Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 8 >> 

1Iki daftaré para penggedhéné kulawarga sing padha mèlu budhal karo aku saka pembuwangan ing Babil, menyang Yérusalèm, jamané Artahsasta jumeneng raja.

2(8:2-14) Saka turuné Pinéhas: Gérsom; saka turuné Itamar: Dhanièl; saka turuné Dawud: Hatus bin Sekhanya; saka turuné Paros: Zakharia, lan bareng karo wong-wong kuwi ana wong satus sèket sing kecathet ana ing sarasilah. Saka turuné Pahat-Moab: Èlyoénai bin Zerahya, lan kejaba kuwi ana wong lanang rong atus. Saka turuné Zatu: Sekhanya bin Yahazièl lan bebarengan karo wong lanang telung atus; saka turuné Adin: Èbèd bin Yonatan lan karo wong lanang sèket; saka turuné Élam: Yésaya bin Atalya bareng karo wong lanang pitung puluh; saka turuné Séfaca: Zebaya bin Mikhaèl, bareng karo wong lanang wolung puluh; saka turuné Yoab: Obaja bin Yehièl, bebarengan karo wong lanang rong atus wolulas; saka turuné Bani: Sélomit bin Yosifya, bareng karo wong satus sewidak; saka turuné Bébai: Zakharia bin Bébai, bebarengan karo wong lanang wolulikur; saka turuné Azgad: Yohanan bin Hakatan, bareng karo wong lanang satus sepuluh; saka turuné Adonikam: sing tekané kèri, jeneng-jenengé Èlifèlèt, Yehièl lan Semaya, bareng karo wong lanang sewidak; saka turuné Bigwai: Utai lan Zabud bebarengan karo wong lanang pitung puluh.

3(8:2)

4(8:2)

5(8:2)

6(8:2)

7(8:2)

8(8:2)

9(8:2)

10(8:2)

11(8:2)

12(8:2)

13(8:2)

14(8:2)

15Wong mau padha dakklumpukaké ana ing pinggiré kali sing anjog ing kutha Ahawa, banjur padha masang kémah ana ing kono, suwéné telung dina. Bareng daktliti, ing antarané wong-wong mau akèh imamé, nanging ora ana wongé Lèwi.

16Mulané aku banjur kongkonan Élièzer, Arièl, Semaya, Èlnatan, Yarib, Èlnatan, Natan, Zakharia lan Mesulam, kabèh padha penggedhé, apa déné Yoyarib lan Èlnatan, para guru, padha dakkon nemoni Idho,

17penggedhéné kulawargané sing ana ing Kasifya kono. Idho lan sedulur-seduluré dakjaluki tulung nggolèkaké wong-wong Netinim, yakuwi tenaga kasar sing ngladèni ana ing Pedalemané Allah.

18Merga saka kamirahané Allah aku dikirimi wong-wong sing gathèkan, saka kulawargané Mahli, Sèrèbya saanak-anaké lan saseduluré, gunggung wong wolulas.

19Semono uga Hasabya lan Yésaya saka bani Mérari saanak-anaké lan sedulur-seduluré, gunggung wong rong puluh.

20Kejaba kuwi isih ana menèh wong 220, tenaga kasar turuné wong-wong sing biyèn déning Raja Dawud lan para pegawéné dipasrahaké marang wong-wong Lèwi kanggo ngladèni pegawéan ing Pedalemané Allah. Wong mau kabèh jenengé dicathet siji-siji.

21Aku banjur ngumumaké pasa ana ing pinggiré Kali Ahawa kono, supaya aku padha andhap-asor ana ing ngarsané Allah sarta nyuwun supaya laku kita dituntun sarta anak-anak dalah barang darbèk kita direksa déning Panjenengané.

22Awit aku isin nyuwun tentara utawa bala jaranan marang Sang Prabu kanggo ngreksa lan ngadhepi mungsuh-mungsuh ing sedalan-dalan. Merga aku wis matur marang Sang Prabu mengkéné, "Allah kawula ngayomi dhateng sedaya tiyang ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, nanging sakathahing tiyang ingkang nyingkur Panjenenganipun menika sami dipun lawan déning pangwaosipun lan bebendunipun."

23Mulané aku banjur padha pasa sarta nyenyuwun mengkono mau marang Allah kita. Mangka Panjenengané nyembadani apa kang daksuwun.

24Aku banjur milih saka antarané pengareping imam wong rolas, yakuwi Sèrèbya, Hasabya lan wong sepuluh liyané.

25Aku banjur nimbang slaka lan emas, sarta piranti-piranti kanggo Pedalemané Allah kita, saka Sang Prabu lan para penaséhaté sarta para punggawané, apa déné para wong Israèl sing ana ing kono. Barang-barang mau dakpasrahaké para imam, yakuwi:

26(8:26-27) slaka 22 ton, barang-barang saka slaka 70 kilogram, emas 3.400 kilogram, mangkok saka emas 8,4 kilogram, mangkok saka prunggu alus, sing regané padha karo mangkok sing kagawé saka emas, cacahé loro.

27(8:26)

28Tembungku karo wong-wong mau, "Kowé kuwi dadi wong sing dipilih déning Pangéran, Allahé para leluhurmu. Piranti iki kabèh dadi barang sengkeran sumaos marang Allah, merga barang-barang saka slaka lan emas iki pisungsung mana suka konjuk marang Pangéran, Allahé leluhurmu.

29Simpenen lan reksanen nganti tekan Pedalemané Allah lan timbangen ana ing ngarepé para pengareping imam, sarta wong-wong Lèwi lan para penggedhé kulawarga-kulawargané Israèl ana ing Yérusalèm, ing gedhong-gedhongé Pedalemané Allah."

30Para imam lan wong Lèwi banjur padha nampani slaka lan emas sarta piranti-piranti sing wis ketimbang mau, bakal kagawa menyang Yérusalèm, ing Pedalemané Allah kita.

31Sawisé mengkono banjur padha mangkat saka pinggiré Kali Ahawa, nalika sasi kapisan tanggal ping rolas, menyang Yérusalèm. Ing sadalan-dalan astané Allah ngayomi kita saka serangané mungsuh lan bégal.

32Satekané ing Yérusalèm kita banjur padha lèrèn ana ing kono telung dina.

33Ing dina kapaté slaka lan emas, sarta piranti-piranti mau banjur padha ditimbang ana ing Pedalemané Allah kita, kapasrahaké marang Imam Marémot bin Uria. Imam mau dibantu déning Èléazar bin Pinéhas lan wong Lèwi loro, yakuwi Yozabad bin Yésua lan Noaya bin Binui.

34Barang-barang kabèh mau diétung lan ditimbang menèh, sarta dicatheti.

35Wong-wong sing bali saka pembuwangan mau nuli padha saos kurban obongan konjuk marang Pangéran, Allahé Israèl, rupa: sapi 12 kanggo bangsa Israèl kabèh; wedhus gèmbèl lanang 96; cempé wedhus gèmbèl 77; wedhus jawa lanang minangka kurban pangruwating dosa 12; kabèh mau dadi kurban obongan konjuk marang Allah.

36Layang keputusané Sang Prabu iya banjur dipasrahaké para raja lan wakil-wakilé, yakuwi para bupati sing ngerèh daérah sakuloné Bengawan Éfrat. Wong-wong mau kabèh iya banjur padha mbantu apa sing dadi kekurangané umat lan Pedalemané Allah.



 <<  Ezra 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel