Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 4 >> 

1Nalika krungu lelakon mau Mordekhai banjur nyuwèk sandhangané lan nganggo sandhangan bagor, kanggo nélakaké yèn atiné sedhih banget. Sirahé diwur-wuri awu, banjur mlaku sedalan-dalan karo nangis nggero-nggero.

2Tekan ngarep gapurané kedhaton Mordekhai mandheg, merga wong sing nganggo sandhangan bagor ora kena mlebu.

3Ing propinsi-propinsi wong Yahudi iya padha tangisan lan ngadhuh-adhuh sarta akèh sing padha nganggo sandhangan bagor, karo turon ing awu.

4Nalika abdi-abdi keputrèn lan punggawa kraton sing ngladèni Èster nyaritakaké lelakoné Mordekhai, Èster atiné sedhih banget. Mordekhai dikirimi sandhangan kanggo ngganti sandhangané bagor, nanging Mordekhai emoh nampani.

5Èster banjur nimbali Hatak, abdi sing ditugasaké déning Sang Prabu ngladèni Èster. Hatak diutus takon marang Mordekhai ana apa lan yagéné Mordekhai tumindak mengkono.

6Hatak banjur marani Mordekhai ing alun-alun, sacedhaké gapuraning kraton.

7Mordekhai nyaritakaké lelakon sing lagi dialami lan dhuwit slaka pira sing dijanjèkaké Haman arep disetoraké marang kas negara, sawisé wong Yahudi kabèh kelakon ditumpes.

8Hatak dikon maca turunané layang sing diserat déning Sang Prabu ing Susan, sing isi préntah numpes wong Yahudi kabèh. Hatak dikon nggawa layang mau menyang Èster lan awèh ketrangan pisan. Mordekhai uga njaluk supaya Èster ngadhep marang Sang Prabu nyuwun sih-kawelasan kanggo bangsané.

9Hatak banjur nemoni Èster lan ngaturaké apa sing dikandhakaké déning Mordekhai.

10Nanging Hatak dikon bali marang Mordekhai karo kandha mengkéné,

11"Saben wong, lanang apa wadon sing sowan Sang Prabu ing petamanan njero tanpa ditimbali, kudu diukum pati. Mengkono prenatané lan saben wong, wiwit saka penaséhaté Sang Prabu tekan rakyat ing propinsi-propinsi pisan padha ngerti. Mung ana saprekara sing bisa ngoncati prenatan mau, yakuwi samasa Sang Prabu ngathungaké tekené emas marang wong mau. Yèn kuwi kelakon, wong mau slamet. Nanging wis sesasi iki aku ora ditimbali Sang Prabu."

12Hatak nerusaké tembungé Èster mau marang Mordekhai.

13Mordekhai banjur weling marang Èster mengkéné, "Aja ngira yèn kowé luwih aman tinimbang wong Yahudi liyané, merga kowé manggon ana ing kedhaton!

14Wong Yahudi mesthi olèh pitulungan embuh kepriyé carané, nanging mesthi slamet. Nanging yèn ing kaanan sing mengkéné iki kowé meneng waé, kowé dhéwé bakal nemahi mati, semono uga brayaté bapakmu bakal katumpes. Sapa ngerti, yèn enggonmu dadi ratu kuwi supaya tumindak ing kaanan sing kaya mengkéné iki!"

15Mulané Èster banjur weling marang Mordekhai mengkéné,

16"Wong Yahudi sing ana ing Susan klumpukna kabèh supaya padha ndongakaké aku. Padha nglakonana pasa telung dina telung bengi. Aku lan para réwangku iya arep pasa. Sawisé mengkono aku dakngadhep ing ngarsané Sang Prabu, senajan srana mengkono aku nglanggar prenatané. Yèn aku pinesthi mati merga prekara iki, karebèn aku mati!"

17Mordekhai banjur lunga nindakaké welingé Èster.



 <<  Ester 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel