Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Habakuk 3 >> 

1Nabi Habakuk ndedonga, surasané mengkéné:

2"Dhuh Allah, kawula sampun mireng bab pakaryan ingkang Paduka tindakaken, ngantos manah kawula kepranan sanget. Pakaryan kaélokan ing jaman kepengker menika mugi Paduka wontenaken malih ing jaman samenika. Ing salebeting duka, mugi kersaa ngèngeti kanthi kawelasan!"

3Gusti Allah rawuh menèh saka Édom. Kang Mahasuci rawuh menèh saka gunung-gunung ing Paran. Kamulyané nutupi sakèhé langit; lan bumi kebak pepujian kagem Panjenengané.

4Rawuhé ngagem cahya kaya cahyaning kilat; pepadhang nylorot saka astané, sing ngregem pangwasa.

5Pageblug ndhisiki tindaké lan pepati ngiringaké ing wingkingé.

6Menawa Panjengané mandheg, bumi banjur gonjing; para bangsa padha gemeter samasa dipandeng déning paningalé. Gunung-gunung sing wis ana wiwit kuna mula padha remuk, lan punthuk-punthuk sing selawasé ora tau gingsir saka panggonané padha ambles, nalika Panjenengané dhèk jaman kuna tindak miyos kono.

7Aku weruh wong Kusyan padha wedi, lan wong Midian padha gemeter.

8Menapa lèpèn-lèpèn menika ingkang ndhatengaken paukuman Paduka, dhuh Pangéran? Menapa seganten menika ingkang njalari Paduka duka? Paduka nitih méga; mendhunging prahara Paduka titihi minangka kréta, nalika Paduka ndhatengaken kemenangan dhateng umat kagungan Paduka.

9Gendhéwa Paduka sampun Paduka penthang, sampun Paduka pasangi panah. Bumi Paduka belah krana bledhèg.

10Samasa ningali Paduka, gunung-gunung lajeng sami gemeter, toya lajeng gumrojog kados kaesokaken saking langit. Toya ing sangandhapipun bumi lajeng nyuwanten gemuruh, sarta ombak-ombakipun mumbul ngantos inggil.

11Nalika panah Paduka kalepas ngedalaken sorot, sarta nalika tumbak Paduka cumlorot, surya lan rembulan sami kèndel ing papanipun.

12Kanthi duka Paduka tindak ndlajahi bumi, para bangsa sami Paduka iles-iles nandhang sangsara.

13Paduka miyos prelu mitulungi umat Paduka, sarta milujengaken Ratu pilihan Paduka. Para pengagengipun tiyang duraka sami Paduka remuk, lan para penganutipun Paduka awut-awut.

14Panah-panah Paduka nembus dhadhané komandhanipun tentara, nalika sami dhateng ngebyuk kados prahara ingkang badhé ngremuk kawula. Lan ing salebeting manah sami remen ningali kasisahan kawula, kados tiyang ingkang kalayan sidheman nindhes tiyang miskin.

15Seganten Paduka iles-iles mawi kapal-kapal ingkang Paduka titihi, ngantos toyanipun ingkang ngédab-édabi menika nglumpuk.

16Krungu swara kuwi mau kabèh aku ndhredheg, lambéku gemeter merga saka wedi. Awakku sekojur lemes, lan sikilku théklok ora bisa ngadeg. Éwasemono aku arep ngentèni kanthi ayem tekaning dina paukuman, sing ditekakaké déning Allah marang sakèhé wong sing padha nyerang marang bangsaku.

17Senajan wit anjir ora metokaké woh lan wit anggur semono uga, senajan wit zaitun ora ngasilaké lenga, sarta palemahan ora ngasilaké gandum, wedhus-wedhus ing kandhang padha mati, apa menèh kéwan ing kandhang wis entèk kabèh.

18Aku meksa bakal surak-surak lan bungah-bungah, merga Pangéran kuwi Allah lan Juru Slametku.

19Pangéran sing maringi kekuwatan marang aku. Sikilku digawé kukuh kaya sikiling menjangan, lan aku direksa keslametanku ana ing punthuk-punthuk.



 <<  Habakuk 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel