Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Filipi 2 >> 

1Kowé saiki dadi santosa rak merga tetunggilan karo Sang Kristus? Atimu kalipur rak merga saka katresnané Sang Kristus marang kowé? Kowé padha tresna-tinresnan lan padha seneng olah kawelasan rak merga saka Rohé Allah?

2Padha gawéa senengé atiku srana enggonmu padha sarujuk, tresna-tinresnan, tunggal ati lan karep.

3Aja ana sing seneng mburu kepentingané dhéwé, utawa golèk alem, nanging siji lan sijiné padha sing andhap-asor. Aja padha rumangsa luwih becik tinimbang karo wong liyané.

4Malah padha nggatèkna marang kepentingané liyan, aja mung kepentingané dhéwé.

5Sikapmu dikaya Gusti Yésus Kristus, yakuwi:

6Senajan Panjenengané kuwi sipat Allah, éwasemono ora tau kagungan sedya ngetingalaké sipat ka-Allahané.

7Malah saka kersané piyambak Panjenengané ngrucat kamulyané, sarta ngagem sipaté abdi. Panjenengané dadi padha karo manungsa, lan rawuh wujud manungsa.

8Panjenengané ngasoraké sarirané, sarta sumuyud marang Gusti Allah nganti dilakoni séda !!— yakuwi séda ana ing kayu salib.

9Mulané Panjenengané wis diluhuraké déning Gusti Allah ana ing papan sing dhuwur dhéwé, lan diparingi pangwasa sing ngungkuli sakèhing pangwasa.

10Supaya sakèhing titah sing ana ing swarga lan ing bumi, apa déné ing sangisoring bumi padha sujud.

11Lan ngakoni yèn Yésus Kristus kuwi Gusti, lan srana cara mengkono Gusti Allah, Sang Rama, kaluhuraké.

12Mulané para sedulur sing kinasih, kaya enggonmu tansah nurut karo aku nalika aku bebarengan karo kowé, luwih menèh saiki bareng aku adoh, padha saya nuruta. Tansah padha ngudia kasampurnaning keslametanmu klawan wedi lan geter,

13awit Gusti Allah tansah makarya ana ing kowé, supaya kowé duwéa kekarepan lan kabisan mbangun-turut marang apa sing dikersakaké.

14Samubarang kabèh lakonana tanpa nganggo nggrundel lan madoni.

15Supaya ana ing satengahing umat sing keblinger lan mursal, kowé padha dadi putrané Gusti Allah sing sampurna, resik lan tanpa cacad. Menawa martakaké Injil ana ing satengahé wong-wong mau,

16kowé padha sumunara kaya pepadhang sing madhangi bumi. Yèn kowé padha tumindak mengkono, ana beneré aku mongkog mbésuk samangsa Dinané Sang Kristus Yésus rawuh menèh, sebab bakal tetéla yèn sakèhé pangudiku lan pegawéanku mau ora muspra.

17Senajan bisa uga nyawaku dadi korban minangka pisungsung sing kokcaosaké marang Gusti Allah merga saka precayamu, aku bungah lan kowé kabèh bakal mèlu ngrasakaké kabungahanku.

18Mengkono uga kowé iya padha bungaha lan aku bakal mèlu ngrasakaké kabungahanmu.

19Aku precaya, yèn srana pitulungané Gusti Yésus, aku bakal énggal bisa kongkonan Timotius nekani kowé, supaya atiku bisa lejar, merga krungu kabar bab kaananmu.

20Mung Timotius sing bisa mèlu ngrasakaké bebarengan karo aku, lan sing pancèn mikiraké bab kaananmu.

21Sebab liyané mung padha mikiraké butuhé dhéwé sarta ora ana sing mikiraké kepentingané Sang Kristus Yésus.

22Lan kowé wis padha sumurup enggoné Timotius wis nuduhaké kasetyané lan wis ngréwangi aku nindakaké ayahaning Injil, ora béda karo anak sing ngréwangi bapakné.

23Iya Timotius kuwi sing tumuli bakal dakkongkon nekani kowé samangsa wis cetha kepriyé putusané prekaraku.

24Nanging aku precaya marang Gusti, yèn ora suwé menèh aku dhéwé iya bakal bisa niliki kowé.

25Dakrasa aku prelu kongkonan sedulur kita Épafroditus nekani kowé, kuwi sedulur sing wis ngréwangi aku lan nyambut-gawé bebarengan karo aku, sing kokkongkon nulungi aku.

26Dhèwèké kepéngin banget ketemu kowé kabèh, lan uga prihatin merga kowé padha krungu dhèwèké lara.

27Dhèwèké pancèn lara temenan, malah mèh mati. Nanging Gusti Allah paring kawelasan, ora mung marang dhèwèké, nanging uga marang aku, lan ngluwari aku supaya aja nganti ketaman kasusahan sing luwih gedhé menèh.

28Mulané dhèwèké dakkon énggal-énggal nemoni kowé, supaya kowé padha bungah samangsa weruh dhèwèké lan aku dhéwé iya banjur mari susahku.

29Mulané Épafroditus kuwi tampanana kaya sedulur ing patunggilané Gusti. Wong sing kaya Épafroditus kuwi padha ajènana.

30Merga nglabuhi pakaryané Sang Kristus, nganti mèh mati. Lan ngetohaké nyawané kanggo mitulungi aku, minangka wakilmu.



 <<  Filipi 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel