Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 15 >> 

1Ora wetara suwé, mbeneri mangsa panèn gandum, Simson tilik bojoné karo nggawa cempé. Kandhané Simson marang maratuwané, "Kula badhé kepanggih kaliyan sémah kula." Nanging maratuwané ora ngidini.

2Tembungé, "Daksengguh kowé wis ora seneng, mulané banjur dakwènèhaké kancamu. Kowé ngepèka adhiné waé, kuwi rak luwih ayu."

3Wangsulané Simson, "Sepisan iki aku ora keluputan karo wong Filistin."

4Simson banjur lunga golèk asu ajag, olèh telung atus. Buntuté asu ajag mau nuli ditalèni ngloro-ngloro; ing tengahé tali mau diwènèhi obor.

5Oboré banjur disumed lan asu-asuné digusah menyang sawah-sawahé wong Filistin. Gandum sing ana ing sawah kono padha kobong kabèh, mengkono uga wit-wit anggur sing ana ing kebon.

6Wong-wong Filistin padha nggolèki sapa sing tumindak mengkono mau. Ana wong sing kandha, yèn sing tumindak mengkono mau Simson, merga bojoné diwènèhaké déning bapakné maratuwa marang wong liya. Wong Filistin nuli padha ngobong wong wadon mau apa déné saisiné omahé bapakné nganti ludhes.

7Simson gentèn ngancam wong Filistin mengkéné, "O mengkono tumindakmu. Aku sumpah ora arep lèrèn males penggawému marang aku!"

8Simson banjur ngamuk sarta matèni wong Filistin pirang-pirang. Sawisé mengkono Simson nuli manggon ana ing guwa, ing gunung watu sacedhaké Étam.

9Wong Filistin banjur padha nyerang tanah Yéhuda.

10Wong-wong Yéhuda padha takon marang wong Filistin, "Yagéné kowé padha nyerang aku?" Wangsulané, "Tekaku arep nyekel Simson, dhèwèké arep dakwales kaya enggoné tumindak marang aku."

11Krungu kandhané wong Filistin mau wong Yéhuda telung èwu banjur mangkat menyang guwa ing gunung watu cedhaké Étam. Bareng ketemu karo Simson, banjur padha muni mengkéné, "Menapa panjenengan mboten pirsa bilih kita menika dipun jajah déning tiyang Filistin? Kénging menapa panjenengan tumindak ingkang kados mekaten?" Wangsulané Simson, "Aku mung males penggawéné wong Filistin marang aku."

12Wangsulané wong-wong Yéhuda, "Dhateng kula mriki badhé mbanda panjenengan lan masrahaken panjenengan dhateng tiyang Filistin." Wangsulané Simson, "Padha janjia yèn kowé ora bakal matèni aku!"

13Wangsulané wong Yudéa, "Inggih, kula janji. Pancèn pikajeng kula namung badhé mbanda panjenengan lan masrahaken dhateng tiyang Filistin, mboten badhé mejahi panjenengan." Simson banjur dibanda nganggo dhadhung anyar lan digawa metu saka guwa kono.

14Satekané ing Lèhi wong-wong Filistin padha methukaké karo surak-surak. Dumadakan Simson kaparingan Rohé Pangéran, banjur dadi rosa banget. Dhadhung sing dienggo mbanda tangané dipedhot presasat benang kobong ing geni.

15Kebeneran Simson nemu balung uwangé kuldi sing isih anyar. Balung mau dijupuk, banjur digawé ngantemi wong Filistin, nganti wong sèwu sing mati.

16Simson banjur ngidung mengkéné: "Srana uwanging kuldi, bangsa (sing kaya) kuldi iki dakajar; srana uwanging kuldi wong sèwu dakgecak mati."

17Sawisé ngidung mengkono mau, balungé kuldi nuli dibuwang. Mulané panggonan kono dijenengaké: Ramat-Lèkhi.

18Simson krasa ngelak banget nganti sesambat marang Pangéran, aturé, "Dhuh Pangéran, nembé kémawon Paduka paring kemenangan dhateng kawula. Menapa samenika kawula kedah pejah kasatan lan dhawah ing tanganipun tiyang-tiyang ingkang mboten tepang kaliyan Paduka menika?"

19Gusti Allah banjur gawé bengkahé watu ing panggonan kono, nuli metu banyuné. Simson banjur ngombé, awaké dadi seger menèh. Mulané sendhang mau disebut Hakor. Sendhang mau isih tekan sepréné.

20Rong puluh taun suwéné Simson mimpin wong Israèl nalika Israèl dijajah déning wong Filistin.



 <<  Hakim-hakim 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel