Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Galatia 6 >> 

1Para sedulurku, yèn ana wong sing konangan nglakoni keluputan, kowé sing katuntun déning Sang Roh Suci kudu nuntun wong mau supaya bali ngambah dalan sing bener, kanthi patrap sing sarèh. Jaganen awakmu dhéwé, supaya aja nganti kowé dhéwé uga kena ing panggodha.

2Padha ngréwangana nyangga momotané padha sedulur. Srana patrap mengkono kowé netepi angger-anggeré Sang Kristus.

3Yèn ana sing nganggep awaké dhéwé penting, mangka satemené ora, wong kuwi ngapusi awaké dhéwé.

4Saben wong mawasa kelakuané dhéwé. Yèn kelakuané becik, wong mau bisa mongkog tumrap apa sing wis ditindakaké, nanging aja nandhing-nandhingaké tumindaké mau karo penggawéné wong liya.

5Awit saben wong kudu nyangga momotané dhéwé-dhéwé.

6Wong sing nampa piwulang bab pangandikané Gusti Allah, kudu males kabecikan marang wong sing awèh piwulang mau.

7Aja ngapusi awakmu dhéwé. Gusti Allah ora kena digawé geguyon. Saben wong bakal ngundhuh apa sing disebar.

8Yèn sing disebar hawa-nepsuning daging, sing bakal diundhuh pati; nanging yèn sing disebar manut panuntuning Sang Roh Suci, bakal ngundhuh urip langgeng.

9Mulané kita aja padha bosen nindakaké kabecikan, sebab yèn kita ora kendho, bakal ana mangsané kita padha ngundhuh asilé.

10Mulané saben ana wewengan, ayo kita padha gawé becik marang wong kabèh, luwih-luwih marang sedulur-sedulur kita tunggal precaya.

11Coba setitèkna, layangku iki daktulis nganggo tanganku dhéwé.

12Wong-wong sing arep ngegung-egungaké awaké dhéwé, lan ngumukaké prekara-prekara tata lair, kuwi wong-wong sing arep meksa netaki kowé. Enggoné tumindak mengkono mau mung supaya ora dikuya-kuya wong Yahudi krana salibé Sang Kristus.

13Senajan padha nglakoni tetak, éwasemono wong-wong mau padha ora netepi Angger-anggering Torèt. Karepé arep netaki kowé kuwi mung supaya wong-wong mau bisa ngumukaké, yèn kowé uga ngugemi tata-cara sing ditetepaké déning Angger-anggering Torèt.

14Nanging tumraping aku, aku mung arep ngegung-egungaké Gusti Yésus sing séda kasalib. Merga saka salibé Gusti Yésus mau, jagad wis ora ana tegesé kanggoné aku, semono uga aku ya wis ora ana tegesé kanggoné jagad.

15Tetakan apa ora tetakan kuwi ora penting babar-pisan. Sing prelu yakuwi enggon kita dadi titah anyar.

16Lan wong kabèh sing uripé manut aturan iki, padha kaparingana katentreman lan sih-rahmat, semono uga umat kagungané Gusti Allah kabèh!

17Wusana, aja ana wong sing gawé susahku menèh, sebab tilasing tatu-tatu ing awakku mbuktèkaké yèn aku iki abdiné Sang Kristus.

18Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus kaparingna marang kowé kabèh! Amin. Saka aku, Paulus



 <<  Galatia 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel