Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 14 >> 

1Kacrita ing sawijining dina Simson lunga menyang Timnat. Ing kana weruh bocah wadon Filistin,

2banjur bali matur karo bapak lan ibuné, "Kula sir kaliyan laré èstri Filistin ing Timnat. Bapak kaliyan ibu kula aturi nakèkaken laré menika."

3Nanging bapak lan ibuné mangsuli, "Yagéné aku lan ibumu kokkon nakokaké bocah wadon Filistin sing ora nunggal bangsa karo kita? Apa ing antarané sedulur-sedulur kita dhéwé lan ing antarané bangsa kita ora ana bocah wadon sing pantes kokpèk bojo?" Aturé Simson, "Kadospundi malih, kula sampun kadhung kepéncut dhateng laré èstri Filistin menika. Mila bapak kula suwun nakèkaken."

4Wong tuwané Simson ora ngerti yèn niaté Simson kuwi saka kersané Pangéran, supaya ana dhadhakan kanggo merangi wong Filistin. Ing wektu semana wong Israèl dijajah déning wong Filistin.

5Simson banjur mangkat menyang Timnat, bebarengan karo bapak lan ibuné. Nalika lakuné tekan ing kebon anggur ing Timnat, Simson krungu panggeroné singa nom.

6Dumadakan Simson kaparingan Rohé Pangéran, temah tanpa gegaman singané disuwèk-suwèk kaya wong nyuwèk-nyuwèk cempé waé. Bab kuwi mau ora dicritakaké karo bapak lan ibuné.

7Sawisé mengkono Simson banjur marani dhemenané diajak ngobrol, merga seneng karo bocah mau.

8Sawisé sawetara mangsa Simson mrono menèh arep ngresmèkaké kawiné. Nalika mangkaté mrono, Simson nyimpang dalan, arep ndeleng bathangé singa sing biyèn dipatèni. Satekané ing kono weruh bathang mau dienggo omah tawon lan ana maduné.

9Madu mau dikeruk nganggo tangané, nuli nerusaké lakuné karo mangan maduné. Bapak lan ibuné iya dicaosi madu mau sarta padha dipangan, nanging padha ora ngerti, yèn madu mau olèhé njupuk saka bathang singa.

10Sawisé bapak lan ibuné nakokaké bocahé wadon, Simson banjur nganakaké pésta, kaya adaté wong-wong nom ing kono.

11Bareng wong Filistin weruh Simson, banjur kongkonan wong nom-nom telung puluh dikon ngawasi.

12Simson kandha karo wong nom-nom mau, "Aku duwé cangkriman, bedhèken. Yèn kowé bisa mbedhèk, bakal dakwènèhi setèlan léna sing apik banget, saben wong siji sasetèl. Kowé dakwènèhi wektu pitung dina, dadi tekan sarampungé pésta iki, kanggo mbedhèk cangkrimanku.

13Nanging yèn kowé ora bisa mbedhèk, kowé siji-siji kudu mènèhi aku setèlan sing apik." Wangsulané para nonoman Filistin mau, "Ya saguh. Kandhakna cangkrimanmu."

14Simson banjur ngandhakaké cangkrimané, "Sing mangan metokaké barang sing dipangan; sing rosa, metokaké barang sing legi." Sawisé kelakon telung dina, para nonoman Filistin mau durung bisa mbedhèk cangkrimané.

15Mulané ing dina ping paté para nonoman mau banjur marani bojoné Simson, kandhané, "Simson bujuken supaya ngandhakaké bedhèkané cangkrimané. Yèn ora, kowé lan saisiné omahé bapakmu bakal dakobong kabèh. Apa preluné ngulemi aku mréné, rak mung arep mblèjèdi aku?"

16Bojoné Simson banjur nemoni sing lanang karo nangis, tembungé, "Saiki aku ngerti yèn kowé ora tresna karo aku. Yagéné kowé awèh cangkriman karo kanca-kancaku, nanging ora ngandhakaké bedhèkané karo aku? Kuwi mesthi merga kowé ora tresna karo aku!" Wangsulané Simson, "Rungokna! Bapak lan ibuku dhéwé ora dakkandhani. Yagéné aku kudu ngandhakaké karo kowé?"

17Pitung dina lawasé bojoné Simson mau terus nangis waé. Sarèhné ngrèngèk terus-terusan, ing dina kapituné Simson banjur ngandhakaké marang bojoné bab bedhèkané cangkrimané. Lan wong wadon mau banjur gentèn nyritakaké marang wong-wong Filistin.

18Mulané, ing dina kapitu, sadurungé Simson mapan turu, wong Filistin mau padha kandha karo dhèwèké. "Apa ana sing luwih legi ketimbang karo madu, lan apa ana sing luwih rosa ketimbang karo singa?" Wangsulané Simson, "Yèn kowé ora mluku nganggo pedhètku, masa kowé bisa mbedhèk cangkriman kuwi!"

19Dumadakan Simson kaparingan pangwasané Allah, banjur lunga menyang Askelon. Ana ing kana Simson matèni wong lanang telung puluh sing padha nganggo sandhangan apik banget. Sandhangané wong-wong mau dijupuk lan diwènèhaké marang wong telung puluh, sing padha mbedhèk cangkrimané. Simson banjur mulih, atiné mangkel banget.

20Bojoné Simson diwènèhaké déning bapakné marang wong lanang sing dadi pengiringé Simson nalika kawiné.



 <<  Hakim-hakim 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel