Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 4 >> 

1Bareng mungsuhé wong Yéhuda lan wong Bènyamin padha krungu yèn wong-wong sing bali saka pembuwangan padha mbangun Pedalemané Allah,

2banjur padha nemoni Zérubabel lan para penggedhéné kulawarga, tembungé, "Kula sami klilana tumut mbangun, margi kula inggih sami ngabekti dhateng Allah panjenengan, sami kados panjenengan. Kula inggih tansah sami nyaosaken kurban dhateng Allah wiwit jamanipun Ésar-Hadon, raja Asyur, ingkang mindhah kula mriki."

3Nanging Zérubabel, Yésua lan para penggedhéné kulawarga Israèl padha mangsuli mengkéné, "Pembanguning Pedalemanipun Allah menika sanès urusan kita sesarengan. Menika badhé kula garap piyambak kagem Pangéran, Allahipun Israèl, kados ingkang kadhawuhaken déning Korèsy, raja Pèrsia dhateng kula."

4Penduduk kono banjur gawé kendhoning semangaté wong ing Yéhuda. Wong-wong sing nyambut-gawé padha diwedèn-wedèni.

5Malah wiwit sugengé Korèsy nganti jamané Darius, raja Pèrsia, wong-wong padha nyogok para penaséhaté Sang Raja supaya ngalang-alangi niaté wong Yéhuda lan nggagalaké rancangané.

6Nalika Akhaswéros lagi waé jumeneng raja, penduduk kono padha ngaturaké layang marang Sang Raja, nggugat wong Yahudi sing padha manggon ing Yéhuda lan ing kutha Yérusalèm.

7Ing jamané Artahsasta jumeneng raja ing Pèrsia, wong-wong mau ngaturaké layang gugatan menèh. Layang kuwi ditulis déning Bislam, Mitredat lan Tabeèl sakancané, panulisé nganggo basa Aram, dilampiri salinané.

8Uga bupati Réhum lan Simsai, penulisé, padha ngaturaké layang marang Sang Raja Artahsasta, mengkéné,

9"Saking Rehum, bupati, lan Simsai, penulis, sarta para kanca-kancanipun, para hakim, para pegawé, tiyang Pèrsia, tiyang-tiyang saking Érèkh, saking Babil sarta saking Susan,

10inggih menika tiyang-tiyang Élam lan bangsa sanès-sanèsipun, ingkang déning Sang Raja Aspanar Agung ingkang minulya kapindhah lan kadhawuhan manggèn ing Samaria sarta ing tanah-tanah sakilènipun Bengawan Éfrat."

11Déné layang sing dikirimaké mau uniné mengkéné, "Konjuk ing ngarsanipun Sang Prabu Artahsasta, saking para kawulanipun, inggih menika tiyang-tiyang ingkang manggèn ing daérah sakilènipun Bengawan Éfrat.

12Ndadosna pamirsanipun Sang Prabu, bilih tiyang-tiyang Yahudi ingkang dhateng saking Babil sampun sami dumugi ing panggènan kawula, ing kitha Yérusalèm. Samenika saweg sami mbangun malih kitha ingkang ndhatengaken piawon menika. Sami mbangun témbok-témbokipun lan ndandosi pondhasinipun.

13Mugi ndadosna ing pamirsanipun Sang Prabu, bilih samasa kitha menika sampun dados, tiyang-tiyang menika mboten badhé mbayar paos, béya, menapa déné saos bulu-bekti malih, mila badhé ndadosaken kapitunanipun para raja.

14Samenika, ing sarèhné sesambetan kawula kaliyan Sang Prabu menika saé, sarta mboten remen ningali Sang Prabu kapitunan, mila prekawis menika kawula sumanggakaken ing panjenenganipun Sang Prabu,

15supados kawontenaken panitipriksa ing kitab riwayat kagunganipun para leluhuripun Sang Prabu. Saking kitab riwayat menika Sang Prabu badhé pirsa, bilih kitha menika kebak duraka; selaminipun tansah damel kapitunanipun para raja saha daérah-daérah sanèsipun. Tiyang-tiyang ing ngriku wiwit jaman rumiyin tansah sami mbaléla. Menika sebabipun kitha menika ngantos dipun gempur.

16Kawula namung ngaturi pirsa dhateng Sang Prabu, bilih samasa kitha menika sampun kabangun malih, sarta témbok-témbokipun sampun rampung, Sang Prabu badhé kécalan daérah-daérah sakilènipun Bengawan Éfrat."

17Sang Raja banjur paring wangsulan mengkéné, "Tumekaa marang Rehum, bupati lan Simsai, penulis sakanca-kancané, kang manggon ing Samaria lan ing daérah sakuloné Bengawan Éfrat. Salam!

18Layangmu diwacakaké marang aku lan aku wis ngerti surasané.

19Aku banjur ndhawuhaké supaya dianakaké panliti, lan ketitik yèn kutha mau wiwit biyèn tansah mbaléla marang raja-raja. Para wargané seneng gawé kisruh lan mbrontak.

20Pancèn biyèn ana raja-raja sing ngerèh Yérusalèm, lan mréntah daérah sakuloné Éfrat kabèh. Raja-raja mau padha disaosi pajeg, bulu-bekti lan béya.

21Mulané saiki préntahana supaya wong-wong mau padha lèrèna, aja nganti kutha mau dibangun menèh, nganti ana dhawuh saka aku.

22Dingati-ati aja nganti tlédhor. Aja nganti para raja saya wuwuh kapitunané; mula padha èstokna!"

23Sawisé salinané layang saka Raja Artahsasta mau diwacakaké marang Rehum lan Simsai, penulisé, sarta kanca-kancané, banjur énggal-énggal padha budhal menyang Yérusalèm, nemoni wong-wong Yahudi. Wong-wong mau dipeksa lèrèn enggoné nyambut-gawé.

24Wiwit wektu kuwi pegawéan mbangun Pedalemané Allah ing Yérusalèm banjur lèrèn, nganti taun kapindho jumenengé Darius, raja Pèrsia.



 <<  Ezra 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel