Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 5 >> 

1Nalika semono ana nabi loro, yakuwi Nabi Hagai lan Zakharia bin Idho, medhar wangsit atas asmané Allahé Israèl, marang wong-wong sing manggon ing Yéhuda lan ing Yérusalèm.

2Bareng Zérubabel bin Séaltièl lan Yésua bin Yozadak padha krungu pidhatoné nabi-nabi mau, banjur padha nerusaké mbangun Pedalemané Allah. Déné nabi loro mau iya padha mèlu mbiyantu.

3Ora antara suwé Tatnai, bupati daérah sabrangé Éfrat, bebarengan karo Syétar-Boznai lan kanca-kancané padha teka, sarta muni mengkéné, "Sapa sing préntah marang kowé mbangun Pedaleman iki lan ngrampungaké témboké?"

4Banjur muni menèh mengkéné, "Sapa jenengé wong sing padha ngedegaké bangunan iki?"

5Nanging Allah ngreksa marang para pemimpiné wong Yahudi, mula para pegawéné raja Pèrsia ora ndhawuhi lèrèn enggoné mbangun, nganti prekarané wis kalapuraké marang Raja Darius lan olèh wangsulan rupa layang keputusan.

6Turunané layang sing diaturaké déning Tatnai, bupati daérah sakuloné Bengawan Éfrat, bebarengan karo Syétar-Boznai lan kanca-kancané, marang Raja Darius mau uniné mengkéné,

7"Katur ing ngarsanipun Raja Darius. Salam kasugengan.

8Andadosna kauninganipun Sang Prabu, bilih nalika kawula dhateng daérah Yéhuda, Pedalemanipun Allah Ingkang Mahaluhur, menika saweg dipun bangun, migunakaken séla ageng-ageng sarta témbokipun kalapis mawi kajeng. Penggarapipun kanthi tlatos lan sampun kathah kemajenganipun.

9Kawula sami takèn dhateng para sesepuhipun mekaten, ‘Sapa sing préntah marang kowé mbangun Pedaleman iki lan ngrampungaké témboké?’

10Mekaten ugi kawula nakèkaken namanipun para pemimpinipun, supados saged kawula lapuraken dhateng Sang Prabu.

11Tiyang-tiyang wau sami mangsuli mekaten, ‘Kula menika sami para abdinipun Allah ingkang nitahaken langit lan bumi. Pedaleman menika sampun wonten pinten-pinten taun kepengker, kabangun lan karampungaken déning salah setunggaling raja agung ing Israèl.’

12Nanging sareng para leluhur kula sami damel dukanipun Allah, lajeng sami kaulungaken dhateng tanganipun Nebukadnésar, raja ing negari Babil; ingkang ngrisak Pedaleman menika bangsa Kasdim. Para leluhur kula lajeng dipun tawan sarta kapindhah dhateng Babil.

13Nanging ing taun kapisan jamanipun Korèsy jumeneng raja ing Babil, panjenenganipun paring dhawuh supados Pedalemanipun Allah menika kabangun malih.

14Mekaten ugi prabotipun Pedaleman menika rupi emas lan slaka ingkang kapundhut déning Sang Raja Nebukadnésar kabekta saking Yérusalèm dhateng Babil, kapasrahaken wangsul dhateng tiyang nama Sèsbazar, ingkang dipun angkat dados bupati,

15kanthi dhawuh mekaten, ‘Prabot iki gawanen lan dokokna ing Pedalemané Allah ing Yérusalèm, lan Pedalemané Allah karebèn dibangun ana ing tilas panggonané.’

16Sesampunipun menika Sèsbazar lajeng dhateng, masang pondhasinipun Pedalemanipun Allah ing Yérusalèm. Wiwit kala semanten ngantos dumugi samangké Pedalemanipun Allah menika kagarap, nanging dèrèng rampung!

17Pramila menawi Sang Prabu dhangan ing penggalih, mugi kawontenaken panliti ing gedhong kahartakanipun Sang Prabu ing Babil, menapa naté wonten dhawuh saking Raja Korèsy mbangun Pedalemanipun Allah wonten ing Yérusalèm wau. Sarta kawula mugi kaparingana pirsa kadospundi kersanipun Sang Prabu tumrap prekawis menika."



 <<  Ezra 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel