Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 12 >> 

1Ing wektu kuwi taler Éfraim tata-tata arep perang, banjur mangkat, nyabrang Kali Yardèn menyang Zafon. Kandhané karo Yéfta, "Yagéné kowé merangi bangsa Amon, kokora ngajak aku? Saiki kowé lan saisiné omahmu arep dakobong."

2Wangsulané Yéfta, "Wong Amon lan aku wong Giléad padha kerengan. Kowé wis padha dakundang, dakkon ngréwangi aku, nanging kowé padha ora teka.

3Dadi, bareng aku ngerti yèn kowé padha ora gelem ngréwangi aku, aku banjur tékad-tékadan nyerang wong Amon, lan Pangéran maringi kemenangan. Yagéné saiki kowé mréné arep nyerang aku?"

4Yéfta banjur nglumpukaké wong Giléad kabèh, banjur nyerang wong Éfraim, nganti wong Éfraim mau kalah. (Wong Giléad sing padha manggon ing tanah Éfraim lan Manasyè didakwa déning wong Éfraim wis ninggal taler Éfraim.)

5Wong Giléad sing padha perang mau ngebroki papan-papan sabrangan ing Kali Yardèn, sarta nyegat wong Éfraim sing keplayu. Angger ana wong Éfraim sing keplayu arep nyabrang, banjur ditakoni déning wong Giléad, "Apa kowé wong Éfraim?" Wangsulané mesthi "dudu".

6Mulané wong mau banjur dikon muni, "Sibolèt". Wong mau mesthi muni, "Sibolèt," merga ora bisa ngucapaké tembung mau sing sabeneré. Wong mau mesthi banjur di cekel lan dipatèni ing sabrangan kono. Wong Éfraim sing dipatèni ing wektu semana cacahé patang puluh loro èwu.

7Yéfta enggoné mimpin wong Israèl nem taun, banjur tinggal-donya lan dikubur ing désané, ing tanah Giléad.

8Sapungkuré Yéfta, umat Israèl dipimpin déning Èbsan saka Bètléhèm.

9Èbsan duwé anak lanang telung puluh lan anak wadon telung puluh. Anak-anaké wadon dijodhokaké karo wong lanang saka taler liya; kosokbaliné dhèwèké njupuk prawan saka taler liya dijodhokaké karo anak-anaké lanang. Èbsan enggoné mimpin Israèl lawasé pitung taun,

10banjur tinggal-donya lan dikubur ing Bètléhèm.

11Sapungkuré Èbsan, umat Israèl dipimpin déning Élon, saka taler Zébulon, suwéné sepuluh taun.

12Sawisé mengkono Élon tinggal-donya lan dikubur ing Ayalon, ing daérah Zébulon.

13Sawisé Élon, umat Israèl dipimpin déning Abdon, anaké Hilèl, saka Piraton.

14Anaké lanang patang puluh, putuné lanang telung puluh. Anak-anak lan putu-putuné mau padha duwé kuldi tunggangan dhéwé-dhéwé. Abdon dadi pemimpiné umat Israèl suwéné wolung taun.

15Abdon banjur tinggal-donya lan dikubur ing Piraton, ing wilayahé Éfraim, yakuwi ing daérah pegunungané wong Amalèk.



 <<  Hakim-hakim 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel