badhé duka dhateng para garwa.

19Pramila saking pemanggih kula prayogi menawi Sang Ratu selaminipun dipun awisi marek. Putusan menika kadadosna undhang-undhang Pèrsia lan Média, supados mboten kénging dipun jabel malih. Sesampunipun menika Ratu Wasti kalèngsèra saking kalenggahanipun, sarta kalenggahan wau kaparingna dhateng tiyang sanès, ingkang langkung saé tinimbang piyambakipun.

20Menawi putusan panjenengan menika kawartosaken wradin sanegari sedaya, saben tiyang èstri temtu badhé ngurmati sémahipun, dadosa sugih utawi miskin."

21Usulé Memukan mau ditampi déning Sang Prabu lan para penggedhé kabèh, mulané banjur énggal dileksanani.

22Sang Prabu nuli ndhawuhaké marang propinsi-propinsi sanegara kabèh nganggo basa lan aksarané propinsi-propinsi mau dhéwé-dhéwé. Dhawuh mau surasané: Ing saben brayat, wong lanang kudu dadi kepala, sing wenang gawé putusan.



 <<  Ester 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel