Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Galatia 1 >> 

1Layang saka Paulus, sing katimbalan dadi rasul ora déning manungsa utawa lantaran manungsa, nanging déning Gusti Yésus Kristus lan Allah Sang Rama, sing wis mungokaké Gusti Yésus Kristus saka ing séda.

2Sedulur-sedulur sing bebarengan karo aku uga padha mèlu kirim salam marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Galatia.

3Muga-muga kowé padha diparingi sih lan katentreman déning Gusti Allah, Sang Rama kita lan Gusti Yésus Kristus.

4Supaya kita padha luwar saka jaman sing kebak duraka iki, Sang Kristus wis ngurbanaké sarirané piyambak kanggo nebus dosa-dosa kita, krana enggoné ngèstokaké kersané Gusti Allah, Sang Rama kita.

5Pinujia, Allah kaluhurna ing selawasé! Amin.

6Aku gumun ngrasakaké kowé, déné kokgelis temen padha nyingkur Gusti Allah, sing wis nimbali kowé merga sih-rahmaté Sang Kristus; sarta kowé banjur padha kèlu marang "injil sing ora saka Gusti Allah".

7Satemené "injil liyané" mau ora ana. Enggonku kandha ana injil liyané mau, awit ana wong sing padha gawé bingungmu lan arep ngowahi Injilé Sang Kristus.

8Senajan aku dhéwé utawa malaékat ing swarga, yèn ngabaraké injil marang kowé sing béda karo Injil sing wis dakwartakaké, nampaa paukumané Gusti Allah!

9Biyèn aku wis kandha, lan saiki dakambali: Yèn ana wong ngabaraké injil marang kowé, sing béda karo Injil sing wis padha koktampa saka aku, wong kuwi tampaa paukumané Gusti Allah!

10Apa srana mengkono mau aku kaya-kaya nuruti karepé manungsa? Ora! Nanging aku manut kersané Gusti Allah. Apa aku golèk pengalemé manungsa? Saupama mengkono aku dudu abdiné Sang Kristus.

11Para sedulur, kowé padha dakkandhani, yèn Injil sing dakwartakaké kuwi dudu karangané manungsa.

12Ora daktampa saka manungsa, lan iya ora ana wong sing mulang bab Injil mau marang aku. Nanging Gusti Yésus Kristus piyambak sing ndhawuhaké Injil mau marang aku.

13Kowé rak wis padha krungu ta bab uripku biyèn. Aku dadi wong Yahudi sing tekun nglakoni saraking agama Yahudi. Semono uga kowé wis padha krungu enggonku nguya-uya pasamuwané Gusti Allah sakatogé, arep daksirnakaké.

14Ing bab nglakoni saraking agama Yahudi aku luwih maju ketimbang karo wong Yahudi liya-liyané. Ing bab netepi adat tata cara sing diwarisaké déning para leluhur, aku luwih keras tinimbang wong-wong mau.

15Nanging krana sihé, Gusti Allah wis milih aku sadurungé aku lair, lan nimbali aku supaya ngladosi Panjenengané.

16Nalika Gusti Allah kersa ngetingalaké Kang Putra marang aku, lan supaya aku ngabaraké Injil bab Sang Putra mau marang bangsa-bangsa sing durung padha wanuh karo Gusti Allah, aku ora njaluk pamrayogané sapa-sapa.

17Aku uga ora banjur lunga menyang kutha Yérusalèm, nemoni wong-wong sing wis padha katimbalan dadi rasul luwih dhisik ketimbang aku. Nanging aku malah banjur lunga menyang tanah Arab, lan bali menèh menyang kutha Damsyik.

18Bareng wis telung taun, aku lagi menyang kutha Yérusalèm nemoni Kéfas (Rasul Pétrus) golèk ketrangan, lan nginep ana ing omahé Kéfas mau lawasé rong minggu.

19Aku ora ketemu karo rasul-rasul liyané, kejaba Yakobus, sedhèrèké Gusti Yésus.

20Sing daktulis iki nyata. Aku ora ngapusi, lan Gusti Allah sing pirsa.

21Sawisé kuwi aku banjur menyang daérah-daérah ing tanah Siria lan tanah Kilikia.

22Nalika semana para warganing pasamuwan ing tanah Yudéa durung kenal karo aku.

23Ngertiné mung saka critané wong liya, yakuwi: "Wong sing biyèn nguya-uya kita, saiki malih nggelar piwulang, sing biyèn arep disirnakaké!"

24Mengkono wong-wong mau banjur padha ngluhuraké asmané Gusti Allah merga saka aku.



 <<  Galatia 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel